TINGKAT PENARASIAN
Dari
Novel yang berjudul
EMPRIT ABUNTUT BEDHUG
Novel
Karya : Suparto Brata
Dialog
1 :
Narator
– Jarot : kamas tindak sekalian napa mbok, kok sepi?
Naratie
– Abdine wadon : o, Den Jarot. Mangke yen mboten kantos di pun aturi dhahar rumiyin.
Dialog
2 :
Narator
– jarot : kamas tindak sekalian ta, mbok?
Naratie
– Abdine wadon : napa Den?
Dialog
3 :
Naratie
– Jarot : kamas tindak?
Narator
– Abdine wadon : o, wonten. Pancen keng mbakyu wau ngengehake bandeng istimewa
kagem panjenengan, kok, ngendikanipun. (wangsulane ra gathuk karo pitakone)
Dialog
4 :
Narator
– Jarot : cak, teng Seksi Tiga kalih rupiyah, nggih?
Naratie
– tukang becak : seringgit Mas.
Dialog
5 :
Naratie
– Inspektur Indra : Dhik Handaka ana Surabaya kene rak pinuju ora di sambat
pulisi, ta?
Narator
– Handaka : Ah ora. Panji klanthung kok aku mono. Pengangguran. Nyang Surabaya
ya tilik-tilik kanca. Duwene kanca pulisi, ya kumpul- kumpul karo pulisi, e..
sapa ngerti, pulisi ya bisa aweh pegawean. La ana gawean apa?
Naratie
– Inspektur Indra : aku lagi ngurus rajakaya ilang iki, nanging dakkira gampang
wae barange genah rajakaya, gedhe-gedhe
gek ora umum, mesty gampang olehe golekki. Dakkira ora perlu pembantu.
Narator
– Handaka : la ya ora dadi ngapa. Aku ya mung kluyar-kluyur, kok. Mengko yen
wis bosen neng Surabaya rak mulih menyang Sala dhewe. Kabare omah angker ing
pasar kembang sing nuwuhake rajapati manten anyar kae, priye? Apa setan tenan
sing mrejaya? Apa durjana lugu memba-memba dadi dhemit?
Naratie
– Inspektur Indra : ah, kabar kuwi ya tekan Sala, ta? Seprene durung ana
kawusanane, durung kawiyak, nanging iki dudu kekuwasaanku, dadi ya embuh
tutuge. Aku krungu kabar jere wis ana sing di tangkepi, antara liya maratuwane
si manten lanang. Tionghoa sing mabngun omah setan iku.
Dialog
6 :
Narator
– Pulisi piket : wonten tamu wigatos menika, Pak?
Naratie
– Inspektur Indra : heh tamu wigati apa?
Dialog
7 :
Naratie
– pulisi piket : mbekta prakawis wados, menika cariyosipun.
Narator
– inspektur Indra : prekara? Lah, prekara wadi apa? Lha mbok di urus dhewe apa
ora bisa, ta? Ngene iki lho Dhik. Gampange wong ngarani prekara wigati, prekara
wadi, prekara nyalawadi. Prekara apa, coba ladekna mrene! Prekara wadi, huh!
Dialog
8 :
Naratie
– Inspektur Indra : napa, prekara sampeyan sing wadi niku? Napa?
Narator
– Jarot : anu, Pak. Kula maggih kanthong menika. Wonten praliman Blawuran
mrika. Anu, kula wau sonten wanci surup. Sarehne sing gadhah mboten wantun
ingkang ngaku, kula lajeng kumawantun ndhudhah isinipun.
Naratie
– Inspektur Indra : nah, enggih. Mang ndhudhah isine, terus mang pek artane,
nggih ta?
Narator
– Jarot : anu pak, mboten ngaten. Sanes arta. Nanging manika....! pareng kula
dhudhah kula edalake Pak?
Naratie
– Inspektur Indra : enggih, enggih. Kok sajak wedi timen, isine napa? Kula
selak kepengin semerap!
Dialog
9 :
Narator
– Inspektur Indra : hah, sampeyan mboten goroh?
Naratie
– Jarot : mboten, Pak. Yektos mboten.
Dialog
10 :
Narator
– inspektur Indra : seksi- seksine yen sampeyan manggih niku teng tengah margi ngisor
jam praliman Blawuran, sinten?
Naratie
– Jarot : mboten wonten Pak.
Naratie
– Inspektur Indra : mongsok praliman Blawuran wektu niku sepi mboten enten
tiyang?
Narator
– Jarot : lo, inggih wonten. Nanging anu, mboten saged kula tuding dados seksi.
Wong mboten wonten ingkang kula tepangi niku.
Narator – Inspektur Indra : lha sing gadhah? Mongsok
mboten adu ajeng kalih sampeyan?
Naratie
– Jarot : larene mboten purun ngaken niku, Pak. Larene ayu rok kuning....
Naratie
– Inspektur Indra : kok ayune, wong ayu teng Surabaya sadhabreg.
Narator
– Jarot : anu Pak, kajeng kula. Larene lajeng mlajeng nggenjrit. Kula acungi
kanthong niki, nampik.
Naratie
– Inspektur Indra : nampik? Hah mesthi wae nampik! Ning sampeyan saged niteni
larene niku, rak nggih, ta?
Narator
– Jarot : la enggih menika, Pak. Kula mboten nyetitekaken. Namung larenipun
ayu..., anu rok kuning, eh, jene. Sepeedhahipun tanpa lampu, menika kula
titeni. Piyambakipun kesesa, sajak kepengin selak mlajeng kemawon.
Narator
– Inspektur Indra : goroh! Ampun ngarang crita.
Naratie
– Jarot : saestu, Pak.
Narator
– Inspektur Indra : mokal niku. Pun ngaku mawon. King pundi sampeyan angsal
tangan niku? Tiyange mang aniaya teng pundi? Ngaku!
Naratie
– Jarot : leres, Pak. Kula mboten damel crita mokal.
Dialog
11 :
Narator
– Inspektur Indra : priye, Dhik Handaka, pamrayogamu? Wong iki kudu di tahan,
rak iya, ta?
Naratie
– Handaka : yen aku lho mas...yen aku sing ngurus prekara iki, dheweke
dakbebasake wae.
Naratie
– Inspektur Indra : heh!? Apa?? Dadi kowe percaya marang crita umuk kuwi?
Narator
– Handaka : lha iya ngono, Mas. Apa ya ana wong culika pasrah bongkokan?
Narator
– Inspektur Indra : heh, wong kaculikan jaman saiki, jare! Maling bisa wae
slinthutan ana ngarep kacamatane pulisi! Priye, kowe ki? Kowe kelingan
prekarane Inspektur gadhungan Simbarga? Dheweke nyandhang cara pulisi, pangkat
Inspektur, kathik nyentak-nyentak bawahan- bawahan punggawa pulisi tenan!
Simbarga iku pencoleng, lo....!
Naratie
– Handaka : ora ngono, Mas. Sing dakkarepake iku, yen wong iki di tahan, wong
bukti kaculikane durung ana. Yen mung di
urus cara ngene wae, dakkira durung bisa kabukten kepriye sipat kadurjanane,
lan sapa durjanane. Wong iki bisa uga kandha bares, lan yen mengkono tenan, sajrone
kita methentheng nerka wong iki, kadurjane utawa panganiayan di tutugake terus.
Kliru pambrastha kita!
Narator
– Inspektur Indra : bingung aku bingung. Prekara sing siji durung rampung,
sijine wis nusul, heh Dhik! Dhik Handaka ora kesusu kondur menyang Sala, ta? Daksambati
ngurus prekara iki piye? Kene ora ana wong kang wasis, dakkandhani! Lan prekara
iki isih anyar gres, lo.. kowe nyekseni kabeh wiwit wiwitane.
Naratie
– Handaka : lha nanging priye pikirane pambantu panjenengan?
Naratie
– Inspektur Indra : pembantuku? Lah wong kene iki wis ak\ngel di pitaya.
Narator
– Handaka : la iya ta, yen mengkono, aku saguh-saguh wae, nanging bantuan saka
panjenengan iya tetep dakarep-arep.
Naratie
– Inspektur Indra : wis ta, aja kawatir. Bab honorarium mesthi ana! Aku ngerti.
Narator
– Handaka : sing baku bantuan kapercayan, Mas. Panjenengan kudu percaya marang
caraku nyambut gawe.
Naratie
– Inspektur Indra : iya ..iya. apa butuhmu tak bantu.
Narator
– Handaka : aku nyuwun pulisi saregu sing gampang di ajak playon ngetutake
langkahku, playon cara terang-terangan apa dene sesidheman samudana.
Naratie
– Inspektur Indra : kanggo ngurus tangan putung iki perlu pulisi saregu? Kanggo
apa wae?
Narator
– Handaka : ya ngono iku cara nyambut gaweku. Panjenengan kari kersa percaya
apa ora karo cara lan tumindakku.
Narator
– Inspektur Indra : ya ya ya. Aku pancen durung tau nymbut gawe bareng kowe,
nanging reputasimu, cara lan tumindakmu kang nyleneh mbengkas karya kadurjanan,
aku wis krungu. Kowe misuwur tenan. Hmm! Aku wis wegah kakehan gawean lan ora
ana pembantu kang mingsra. Yen wis ana selane ngono aku arep nyuwun cuti ka
telung sasi ngono, leren menyang desa. Kapan wiwitanmu nyambutgawe?
Naratie
– Handaka : saiki.
Dialog
12 :
Narator
– Handaka : asmane sapa, Dhik?
Naratie
– Jarot : Jarot, Mas.
Narator
– Handaka : coba pikiren. Apa kowe ora nengeri salah sijine? Saya akeh sing kok
tengeri saya apik. Wong sing kira-kira gampang golekane kanggo seksi. Wong
dodol rokok ing sacedhake kono, umpamane. Utawa wong cacad sing lagi mandheng
ing bunderan slira-slirine tetumpakan.
Naratie – Jarot : oh, enggih wonten, Pak, anu,
Mas. Si Apip, kanca kula. Kula saweg ketheker-ketheker nangekaken sepedhah,
Apip langkung lan aruh-aruh kula. Kula semerap griyanipun.
Narator
– Handaka : la, ngono. Ayo, saiki di parani.
Naratie
– Jarot : samenika?
Narator
– Handaka : la iya saiki, kapan maneh? Apa suk bubar riyaya? Nanging mengko
ndisik. Ayo padha di waspadakake tangan ing kanthong iku. Kowe ora gigu, ta?
Dialog
13 :
Narator
– Inspektur Indra : sapa sing tugas mobil ?
Naratie
– pulisi piket : sersan Dulmajid, Pak. Mawi jip wilis.
Narator
– kandanana, dheweke kudu ngeterake Detektip Hndaka iki. Lan sajrone piket
bengi iki Sersan Dulmajid dadi klerehane Detektip iki, ngerti?
Naratie
– pulisi piket : sendika, Pak?
Dialog
14 :
Naratie
– Inspektur Indra : butuh apa maneh Dhik ?
Narator
– Handaka : dakkira cukup samene dhisik.
Naratie
– Inspektur Indra : yen butuh apa-apa, menyanga mrene. Seksi iki anggonen
kantor. Sesuk-esuk, aku dhines ana kantor kene, kowe bisa ketemu aku.
Dialog
15 :
Naratie
– Apip : yok apa, Rot, kabare awak pena? Suwi ya awake dhewe iki padha- padha
gak cethukan? Ah iya. Yok apa pena mau, sepedhahan kathik nubras-nubras?
Narator
– Jarot : ah koen iku, Pip. Gak ngrasakna repote uwong! Anu, Pip. Ana gawene
aku mrene iki. Koen eling tenan, se, aku srempetan sepedhah maeng?
Naratie
– Apip : jelas! Koen ngalmun ruh arek ayu, nggak?
Narator
– Jarot : nah iku, aku perlu seksi, Pip. Seksi lek aku tiba srempetan ndhuk
tengahe praliman Blawuran ngisor jam lonceng.
Naratie
– Apip : koèn iku aneh- aneh aè. Ngono aè perlu seksi, Rot! Apa sè?
Narator
–Jarot : ngene ie, Pip. Ndhuk kana maeng aku nemu kanthong. Dakkira aè,
kanthong iku duweke arek klambi koning sing nyrempet sepedhahku maeng
Narator
– Apip : la rak enak, nemu barange arek ayu? Kena gaè tandha mata.
Naratie
– Jarot : tandha mata gondhulmu iku! Koèn iku pancet aè ndlodogmu, Pip-Apip!
Ngene , lè, Pip. Kanthong iku ya daktemu, dakgawa, terus katene dak balekna
marang sing duwe. Gagean dakathungake marang arek wedok klambi koning maeng.
Ngono karepku.
Narator
– Apip : Apa mug karep? Gak koktindakna, gak kok balekna mesisan?
Naratie
– Jarot : uwis Pip! Uwis! Tapine nggak gelem iku areke.
Naratie
– Apip : ya bejamu lek ngono, peken aè.
Narator
– Jarot : ook. Koèn iku! Katene mbantah aè!koèn gak ngerti , njerone kanthong
iku....
Dialog
16 :
Naratie
– Handaka : nanging rak, bener, ta, dheweke tabrakan?
Narator
– Apip : srempetan, Mas. Srempetan terus dhawah. Lak ngono tah Rot ?
Narator
– Handaka : iya la anu. Apa sakirane Dhik Apip ora tepug maneh karo wong-wong
ing sakupenge nggon srempetan mau, sing kena di gawe seksi bab srempetan iki
mau?
Naratie
– Apip : lo, ha anu ta Mas. Tiyang estri sing srempetan kalih Jarot wau, rak Bu
Erawati, Guru SGKP?
Naratie
– Handaka : hèh, kowe tepung?
Narator
– Apip : lo, yok apa sè, Rot? Koèn iku nglamun temen tah/ mongsok gak kenal
mbarek Erawati? Koran iku apa wae sing kok waca? Majalah-majalah terbitan
Surabayatas iki lah macakterus-terusan bab arek ayu iku, Rot. Tontoken ndhuk ‘
Arek Surabaya ‘ nomer rong minggu apa telung minggu kepongkur. Di tolis
pendheke, mbarek omahe mbarang.
Dialog
15 :
Naratie
– Jarot : tenan tah? Arek klambi koning iku si sapa?
Narator
– Apip : iya! Ratu luwes dheweke iku, Rot! Aku nontok dhek di nobatna ndhuk Balai
Pemuda biyen ika. Sik tah, dak tilikane majalah ‘Arek Surabaya’. Lek gak di
buwangi arek-arek esik nyimpen kok. Omah kene.
Dialog
16 :
Narator
– Handaka : sing perlu omahe! Ngendi omahe? Di sebutakake ora dening wartawane
‘ Arek Surabaya ‘?
Naratie
– Apip : wonten kok, sek nggih,
Naratie
– Apip : nah niki,
Dialog
17 :
Narator
– Handaka : wis aja kesuwen Dhik Jarot, eling-elingen alamt iku. Lan terus ayo
kene terus mrana. Maturnuwun , Dhik Apip. Mengko yen prelu maneh, aku bali
mrene.
Naratie
– Apip : oo.. nggih, kula bantu,
Dialog
18 :
Narator
– Apip : muga-muga ae, Rot, prekaramu enggal beres. Mik ali-ali thok aa, ngguk
tas iku? Gak ono isine liya maneh?
Naratie
– Jarot : ana Pip, koen iku gak ngerti!
Dialog
19 :
Naratie
– Jarot : sara, Pip! Gak ngira aku! Permulaan Cuma srempetan le. Nandakna
kedibelan prakara kaya ngene! Mbok.
Narator
– Apip : yaiku beke, sing jare wong tuwa-tuwa paribasane emprit abunthut
bedhug. Prakara sing ndhisike sepele, gak ngerti- ngertia mburi-mburine dadi
prekara nggedibel arat-arat. Slameta ae, awakmu Rot!
Naratie
– Jarot : koen durung ngerti Pip. Isine kanthong iku gak ming ali-ali emas
thok, tapi...
Dialog
20 :
Narator
– Handaka : Dhik Jarot menika wau srempetan sepedhah kaliyan sawenehe tiyang
estri.
Naratie
– Erawati : oo.. wonten Pundi?
Narator
– Handaka : wonten Blawuran, praliman ngandhap lonceng.
Naratie
– Erawati : Ahh...
Dialog
21 :
Narator
– Handaka : kira- kira jam pira Dhik?
Naratie
– Jarot : jam enem. Serap jam enem.
Dialog
22 :
Naratie
– Erawati : jam enem? Mangke gek kula?
Narator
– Handaka : nah.. menawi mekaten sampun cocog menika. Anu , jeng Era. Asma
penjenengan Erawati, rak inggih ta?
Naratie
– Erawati : ngertos saking majlah inggih?
Naratie
– Handaka : perkawisipun mekaten, jeng. Dhik Jarot menika manggih kanthong
menika, mencelat saking sepedhah panjenengan.
Narator
– Erawati : o.. mongsok to? Biyuh apike! Modhel enggal menika inggih? Ulesipen
jan ngresepaken, biru karo kuing. Nanging kula mboten rumaos nate sumerap
kanthong menika-menika?
Naratie
– Handaka : dados panjenengan mboten kersa nampi menika.
Narator
– Erawati : lho... yen di pun paringaken kangge tandha mata mesty kula tampi
kaliyan senenge manah.
Narator
– Handaka : lho Dhik Jarot menika mangsulaken kagunganipun,
Naratie
– Erawati : ahh, sanes gadhahan kula kok.
Dialog
23 :
Narator
– Jarot : heh? O, anu menika. Kalawau panjenengan pancen sapun nampik. Kemutan
ta?
Naratie
– Erawati : ah.. mongsok? Kula criyos kados pundi? Kula mboten enget.
Naratie
– Jarot : panjenengan nyentek kula, ‘ kuwi dudu duwekku!’ kados pundi
panjenengan ngertos menawi menika sanes kagungan panjenengan, yen dereng pirsa?
Narator
– Erawati : ahh.. kalawau pancen kulo saweg anyel. Kula kuwatos kaliyan
bangsanipun nem-neman nakal ing pinggir margi. Wanci serap ngaten niat kurang
ajaranipun lajeng medal, menawi semerap lare estri nyepedhah piyambakan. Kula
rumaos dipun tutaken tiyang ndugal ngaten kalawau.
Dialog
24 :
Naratie
– Handaka : mboten ngaten, jeng. Cobi kula aturi nyariosaken lelampahan
panjenengan sonten menika wau. Kala srempetan, panjenengan sajak kesesa, wonten
menapa?
Narator
– Erawati : kula mboten kesesa. Nanging menapa perlu kula ceriyosaken? Kula
sampun bosen kedhah criyos bab diri kula dhateng para wartawan, terus kapacak
kados dene wawancara wonten majalah. Bosen! Risi kula kaliyan wartawan-wartawan
ingusan menika!
Narator
– Handaka : lo.. ko sik ta jeng, saiki kowe ora adhep-adhepan karo wartawan!
Karo pulisi sing kudu ngresiki anane kadurjanan ing masyarakat !
Naratie
– Erawati : oh..
Naratie
– Handaka : pun, cobi di critakake mawon lelampahan sampeyan sore wau.
Narator
– Erawati : mangke rumiyin ta, ngaten Mas, menika wau rak wonten Blawuran
inggih? Kula kalawau sonten dhaten toko Mardi Busana ing lurung praban celak
Blawuran, pancen. Ohh... inggih kemutan kula. Kula keplajeng dados sajak kesesa
menika jalaran dipunganggu tiyang jaler nakal ing papan titipan sepedhah toko
Mardi Busana. Wiwit kalawinginanipun, dinten rebo kok rumaos kula menawi lebet
toko menika di punndugali dening tiyang menika. Kalawau edan sanget,
piyambakipun ngrantos wonten celak penitipan sepedhah! Kula gigu sanget, wong
piyambakipun mawi jawil-jawil lan nyebut nami kula kados gendhakanipun kemawon.
Mangka kula dereng tepang. Mbok menawi inggih balanipun wartawan ingusan
ingkang nguber-uber kula menika. Margi gigu, mila kula mendet sepedhah lajeng
njranthalkemawon mboten mikiraken kedadosan salajengipun. Waton enggal oncat
saking tiyang ugal-ugalan menika ngatenkemawon. Mekaten le Mas almpahan kula
sonten wau.
Naratie
– Handaka : kok eram temen. Sampeyan di nopokake/
Narator
– Erawati : nggih di aruh-aruhi, Er! Er!, ngaten, mwi njawil-njawil pundak.
Padakake kula menika tiyang pelanyahan mawon!.
Naratie
– Handaka : ning sanes Dhik Jarot niki ta?
Narator
– Erawati : oh.. sanes tiyangipun gumagus kok. Kemlinthi, petita-petiti.
Dialog
25 :
Naratie
– Jarot : bagus? Rasukanipun abrit
lorek-lorek?
Narator
– Erawati : inggih kemutan kula, sonten wau piyambakipun mawi rasukan abrit
lorek-lorek. Ndugal ta, sampun.
Dialog
26 :
Naratie
– Jarot : oh wong sing ngetutake aku mau mesthi.
Narator
– Handaka : wong sing endi, Dhik Jarot?
Narator
– Handaka : nah prekarane isih ruwet, Dhik. Wong kuwi kudu kita goleki! Dheweke
mas padhakake jeng Era, lan nyetitekake anggonmu tiba la nemu kanthong iki.
Dheweke mesthi kena di dadekake seksi, seksi kang wigati!
Naratie
– jarot : inggih saged ugi mekaten. Nanging, nanging kula mboten tepang kaliyan
tiyang menika- menika?
Narator
– Handaka : Dhik, mau kowe ya kandha ora kenal lan ora niteni dhik Erawati iki
sidane saiki yo bisa nemokake.mengkono uga bab wong klambi lorek mau. Sanajan
ora kenal, kita bisa nemokake, angger di trutus kanthi tlesih lan adreng! Jeng
Era mesthi kersa mbiyantu kita. Destun kita arep benerake barang kang ora
bener!
Dialog
27:
Naratie
– Handaka : Geh ta jeng?
Narator
– Erawati : mangke rumiyin ta. Wiwit kalawau kula rak dereng dong. Panjenengan
ngedika saking kapulisen. Lajeng ngendika bab ngresiki anane kadurjanan ing
masyarakat. Dene ingkang kula ngertosi
enika wau rak namung bab manggih kathong menika ta? Menapa awonipun tiyang
manggih kanthong menika, yen pancen ingkang gadhah mboten wonten? Kula sanes
ingkang gadhah kanthong menika?
Narator
– Handaka : prekarane dadi wigati, jeng Era, bareng ora ana sing gelem ngakoni
kanthong iku. Mula kudu di telusur sapa sing duweni, utawa asal-usule kanthong.
Wong klambi lorek iku kudu kita goleki, kita temokake mesthine dheweke ngerti
tenan asal-usule kanthong kuwi, wong wis nggodani jeng Era wiwit ing titipan
sepedhah lan terus maneng ngetutake Dhik Jarot sing nggawa kanthong kuwi. Sing
di etut sajake dudu jeng Era, sing di penthelengi dudu Dhik Jarot, nanging
luwih peting maneh kantong iki. Kanthong iki sing dadi kawigatene! Sliramu dak
suwuni tulung kersa saguh mbiyantu.
Narator
– Erawati : kula dereng saged mikiraken kawigatosanipun tiyang menika,
dhumateng kanthong menapadhateng kula. Kula ridhuh, margi sikepipun dhumateng
kula. Dene kanthong kula babar pisan mboten ngertos. Saweg ngreos inggih wonten
mriki margi panjenengane asta. Lan manut kula, kanthong menika, sanajan
modhelipun enggal, lan reginipun mbok menawi inggih lumayan awis, nanging
kanggenipun kula dereng saged kula taksir dados barang kang mbejaji. Mboten
sombong lho, lo, menika. Nanging upami kaparingaken dhumateng kula, inggih baku
modhelipun menika, kenging kangge conto sekolahan kula. Kula eram sanget,
kanthong ingkang namung mekaten kok dados urusanipun pulisi.
Naratie
– Handaka : bener, bener ngendikamu kuwi!
Narator
– Handaka : nanging wong jujur kaya Dhik Jarot ikiora bisa nyuthel crita bab
kanthong iki tekan samene. Ing njerone kanthong iki ana ai-aline larang kaya
mengkene
Naratie
– Erawati : nyuwun ngampil.
Narator
– Erawati : wadhuh!wah berleyan wungkul yektos , menika. Gek embanane peni.
Terang supe yasan sayektos, menika. Ora didol umum ing sembarang toko. Upami
kula ingkang gadhah, wah, saiba senenge! Ohh.. pantes, pantes yen Mas Jarot
repot dhateng kapulisen! Manggih barang adi ingkang kados mekaten adinipun.
Nanging wong barange cilik ngene, upama di singitake dhewe wae rak ora dadi
prekara, Mas? Kowe ki kebangeten jujure....!
Dialog
28 :
Naratie
– Jarot panjenengan mbok sampunn ngajrih-ajrihi ngaten ta, Mas?
Narator
– Handaka : Ora Dhik. Aku kudu weruh reaksi sing wajar. Nganggo ali-ali mau aku
isih durung cetha, jeng Era iki mung ethok-ethok ora ngerti apa tenanan ora
ngerti bab kanthong saisine iki. Reaksi iki perlu kanggo penyelidikan.
Dialog
29 :
Naratie
– wong tuwa lanang : wonten menapa nak? Sajak kok mawi jerat-jerit
Narator
– Handaka : oh..nuwun bapak. Mboten menapa- menapa, anu jeng Era menika radi
gugupan. Menapa wonten toya sakedhik kangge ngombenipun jeng Era?
Dialog
30 :
Narator
– Handaka : la iya, dakkira jeng Era iya ora percaya, yen Dhik Jarot iki
melu-meli gawe rusuhing masyarakat. Dene yen ndeleng tangan tugel iku, kit
angerti kadurjanan apa kang di cakake, yaiku yen ora rajapati ya saora-orane
penganiaya abot. Aku detektip partikulir, wis kapitaya dening pulisi kene
ngusut nggoleki durjanane, utawa njlentrehake prekera iki. Aku lan Dhik Jarot
iki nyuwuwn kanthi banget supaya jeng
Era saguh nganakeke wektu lan tenaga kanggo mbiyanti mbabarake prekara iki.
Piye- piyea, sliramu ya katut kesangkut, jeng, merga kandhane Dhik Jarot,
kanthong iki asale saka setang sepedhahmu!
Naratie
– Erawati : kados pundi cara kula mbiyantu?
Narator
– Handaka : sliramu rak kelingan wong sing nagnggo klambi abang sing nggodha
ana ing toko Mardi Busana ta?
Naratie
– Erawati : inggih, nanging kula mboten tepang lan ,mbotenngertos nami saha
griyanipun.
Naratie
– Handaka : iku gampang, ping pira ta sliramu ketemu wong kuwi? Ana ngendi wae
?
Narator
– Erawati : kaping kalih, kala wingi lan kalawau. Sedaya kedadosan ing toko
Mardi Busana, Lurung Praban.
Narator
– Handaka : Mardi Busana? La Mardi Busana iki wigati! Sesuk –esuk sliramu kudu
wira-wiri ing kono maneh. Kita ngulatulatake. Mengko yen wonge muncul, sliramu
kudu enggal aweh sasmita, bisa, ta?
Naratie
– Erawati : benjing-enjing kula mucal.
Narator
– Handaka : mengko aku sing mamitake menyang sekolahan. Kanthi layang
kapulisen. Ngendi ta, nggonmu mulang?
Naratie
– Erawati : SGKP Lurung Kamboja.
Dialog
30 :
Naratie
–Erawati : oh sori.
Narator
– nom-noman : mboten dados menapa? Sugeng enjing Bu guru badhe netagaken milih
benang menapa ?
Dialog
31 :
Naratie
– Handaka : kowe apa tepung karo putri iki, kok nyapa-nyapa!
Narator
– Nusyirwan : mesthi wae aku tepungg karo Dhik Erawati iki. Rong minggu lawase
dheweke nginep ana ngomahku, dak kandhani kowe! Lha kowe, apane?
Dialog
32 :
Naratie
– Erawati : apa! Edan apa?
Narator
– Handaka : ssstt...jeng aja gawe ribut,
Dialog
33 :
Narator
– Handaka : yen bener kowe tepung priyayi putri iki ayo padha ngiwa kana. Aku nduwe rempug sethithik karo kowe.
Naratir
– Nusyirwan : oo..iya kena, aku ora mung
ngaku-aku tepung Dhik Erawati iki, mengko dak buktekake. Rak iya ta Er?
Dialog
34 :
Narator
– Nusyirwan : sajroning rong dina iki, kowe nyang endi, ta, Er, kok nggeblas
ora kandha-kandha? Lan yen ketemu aku banjur mlayu kepati-pati ninggal aku,
Naratie
– Erawati : aja edan-edan ta, mak-mek lengene wong! Gilo aku!
Dialog
35 :
Narator
– Erawati : aku ora rumangsa tepung kowe,
Naratie
– Nusyirwan : kowe iki piye ta Er!? Kok mentolo muni mengkono.
Dialog
36 :
Narator
– Nusyirwan : anu mas, leres kok kula tepang lare menika yen mboten pitados
kula aturi tindhak griya kula. Ibu saka rencang kula saged kangge seksi yen
Djik Erawati menika nyipeng ngantos kalih minggu wonten griya kula.
Naratie
– Handaka : o, lha ya becik banget yen mengkono. Prayogo aku! Ayo padha mrana.
Kosik, asmane apa Dhik?
Naratie
– Nusyirwan : Nusyirwan, kenya menika
Erawati.
Narator
– Handaka : iya iya, Nusyirwan ya? Aku Handaka kene numpak pick-up kena. O.
Iya. Anu Dhik. Mengko aja nyebut asmane Dhik Erawati sek yen tekan ngomah.
Tenan , aku kepengin krungu pengakune keng ibu dhewe bab tepungmu karo
Dhik Erawati iki. Aja nyoba imbal
sasmita, alinga aku pulisi. Kepengin ngawruhi lelakon sajujure
Naratie
– Nusyirwan : o, inggih. Inggih. Kula mangertos . menapa perlunipun kula imbal
sasmita kalyan ibu, jer tiyang sagriya mangertos kalyan Dhik Era menika, kok!
Naratie
– Handaka : wis, ayo numpak pick-up!
Narator
– Nusyirwan : o, la anu menika, Mas. Kula mbekta sepedhah motor piyambak
Narator
– Handaka : o, mengkono? Wis ngene wae. Dhik Jarot nggoncenga sepedhah montor.
Mengko di etutke pick-up saka mburi. Aja banter-banter, dalan Surabaya rame.
Ngendi, a, Dhik daleme.
Naratie
– Nusyirwan : Lurung Agrapura ,mriki mawon, kok Lurung Argapura sewelas.
Dialog
37 :
Narator
– Handaka : saka rumangsamu sapa sing ngiseni kanthong iki nganggo tangan kuwi,
Naratie
– Nusyirwan : saged ugi Mas Jarot menika. Sebab kala saking kula kanthong
menika kothong.
Naratie
– Jarot : ah ora bisa,! Aku nemu ya wis ngono kuwi,
Narator
– Handaka : lan ora gathuk, marga dhek Jarot ora tepung Jeng Erawati lan ora
ngerti yen ali- ali kuwi ana gegayutane karo jeng Erawati.
Dialog
38 :
Narator
– Nusyirwan : kalih mingguan kepengker, kula numpak sepedhah montor wonten
ngajeng toko mardi busana ing lurung praban alun-alun, badh emlebet toko gojak
gajek wong pados parkiran pinggir pradesan
radi angel. Rame tiyang. Saged mikir-mikir ngaten , ndadaj wonten tiyang
estri nyandhang cara jawi, mlampah gegancangan medal saking toko, terus meh
nabrak sepedhah motor kula. Tiyang estri menika Dhik Erawati. Raskanipun jene
sinjangipun bledhak, ngato kanthong menika. Piyambakipun sajak bingung sanget,
clilang-clileng kados kesesa padhos tetumpakan. Semerap tiyang estri ayu kingis
kingis ngaten menika, kula kumecap ala nganggur, nyembranani, piyambakipun ninggal kula sekedhap, lajeng
mapan ing boncengan kula, lan paken ngatag.
Naratie
– Nusyirwan : pancen Rumiyin sibu duka,
pirsa kula angsul dalu-dalu mbekta lare estri. Nanging sumerap tindak-tanduk
saha tata caranipun Dhik Era. Sinten ta
ingkang mboten enggal kapranan sumerap
wujud lan solahipun Dhik Era ingkang kados mekateb, rak inggih , Mas pulisi?
Dialog
39 :
Narator
– Handaka : kepriye bisane mbukak wewadi kadurjanan nugel tangan kuwi, yen
kuncine mung ana ing pasrawungan wong kudu dansah? Arep kok togake wae
kadurjanan kuwi lumaku.
Naratie
– Nusyirwan : Er, kena apa kowe kok kakehan punika?
Dialog
40 :
Narator
– Erawati : aku lunga menyang Semarang, o.. kok keabngeten temen ta ki, Athoo!!
Embuh!! Aku ora ngerti . aku lali !! huh-huh anu, ana bratatenayan.
Naratie
– Handaka : Eling sadurunge prekara nyalawadi iki kawiyak, kowe kabeh dadi wong
wong baku sing sajaklagi sregen marang kenya klambi biru laut iki.
Dialog
41 :
Narator
– Handaka : Dhik nunus, balelana maneh musik iku mau, lan dansaha maneh!
Naratie
– Nuyirwan : o dadi kowe ki guru SGKP ta? Dakkira lulusan SGKP, wingi kae.
Dialog
42 :
Narator
– Nusyirwan : anu Mas pulisi, Eh, detektip. Kula kemutan kadospundi wiwitipun
piyambakipun ngaken nama Erawati.
Naratie
– Handaka : Mas nunus apa ora tau saba SGKP Surabaya kene?
Dialog
43 :
Naratie
– Nusyirwan : nanging kula lajeng mboten enget bab SGKP menika ngantos samenika
wau.
Narator
– Handaka : Dhisik endi omong-omongan iku karo anggone keng ibu maringi
ali-ali?
Dialog
44 :
Narator
– Erawati : ah Mas Detektip ki, ana wae
pamundhute.
Naratie
– Handaka : Dheweke durung rampung tenan anggone macak, mula isin disawang wong
lanang.
Dialog
45 :
Narator
– Handaka : priye, Dhik Nunus, saiki?
Naratie
– Nusyirwan : sibu menika ala-ala inggih priyantun Sala. Lan kula sampun nate
di punajak marak dhateng nglebet kraton Sala. Nanging Putri Sala ingkang di pun
kondhangaken ayu luwesipun Rak ingkang modern, ingih ta? Kados ingkang di
punlagokaken ing nyanyian- nyanyian menika. Inggihjeng Era menika, Putri Sala.
Dialog
46 :
Naratie
– Handaka : mesthi wae,
Narator
– Erawati : na, ngeten! Sumbut karo anggonku kacipuhan, srimbit ta inggih kados
ingkang di pun janjeaken wau,
Dialog
47 :
Naratie
– Handaka : iya, nanging totonen ta, klambine Dhik Jarot kaya ngono rak ora
setimbang karo pancaanmu. Dhik Jarot ora
samerta ngancani kowe
Narator
– Erawati : alah. Wong priyayi kakung kemawon kok. Rak mboten kemata rasukan
kados mekaten cocog mawon srimbit kaliyan kula sanajan anggenanipun kados
mekaten, ya Mas Jarot Ya.
Dialog
48 :
Naratie
– Erawati : tiyang kiat ? kangge menapa usung-usung kursi, menapa barang abot
sanesipun tiyang sanes rak saged? Lajeng kula kadospundi wurung sarimbit
menika.
Narator
– Handaka : eh sida.. kerpiye wis dandan nggaya-aya ngono jare! Ya sida.
Nanging ora karo dhik Jarot. Karo Dhik Nusyirwan.
Dialog
49 :
Naratie
– Handaka : lho..lho lho aja ngono ta,
Narator
– Erawati : mangke rumiyin ta, tuang Detektip panjenengan menika taksih nerka
yen wekdal samangke kula taksih ngengleng
taksih kesupen mboten enget purwaduksina lan sarana sandangan mekaten menika
panjenengan nyobi mangsulaken engetan kula ingkang panjenengan kinten ical, heh
heh.
Dialog
50 :
Naratie
– erawati : sing ngajak ki ya sapa
Narator
– Handaka ; jeng Era dak suwun maneh manuta pakone Mas Handaka kuru iki,
Dialog
51 :
Narator
– Handaka : wis ayo budhal dak terne tekan cedak jlentrekan toko-toko kono
mengko menyange toko mardi busana tutuge mlakua dhewe,, o.. iya yen kempitan
tangan Dhik Nusyirwan kudu ana sisih tengen aja lali. Heh jeng Era, dak aturi
nyangking kanthong temone dek Jarot aja kuwatir isine wis dak ganti, lan iki
Siti Respati ya kudu di agem kudu mrabot tenan kaya Dhik Nusyirawan nalika nemu
kowe sepisanan
Naratie
– Erawati : sing nemu aku ki ya kapan, aku ki jan dadi korban tenan wong
nyatene di ganggu di oyak-oyak saiki di tindhes di peksa laku kesiksan ngene.
Dialog
52 :
Narator
– Nusyirwan : Er. Mundhut bakal iki maneh apa pie? Olehku tuku ya kene kok
wingi kae. Aku seneng yen kowe nganggo klambi reng kaya duwekmu sing wingi kae.
Kok simpen neng ndi to saiki?
Narasi
– Erawati : Wis ben tuku maneh, kembar ya ben ya.
Dialog
53 :
Narasi
– Nursyiwan : kados pundi mas
Narator
– Handaka : durung rampung dhik. Balik maneh wae padhange hawa isih cetha ngene
lo.
Dialog
54 :
Narator
– Handaka : saiki wis ana majun ngono lo dhik.
Narasi
– Jarot : Anu, mas. Punapa saestu dhik Era mangkeh kemutan lelampahanipun
ingkang kepengker, ingkang nyalawadi punika?
Dialog
55 :
Narasi
– Handaka : la yen lelakone kudu mengkono, kepriye maneh to dhik? Wis aja
digagas dawa-dawa. Ayo saiki nyambut gawe maneh
Narator
– Jarot : nyambut damel menapa, wong wiwit kala wau mung klintar-klinter
ngawasi tiyang gandengan reruntugan
ngaten.
Dialog
56 :
Narator
– Handaka : heh, mas, ajeng teng pundi sampeyan, dhik Jarot cepet rewangi aku,
antem dhik! Antem! Horee, rak ora apa-apa, ya dhik kuwi?
Narasi
– Jarot : mboten, namung knock-out.
Dialog
57 :
Narator
– Erawati : ayo to mas rada cepet, aku selak kepengin ketemu Yu Siti. Saiki iki
dheweke mesti wis dandan, dadi ora kaya sing kita weruhi yen ana rumah sakit
kae.
Narasi
– Handaka : heh, jeng Erawati! Kowe aja lali yen isih dadi teliking polisi.
Dialog
58 :
Narator
– Erawati : lo, mas Handaka barang ya ana to ki, kala menapa rawuhipun? Kafos
pundi kabaripun Sekaten Sala?
Narasi
– Handaka : ditepungake dhisik, iki Inspektur Indra kang masrahake prekarane
dhik Jarot marang aku.
Narasi
– Erawati : wah pasowanan pepak to iki.
Narator
– Handaka : saiki enake jeng Siti Respati enggal cerita bab lelakone dhewe kang
jalari nemu kasengsaran kaya ngono iku.
Dialog
59 :
Narasi
– Siti Respati : saking pundi anggen kula miwiti cariyos
Narator
– Nusyirwan : saka ketemune karo Sutahal.
Dialog
60 :
Narasi
– Jarot : aja saka nganu wae, priye jalarane Mbakyu Siti duwe niyat mlayu
menyang Surabaya?
Narator
– Erawati : ah, wis ora kabeh, wiwit saka wiwitan, wiwitan banget yaiku sapa
Siti Respati iku, putrane sapa lan kepriye rak ngono?
Dialog
61 :
Narator
– Handaka : Jeng Era sing arep crita ki, kowe apa mbakyumu
Narasi
– Erawati : oh, inggih ding.
Dialog
62 :
Narasi
– Nusyirwan : iya, nanging ing prapatan iki enake dirasa kabeh durung ngerti
kowe ki sapa.
Narator
– Erawati : iya, iya, ngono. Akur aku karo Mas Nunus.
Dialog
63 :
Narator
– Erawati : tenan to, sing iki aku durung krungu, terus ?
Narasi
– Jarot : kena apa kok ora gelem, apa duwe dhedhegan liya?
Dialog
64 :
Narator
– Siti Respati : iya mesti wae emoh, kok aneh, la wong senajan sugih sudagar
iku wis tuwa, anake papat mbuh lima ngono. Bojone mbuh pira, apa saiki isih
jamane Siti Nurbaya?
Narasi
– Nusyirwan : iya, iya, saiki jamane Siti Respati, golek tunangan kanggo
detektip.
Dialog
65 :
Narator
– Erawati : heh, wong ki yen julig ana wae akale, ora kenla ngaku kenal
Narasi
– Jarot : sapa?
Narator
– Erawati : Sutahal kuwi, mongsok aku tepung karo wong kaya ngono, huh.
Pratingkahe wae aku wis mbleneg.
Narasi
– Siti Respati : ning, yen wong lagi mumet terus diupakara, dibalsem kaya dhek
ana sepur kae, ora bisa lho, wong nyandra yen Sutahal iku deksiya.
Dialog
66 :
Narator
– Jarot : alah, yen Mas Nunus terus diganteng-gantengake.
Narasi
– Erawati : pancen dugal, kok. Wis dugal nganggo banget.
Dialog
67 :
Narator
– Handaka : crita tutuge wis dicritakake dhik Nunus.
Narasi
– Jarot : nanging geneya kok ndadak ngumpetake jeneng asa-usu lan liya-liyane
barang.
Dialog
68 :
Narasi
– Jarot : la upami kleresan Sutahal mboten wonten ing toko utawi mboten sumerep
dhik Era, kados pundi?
Narator
– Handaka : la, iya dadi nasibe wong loro kuwi kudu mlebu metu ing toko kono
teru wae. Yen toko wis ditutup ya disambung sesuk esuke. Mengkono sateruse
nganti konanga Sutahal. Ananging, kula manteb, Sutahal mesti bakal glibetan ana
ing toko kono.
Dialog
69 :
Narasi
– Erawati : wah, mas Handaka ki sakjane kejem lo. Ngongkon uwong sarimbit karo
satrune.
Narator
– Handaka : ya, aku ki detektip, ya mesti ana akale liya. Teori iki ora cocog,
ya ana teori liya sing kudu dak temokake, detktip kuwi wis digegulang mikir
bengkas sakathahing prekara sarana maneka warna cara, lo. Cara sarimbit ora
nemu kethuk, ya mesthi ana cara liya sing nlacak wewadine kadurjanan. Sing peru
tenan, detektip kudu tansah mikir yen kadurjanan kuwi mesthi ninggalake tlacak
kang bisa dirunut, la ya tlacak kuwi sing dadi keyakinane detektip kudu
ditemokake. Nemokake tlacak kuwi sing
dadi pakaryan profesionale detektip.
Dialog
70 :
Narasi
– Siti Respati : panjenengan pance wasis yektos, ndoro mas detektip.
Narator
– Handaka : karo dene maneh, nalika mlebu omah widarakandang, Pak Parto, abdine
Sutahal rak kanda yen den Siti, eh ndara Siti wonten nglebet. Siti sapa yen
dudu Siti Respati.
Dialog
Narasi
– Erawati : heh, ora iku mau, kok nganggo undang-undang ndara mas detektip
barang, kuwi kepriye ta?
Narator
– Siti Respati : mas Handaka mono ala-ala isih bendara buyut dalem isih tedhak
turune Ratu lo.
Dialog
71 :
Narasi
– Siti Respti : iya, rak inggih ta, nggih mas Handaka?
Narator
– Handaka : oh ngene, nalika lairmu mbiyen ing rumah sakit Kadipala, kana uga
ana bayi lair terus ora ana. Biyunge pengen nusoni. Kamangka ibumu kang
nglairake kembar urip kabeh, sambat kakehan momongan. Putrae sing urip wis
enem, mula ya kanthi dangan bayine salah siji dipupu dening biyung kang kepaten
anake iku. Welinge biyungmu mung jeneng paringane eyangmu amrang bayi kuwi aja
diowahi, ben kanggo tetenger.
Dialog
72 :
Narasi
– Erawati : satemene wiwit biyen aku wis krasa yen ibuku ing Probolinggo iku
ibu angkat, nanging aku ora wani ngaturake uneg-unege atiku, kuwatir yen ngikis
penggalihe ibu, wong nyatane aku ya diopeni klawan temen.
Narator
– Siti respati : aku saikiya kelingan critane eyang, sing marakake aku tansah
krasa yen duwe kembaran. Eyang biyen seneng banget nyawang ndrajeng-ndrajeng
Kusumadiningrat, putrine ayu-ayu enem salah lorone jeneng Erawati lan Siti
Respati, jeneng iku tumurun marang kowe lan aku, nganti seprene. Mengkono
dongenge eyang putri marang aku biyen. Mung ora wani jeblas-jebles
dicrita-critakake blaka ngono. Wedi karo ibu, wung wis diila-ila ora oleh
nyritakake yen aku kuwi satemene bayi lair kembar. Ibu ngila-ilani ngono marga
kuwatir yen aku mengko goleki kowe, kamangka ibu wis ora ngeri babar pisan,
sing mupu kowe menyang endi parani. Babar pisan putus kelangan obor.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar