- JUDUL : AMBAK-AMBAK KAYANGAN
DENING : KI DHALANG NANANG WINDRADI
SAKING : PANJEBAR SEMANGAT
Ing kayangan ana Bhatara Nurrada ya
Naraddha, Bhatara Antaga, Bhatara Guru, lan Bathara Ismaya, Sang Hyang Guru
utawi Bhatara guru anggarwa Dewi Uma putrine Bhatara Umaran saka negara Parasu.
Bhatara Guru banget tresnane marang Dewi Uma, gadhah putra 5 anama Hyang
Bhatara Sambo, Bhatara Brama, Bhatara Indra, Bhatara Bayu lan Bhatara Wisnu.
Ing sawijining dina Bhatara Guru lagi kumpul karo 5 putrane, uga Naraddha.
Ngomongaken bab gonjang-ganjinging lan njomplange tanah Jawa, kabar iku nggawe
Bhatara Guru kaget jebule sebabe iku awit sisih kilen ana Gunung Jumardipa,
Naraddha ngomong yen Gunung Jumardipa kudu di dungkiri lan di ratakaken
mangetan kareben ora dadi jomplange tanah Jawa. Sang Hyang Guru ngaken para
jawata ndungkiri Gunung Jumardipa lan karataaken mangetan, para jawata pada
sendika, dhawuh nuli tata-tata budhal.
Bhatara Indra, Brama, Bayu lan wisnu di tugasi mandhegani jawata ing sisih
kidul Gunung Jamurdipa ndhungkiri Gunung karataaken marangetan, dene Bhatara
Sambu karo uwa bebarengan karo jawata ndhungkiri saka sisih elor Gunung
Jamurdipa, karataaken mangetan.
Ing panggonan seje, ana lengkehing
Gunung Jamurdipa, Bhatara Calakutha kaadhep dening kalabang, kalakatonggeng lan kalajengking
pada rempungan anggone njaga Gunung Jamurdipa, lagi wae cinarita bab ngimpine
kalajengking kok kaandheg dening tekane Ditya Mantragna kang nggawa wara-wara
deduka jerene Gunung Jamurdipa arep katekan para jawata saka kayangan
junggirikailasa. Bhatara Calakutha takon apa ra dipambengi, wangsulane wis
dipambengi nanging jawata ora puguh awit mudhuni dhawuh saking Hyang Girinata,
supaya Pulo Jawa ora njomplang. Bhatara Calakutha rumangsa kebrongot rasane
ngrasa yen kang darbe wewenang ruekda jamurdipa ora di uwongake. Kabeh kang ora
setuju Gunung Jamurdipa arep di dhungkiri pada bareng-bareng arep ngundurake
dewa, kabeh pada sendhika dhawuh sikeping gegaman siyaga ing ayuda, pangajab
arep ngundurake para dewa sing pada ndhungkiri Gunung Jamurdipa.
- JUDUL : PANDHU SRAYA
SAKING : PANJEBAR SEMANGAT
Ing negara Ngastina sang nata
jejuluk Prabu Abiyasa ya Prabu Kresnadwipayana. Sang nata arep nganakeke
pasewakan agung, putrane yaiku Raden Pandhu, Raden Dhestarastra lan Raden
Yamawidura sarta pepak para mantri bupati pada kumpul kabeh. Kabeh pada
ngaturaken sembah bekti marag sang nata, putra telune uga ngaturaken sembah
marang ingkang rama lajeng dening ingkang rama Prabu Pandhu di kon nglaporake
kahanan ing negara Ngastina sebab Prabu Pandhu di kira paling premati nyawang
padhange hawa, Prabu Pandhu mangsuli yen kahanan manut ature Patih Jayaprayitna
kabeh pada seneng marang sang nata, pada ngrasakake ayem tentrem, kaya luwih
apik saka taun kepungkur. Durung rampug anggone medhar sabda, ning njaba ana
swara geger, jebulane ana tamu agung sowan, yaiku Prabu Dasabahu, banjur sang
Prabu Dasabahu di aturi pinarak dening Prabu Kresnadwipayana. Sang nata
Ngastina kandha kok tumben temen yayi Prabu Dasabahu sowan mriki, Prabu
Dasabahu mangsuli yen prelune sowan arep ngabari yen rayi olih cecoba dening
dewa sing dirasakaken ing nagari Sriwedari. Sriwedari pageblug ageng, ing wayah
bengi asring keprungu para lelembut pating brengok saengga gawe wedine sing
ngrungokaken. Miturut wangsiting jawata sing di tampa Prabu Dasabahu yen sing
bisa nglawan lan ngilangaken rerentu kuwi putra paduka piyambak yaiku Prabu
Pandhu, Prabu Abiyasa banjur ngongkon putrane Pandhu melu ing negari Sriwedari.
Prabu Pandhu amung sendika nglampahi lan njaluk pangestu saka ramane, ramane
ngaweh pangestune. Prabu Dasabahu banjur njaluk pamit awit kaperluane wis di
critakake kabeh, Pandhu mretelakeke apa ora prayogi yen ketemu karo mbok ayu
yayi prameswari kaloron luwih ndhisik, Prabu mangsuli yen prekara kuwi gampang
bisa ketemu ing mburi, bisa di ulangi maneh. Prabu Dasabahu pamitan kanthi
katumut Prabu Pandhu. Prabu Kresnadwipayana paring dawuh marang Yamawidura lan
Dhestarastra, di kon paring ngewangi dedongo kanggo kawidadane Pandhu anggone mbiyantu
pamane ing Sriwedari. Dene kaloron mangestokaken dhawuh. Yamawidura tunggu
praja, miranti gegaman lan pasewakan kabubaraken.
- JUDUL : WILEDING KATRESNAN
DENING
: KI DHALANG NANANG WINDRADI
SAKING
: PANJEBAR SEMANGAT
Aneng kerajaan negara Mekah ya Praja
Puserbumi Sang Jumiril mlaku gegancangan merga di timbali dening Bagindha
Hasyim. Sang Jumiril di takoni, apa bener yen Jumiril tenan arep ngawula aneng
negara Mekah. Sang Jumiril mangsuli yen wis dadi antebing ati yen kepengin
asung lelabetan ing negara Mekah, Bagindha Hasyim percaya. Jumiril di dadar
kasetyaane marang negara di kon mimpin prajurit ngalwan Prabu kawuryan saka
negara Jabalkat ing tapel wates. Juiril uga nglungguhi pangkat dadi lurah telik
sandi, kayangapa bungahe Jumiril nembe wae ngadhep Bagindha matur kepengin
ngawula ing negara Mekah, malah di kon mandhegani wadyabala lan dadi telik
sandi.
Ing Jabalkat ana nata Prabu
Ngawuryan lagi masanggrahan, nakoni marang senopati kepriye kahananane para
prajurite, wangsulane senopati yen prajurit ora ana sing nguciwani. Prabu
Ngawuryan kandha yen arep mboyong negara Makah putra-putrine Bagindha hasim
Sitimahya kang di tresnani. Prabu
Ngawuryan nduweni pakulinan ngundangi tukang ramal lan ahli nujum,
tukang ramal sepisanan di kon ngadhep jenenge Marodi. Marodi di kon ngramalake
kepriye anggone bakal ngayunake Sitimahya dadi garwane, banjur Marodi njawab
yen Prabu Ngawuryan ora bakal bisa anggarwa Sitimahya merga ora dadi jodhone.
Prabu Ngawuryan ngamuk, malah ngala-ala Marodi, banjur Prabu Ngawuryan ngongkon
yen marodi kon di lebokake ing kunjaran. Saiki juru ramal kag kaping loro,
jenenge Ki Daroji. Prabu Ngawuryan blaka ngomongake yen kepriye apa sitimahya
bisa dadi garwne, Ki Daroji nglakukake ritual obong menyan, kanggo ngerteni apa
kang bakal kelakon. Ki Daroji banjur kandha yen Sitimahya bisa dadi garwane,
sanyatane Ki Daroji ngapusi merga wedi di kunjarakake. Prabu Ngawuryan bungah
banget lan Ki Daroji di wenehi emas picis raja brana lan arta.
Prabu Ngawuryan langsung mrentahake
prajurit di kon tata-tata mlebu kutharaja Mekah, ing pangajap kepengin nglamar
sitimahya dadi garwane, lamun ora olih Praja Mekah arep di dadekake karang
abang, bumi angus lan bumi rata. Lakune prajutir Jabalkat durung tekan
kutharaha Mekah malah wud di adhang dening Jumiril sawadya bala Mekah lan dadi
perang rame, nanging wadyabala Jabalkat sing cacahe ewon, malah bisa di
kalahake dening wadya bala Mekah sing cacahe ora sebanding yen di adhepaken
karo wadyabala Jabalkat, Prabu Ngawuryan kagumun-gumun dene wadyabalane pada
mati, dene wadya bala Mekah ora ana sing tatu babar blas. Prabu Ngawuryan
akhire nantang Jumiril sayembara arep adu ijen padha ijen, yen Nan sing menang
Jumiril dadi gedibalku lan kudu nglamaraken Sitimahya kanggo Ngawuryanm dene
yen Jumiril sing menang Ngawuryan trima kalah, arep teluk marang Bagindha
hasyim lan negara Jabalkat di reh-rehane praja Mekah. Klakon Prabu Ngawuryan
tandhing karo Jumiril lan wekasane Prabu Ngawuryan ngakoni kalah merga kaseser
yudane.
- JUDUL : SANG GANDAMANA
DENING
: KI DHALANG NANANG WINDRADI
SAKING
: PANJEBAR SEMANGAT
Gandamana lagi wae ketemu karo
Kalasanggana lan Kalasaggani, buta kembar kuwi nuduh gandamana arep mbubrahi
ssrawungane memitrane praja Priggandani klawan praja Ngastina, nanging ora
ngono karepane Gandamana, malah Gandamana arep ngaturake layang marang Prabu
Tremboko saka Prabu Pandhu. Buta sakloron ora percaya wae malah ngajak gelut
Gandamana, kalasanggani maju luwih ndhisik lan bisa di kalahake dening
Gandamana, barang kalasanggana sing maju Gandamana lena kena sinaut sikile
tengen banjur kabanting marambah-rambah lan kabalangaken lan nglayang tumiba
ana pucuking wit randhu alas kang gedhene patang prangkul. Gandamana ora eling
sawetara, banjur kena angin silir-silir lan wiwit melek mripate nanging rasane
awak kaya di penthungi remuk rempu. Gandheng Gandamana nduweni jiwa prawira
banjur eling marang jejibahan lan arep ngrampungi sebisane, nembe sadar yen
dheweke ana pucuking wit randhu. Kayangapa kagete sang Gandamana bareng nyawang
mangisor katon cetha yen ana Harya Suman lagi karo buta sakloron lagi guneman,
durung cetha apa sing lagi di omongake. Kanthi kasektene sang Gandamana banjur
matak aji kekuwatane bisa ngrungokake swara kang adoh papane, lamat-lamat
keprungu jebulane Raden Harya sing ngongkon buta kembar mateni Gandamana.
Dening kalasanggana prajurit pandhereke Gandamana di kurung ing sajrone pedhut
wisa, barang Gandamana ngerti, prajurite langsung di tulungi lan para prajurit
pulih ngaturaken sembah bekti marang Gandamana. Gandamana mudun mara ing
panggonane buta kembar kuwi. Sang Harya Suman wedi lan langsung lunga
ninggalake papan dudunge maune masrahaken masalah kuwi marang buta kembar.
- JUDUL : PETRUK KRIDHA
DENING
: KI NAYANTAKA
SAKING
: PANJEBAR SEMANGAT
Kacarita werkudara lagi wae pirembagan,
Rekyana Patih Tambakganggeng ngadhep ngabari yen katekan parangmuka sing
ngakune saka pancrabakan Gunung Tegaldawa. Ora nganggo ancang-ancang Raden
Werkudara mencolot mrepegi barisan saka Gunung Tegaldawa. Senopati Jaya Prakosa
senopati ing Ngalaga Sayidin Gama sing mandegani barisan Gunung Tegaldawa. Jaya
Prakosa kok wis ngerti arane Werkudara, Werkudara bingung. Terus wae pancakara
Raden Werkudara mungsuh Jaya Prakosa banjur sakloro gelut, nanging Werkudara
kalah lan mundur. Di papagake dening Sri Kresna karo nakokaken yen biyasane ing
perang Werkudara sing menang, lha kok kiye kalah merga apa? Werkudara mangsuli
yen kalahe merga mau di bithi kenthole. Gatutkaca lan Antasena nilu maju ngetog
kekuwatane, nangin meksa ora bisa ngalahake Jaya Prakosa. Sri Kresna banjur
semedi, ora suwe ing semedine jebul sing bisa ngalahake Jaya Prakosa iku Sri
Kresna. Prabu Puntadewa banjur maju ing palagan di papag dening Kalimantara.
Bajur Janaka di utus dening Sri Kresna maju perang di papag dening Raden
Kalianggeni. Sri Krena banjur melu tandang di papag dening Cakra Gunadi
suwe-suwe dadi senjata Cakra Baswara. Jagoe saka Tegaaldawa mung kari siji di
temoni Prabu Baladewa banjur Sudimanggala badhar dadi senjata Nenggala.
Kacarita, Sri Kresna ngundang Bagong
supaya nglawan Jaya Prakosa, nanging ora wani, barang di janjeni dening Sri
Kresna yen mati bakal di uripake maneh Bagong gelem. Suwe-suwe Jaya Prakosa
badhar dadi Petruk, jebulane kekarepane Petruk amung nemokake senjata sing pada
ilang merga jiwa tanggung jawabe. Kabeh pada mbelani apa sing di lkokake
Petruk, Werkudara malah rumangsa marem, mulane lha kok ngerti yen pangapesane
Werkudara aneng pupu. Sri Kresna lan Puntadewa uga mbelani, kandha yen apa sing
di lakoni Petruk bisa dadi tuladha igakathah.
- JUDUL : PRAHASTHA GUGUR
DENING
: SRIYONO.R.
SAKING
: PANJEBAR SEMANGAT
Ing pasewakan agung Ngalengka wis
pada kumpul pepak mantri bupati. Prabu Dasamuka ngendhika marang putrane yen
putrane sing paling sakti ing Ngalengka lan mbesuk sing bakal ngganteni
keprabone Prabu ya putrane kuwi Raden Indrajit. Bala wanara kang wus ginaget
mrang Raden Indrajit arep nandukake piwales lan mara ing Ngalengka, reksasa
Ngalengka ngetoni senopati, kaya geni siniram lenga, Bramantya sang Anoman
mulat rusaking bala. Drumaksa maju nglawan Anoman kanthi kandha yen wis suwe
dheweke ngimpi ngemah-emah balunge Anoman, lan saiki arep mujudake apa sing
dadi impine. Anoman malah kewadenen lan saya gedhe anggone arep nglawan
Drumaksa, Anoman lan Drumaksa banjur gelut. Sikile Drumeksa kecekel dening
Anoman, di puter-puterake lan musatakane kasabetaken ing watu gilang.
Bala-balane Drumaksa ora trima merga patine Drumeksa banjur metukake jemparing
katuju bala wanara, lan bala wanara akeh kang ketaton. Krodhs sang muruti
mbedhol gunung lan di tibakake marang Kampana, bupati raseksa Ngalengka iku
remuk bareng rata lan kuda pangiride.
Ngungun Sang Yaksendra Rahwana
krungu gugure Drumaksa lan Kampana, banjur Paman Patih Prahastha ora sabar lan
maju ing papan paprangan, ing kana dheweke di papag Patih Anila. Patih
Prahastha kandha ngala-alakake Patih Anila lan nantang banget. Patih Anila wade
banget lan ngenten ngala-ala Patih Prahastha, banju sakloron gelut. Meh sedina
anggone rong bandawala pati nanging sakloron durung ana sing kena pati. Wis
sawetara suwe Patih Anila mbedhol tugu watu item lan di keprukake marang
mustakane Patih Prahastha remuk pada sanalika.
Ana sempalaning crita nguni yen tugu
watu sing di enggo Patih Anila mau kedadeyan saka Dewi Windradi, ibune Anjani,
Subali lan Sugriwa, awit Dewi Windradi laku sedheng kalawan Bathara Surya,
mulane di dadekake tugu watu dening Rsi Guntawa. Samengko wis luwar saka sote
Resi Gutama bareng Patih Prahastha gugur. Dewi Windradi banjur pulih dadi
Windradi senyatane. Bala raseksa lumayu ngungsi kutha kanthi surak gumuruhe
bala wanara kang ngusir bala raseksa.
- JUDUL : KEMBANG WILAYABRATA
DENING
: NANANG WINDRADI
SAKING
: JAYA BAYA
Tumenggung Tamengyuda di ajak dening
Patih Pragota sowan ana raton Mandura awit di timbali dening Prabu Baladewa.
Tekan ing kraton Patih Pragota ngaturaken sembah, Prabu Baladew uga seneng
merga Patih Pragota sowan. Patih Pragota wadul yen tekane ora dhewekan nanging
kaya biyasane karo Tumenggung Tamengyuda sing ana ing njaba, Prabu takon kenapa
kok kudu karo Tumengung Tamengyuda, wangsulane merga dheweke bodho lan asring
kelalen dadi njaluk di kancani abdi dalem sing wis wasis. Prabu Baladewa lan
Tumenggung Tamengyuda cerita akeh, bab kaperekane karo para abdi dalem lan
Prabu Baladewa ngendhika yen perlune ngundang Patih Pragota kuwi dudu prekara
negara Manduran nanging Prabu malah nudhuhake nawala saka negara Ngastina kang
di tapasmani dening Prabu Duryudana nata Ngastina. Isine kuwi Prabu Duryudana
kepareng ngaturi tekane Prabu Baladewa menyang negara Ngastina merga arep ana Kawisudhan
mahasenapatining Ngastina, Prabu njaluk pendapate Pragota, Pragota mangsuli yen
Prabu kudu nekaki ana Ngastina. Prabu Baladewa nakoni Tumenggung Tamengyuda
njaluk pendapate kepriye, nanging kanthi muter-muter anggone njawab, kanthi
panjelasan kang gamblang Tumenggung Tamengyuda ora setuju lan ora ngolihake
Prabu Baladewa nekaki ana Ngastina, amarga yen Prabu Baladewa dadi
mahasenapatining Ngastina samengko arep ana perang gedhe yaiku Baratayudha,
perange Kurawa lumawan Pandawa. Tumenggung Tamengyuda ngaweh pendapat yen Prabu
Baladewa kudu kawicaksanan anggone nampik alus dadi mahasenapati mau.
- JUDUL : PATIH UDAN AGUNG
DENING
: WISNU SRI WIDODO
SAKING
: PANJEBAR SEMANGAT
Bathara Guru lagi cerita karo Patih
Udan Agung ngenani bab tetimabangan ngenteni ana rapat kepanasan. Ing pangonan
liya ana Narada kro Hyang Nilakantha lagi wae cinarita yen para wadya hapsara
dorandara kanggo nundhung Patih Udan Agung sakukuban saka rapat kepanasan.
Hyang Brahma lan Hyang Narada angestokaken anggone dawuhane rama pukulun.
Kacarita ing repat kapanasan wadya
yaksa Himapura wis pada baris manut barisane, kabeh pada ngenteni tekane Patih
Udan Agung kang marak marang bale Martiukundhamanik, mula barang patih Udan
Agung mudun saka Andha-rante langsung rinubung para tuwanggana sing pada
nungsung pawarta. Patih Udan Agung banjur kandha yen agul-agul Himapura kabeh
wis marak marang ngarsane Hyang Bathara Guru, nanging Hyang durung bisa aweh
wangsulan, kabeh kudu ngenteni repat kepanasan kene. Durung rampung anggone
patih Udan Agung kandha banjur ana Hyang Brahma kandha yen Hyang Bathara Guru
panglamare di tulak awit ulun sakukuban ora marengake. Patih Udan Agung
langsung nganakake serangan pambuka, ajaa Hyang Bathara Brahma trampil endha.
Kang pada andhon yuda ora cukup nganggo tangan kothong, nanging uga pada gawa
sanjata lan pada ngubal aji jaya-kawijayan. Datan aneh lamun repat kepanasan
kang dadi ajanging pabaratan dadi samudra bangke.
Sawise jinarwan dening Hyang
Pramesthi Guru, Resi Narada bali menyang repat kepanasan nembang tengara
mundur. Hyang kaneka putra kandha yen Bathari Supraba enggal binojo karo Prabu
Ndaru wardaya, lan patih Udan Agung di kon wadul menyang Hyang Bathara Guru.
Patih Udan Agung banjur mutusaken bali menyang nagari, kitharaja tuwin kraton
Himapura karo anggawani rewang kang ketaton.
- JUDUL : PANDAHAWA KEMBAR
DENING
: BAMBANG. P.
SAKING
: PANJEBAR SEMANGAT
Ing sawijining dina Gathutkaca lagi
nyeritakake marang Wisanggeni yen ana negara a yar ing tegal kuru jenenge kuru
kencana, ratune aran Prabu Darma Lelana. Durung di critakake nganti cetha,
Wisanggeni wis ngerti lereging lelakon, yen pandhawa di banda di gawa menyang
kuru Kencana lan di lebokake pakunjaran. Perkara kuwi mau kabeh di serahake
marang Wisanggeni dening Raden Antareja. Wisanggeni kandha yen kakang kabeh ora
usah mikir jero bab perkara iki, padha kawruhana yen Pandhawa nganti tekan
dinane isih padha rahayu widada. Wisanggeni uga kandha yen Prabu Duryudana sing
di dombani Prabu Drama Lelana sakadang bakal nglurug menyang Ngamarta, awit wa
Prabu Duryadana ngerti yen Ngamarta lagi komplang, lan Wisanggeni kandha yen
kakang kabeh bakal di dandani dadi pepundhen Pandhawa kareben Ngamarta or
komplang. Para kadang pada anut kandhane Wisanggeni, ora suwe para putra wis
pada malih rupa dadi para Pandhawa.
Raden Pancawala dadi Rama Prabu
Punta, Raden Gathut wis dadi Rama jodhipati, dene Antareja karo Antasena
manglih dadi satriya kembar Nakula lan Sadewa. Nanging padhawane kurang siji,
jlambrong durung ana. Raden Gathut kandha yen sing di kon dadi kuwi Wisanggeni,
nanging Wisanggeni ora gelem yen dadi kanjeng rama. Para kadang pada manut.
Minangka sambunging cerita, ora kaya tindake sang apekik. Tindake satriya
Palngkawati Dyan Abimanyu sing melu prepat panakawan sowan marang ngarsane
Eyang Saptaharga. Abimanyu ngaturaken sembah lan Eyang maringaken pangetune
marang wayahhe. Nuli Abimanyu nyeritakake sing lagi kelakon ing Ngamarta yen
Pepundhen Pandhawa kinunjaran dening Prabu Drana Lelana. Eyang ngendika yen
prekara kuwi aja di pikir nganti jero, awit pandhawa iku kukuh lan pengukuh. Eyang
dhawuh Abimanyu kudu bali menyang Ngamarta, sebab wiwaraning kelakon wis bakal
kawiyak. Raden Abimanyu kadherekaken punakawan bali mengang Ngamarta kanthi
nuruti karepe raseksa tenane mung bakal ngrerendhet kang dadi lakune kakang
Semar. Bareng Raden Abimanyu menayang Ngamarta, patrapane gawe bungahing para
kadang kabeh, sanajan wiwitane padha bingung awit sing mapag kuwi pepundhen
Pandhawa, nanging bareng Wisanggeni crita dhodhok selehe Abimanyu uga banjur bisa
nampa. Dening Wisanggeni Abimanyu malah di dandani dadi Janaka kanggo jangkepi
sing maune kurang siji. Para kadang kabeh kang wis salin dadi pepundhen
pandhawa di jaluk gelem mapagake tekane Ratu Ngastina kuwi mau. Para kadang
memba Pandhawa iku banjur metu mapagake tekane satru ing alun –alun bareng
krungu palapuran yen Kurawa karoban mungsuh. Pangamukake Prabu Duryudana kang
tinindhihan para Kurawa uga Wadya Bala saka Praja Kuru Kencana.
- JUDUL : PELEM SOPANA MULYA
DENING
: SRI MAWAR PAMBUDI
SAKING
: PANJEBAR SEMANGAT
Sang Prabu Rekathagora lenggah ana
pasewakan lan kinadep denig nara praja,
kang di rembug Rekathawatari lan Bambang Palasara. Ora suwe Bambang Palasara
mapan ana ing Praja Samodragisik, lagi wae ana kono karo garwane Rekathawatari
kepara wig nggarbini. Sakloron tansah sesuka, nanging ana manuk emprit sajodho
mlebu ing kaputren lan ngoceh yen omongane ora cundhuk lan gampang di lalekake.
Bambang Palasara raine dadi abang mbranang lan pamitan lunga marang garwane
kanthi ninggalake slendhang sutra kanggo pepenget, banjur metu lan ngudag
emptir sajodho mau sing mabur sajake ngece.
Ganti cerita kang Nalendra ing praja
Cendhawisaya jejuluk Prabu Basukiswara. Ing sawijining wektu tindak cangkrama
lelayaran ing lepen yamuna karo garwane, garwane lagi katon Sulistya banget,
sang prabu kebranang asmarane, nganti ngetokake kama kang kacemplung ing lepen
yamuna, kebeneran ing lepen ana iwak gedhe sing mangsa kama, dumadakan iwak
gedhe kuwi anggarbini, anggone anggarbini iwak kuwi kaya amnungsa.
Ana tukang tambang kang lagi nambang
ing lepen Yamuna asmane Buyut Dasabala, sinambi miyasa iwak kali yen ora ana
wong mancing, dumadakan olih iwak gedhe kang anggarbini lan di gawa mulih
dening Buyut Dasabala, barang tekan omah iwak gedhe nglairake bayi kembar
dhampit lanag wadon, sawise nglairake langsung tumekeng pati. Bayi loro lanang
wadon kuwi gandane amis lan di arani Durgandana lan Durgandani. Bocah kang
angur amis iku di pundhut putra dening Prabu Basukiswara. Dewi Durgandini ing
sawetara wektu d titipake marang Buyut Dasabala, barang gedhe Durgandini
ngganteni ki Buyut Dasabala dadi juru tambang lan nyambrangake wong lelungan.
Nalika semana Bambang Palasara
anggone ngoyak manuk emprit sajodho wis tekan pinggire lepen Yamuna. Manuk
emprit ana sebrange lepan Yamuna kuwi, banjur Bambang nggoleki tukang tambang,
kebeneran ana Durgandini. Bambang ora nyana yen kenya sulistya kok nambang,
banjur Bambang tekan sebrange lepen Yamuna. Bambang Palasara kepincut karo
Durgandini, lorone urip bebarangan ing Dipa alit tengahe Lepan Yamuna. Nalika
semono Dyah Hayu Sayojanagandhi
anggarbini, nglairake anak kang di arani Kresna Dipaya ya Abiyasa. Dyah
Hayu Sayojagandhi banjur cerita yen dheweke kuwi putrane Sang Prabu
Basukiswara, sing arep nganakake sayembara, lan Bambang Palasara di kon melu
sayembara karo nggendhong anak. Sing melu sayembara ora ana sing di tampa
banjur ana wong nggendhong bayi lan Dyah mikih kuwi, nanging jebule kuwi dudu
Bambang palasara, ora suwe Bambang Palasara teka nggendhong Kresna Dipaya, banjur
Dyah dadi bingung.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar