Rabu, 11 Desember 2013

Babad Pemalang

BABAD PEMALANG

              Kacariyos wonten ing satunggaling panggenan menika Kerajaan Pajang di pimpin Sultan Adiwijaya nanging Sultan Adiwijaya seda amarga perang nglawan Arya Penagsang.[1] Taun salajenge nembe mawon wonten perang antawisipun Kerajaan Mataram lan Kerajaan Pajang, kerajaan mataram biyantu Pangeran Benawa ngrebut Kerajaan Pajang ingkang samenika saweg di pimpin dening Arya Pangiri, nanging sejatosipun Pangeran Benawa ingkang dados pawaris tunggal Kerajaan Pajang saking ingang rama Sultan Adiwijaya, ingkang menangaken perang menika Kerajaan Mataram amarga prajurit pajang ingkang ndherek perang boten namung saking Kerajaan Mataram nanging prajurit bayaran ingkang di bekta dening pangeran Arya Pangiri saking Demak, Bali, Bugis, lan China keturunan, ingkang kedahe biyantu Kerajaan Pajang naning prajurit menika boten purun menawi dipun kekang dening kerajaan Demak, lajeng Kerajaan Pajang saged di kuwasani dening Senopati Pamungkas. Pangeran Benawa, Senopati Pamungkas lan Ki Juru Mertani nyariosaken bab kemenangan Kerajaan Mataram menika amarga Pangeran Benawa pancen saged dados peimpin lan  pantes nerusaken tahtanipun Sultan Adiwidjaya ingkang rama. Wonten ing Kerajaan Pajang, pangeran Arya Pangiri nyariosaken dhateng ingkang ibu Suri menawi kekalahan Karajaan Pajang menika amarga prajurit ingkang dipun bayar malah biyantu Kerajaan Mataram, nanging ibu Suri boten percados menawi prajurit bayaran ngianati Arya Pangiri amarga prajurit menika rumiyin saged ngancuraken Kerajaan Jipang ngantos nyedhaaken Arya Penangsang, nanging nyatane Kerajaan Pajang sampun kalah.
              Wonten ing satunggaling dalu Pangeran Benawa ngimpiaken kepanggih kaliyan ingkang rama Sultan Adiwijaya, wonten ing ngimpi menika Sultan Adiwijaya ngemutaken menawi pangeran benawa sampun nglampahi lelampahan ingkang ala lan maringi pangertosan menawi Senopati Pamungkas lan Ki Juru Mertani badhe nyuwun pusaka kedaton lan badhe ngrebut kekuasaan kerajaan pajang, lajeng maringi  wejangan supados Pangeran Benawa sampun maringaken pusaka kedaton mliginipun Keris Setan Kober lan Kiyai Tapak,[2]/[3] Sultan Adiwijaya uga nglarang Pangeran Benawa sanget ngarepaken mimpin Dampar Kencana Kedaton Pajang ingkang sejatose Pangeran Benawa ngarepaken mimpin Kerajaan Pajang anggantosi ingkang rama.[4]  Arya Pangiri kalah lajeng di wangsulaken wonten Kerajaan Demak. Senopati Pamungkas nggadhahi kepenginan badhe nempataken ingkang rayi Gagak Baning utawi Raden Tompe kagem nguwasani Kerajaan Pajang.
              Wonten ing Kaputren Pajang Arya Pangiri badhe di ukum, badhe di pejahi, nanging Garwa Padmi lan Ibu Suri Arya Pangiri, nyuwun marang Senopati Pamungkas supados Arya Pangiri sampun di pejahi, lajeng Ki Juru Mertani ngedhika menwi Arya Pangiri tetep di ukum astone kedhah di taleni sanajan boten ngagem rante nanging gagem cindhe, lajeng senopati pamungkas mutusaken menawi arya penangsang kedhah di taleni ngagem cindhe lan badhe di wangsulaken wonten ing Demak kanthi pengawalan saking prajurit Mataram.[5]
              Ing Kadipaten Pemalang wonten tiyang anama Ki Gedhe Randhu Alas lan Ki Gedhe Jiwanegara saweg nyariosaken bab kalahing Arya Pangiri lan Kerajaan Pajang saged di rebut dening Senopati Pamungkas. Wonten malih ing perguruan jalan lurus Pedurungan ing Kadipaten Pemalang, wonten ingkang mimpin perguruan anama Syech Talabudin saweg mbahas agama islam ing Kadipaten Pemalang antawisipun Syech Talabudin, Ki Gedhe Murti Lan Adipati Anom lajeng  rawuh Ki Gedhe Jiwanegara (putra Ki Gedhe Murti) lan Ki Gedhe Randhu Alas. Ki Gedhe Murti ngendika menawi Ki Gedhe Jiwanegara badhe anggantosi Ki Gedhe Murti dados patih wonten ing Kadipaten Pemalang.
              Pangeran Benawa carios kaliyan  Kyai Julung Wangi  menawi Senopati Pamungkas lan Ki Juru Mertani boten badhe nyerahaken tahta Kerajaan Pajang marang Pangeran Benawa kados ingkang di paringi wangsit dening ingkang rama wonten ing ngimpine. Pangeran Benawa uga cariyos menawi Senopati Pamungkas lan Ki Juru Mertani nyuwun badhe ngopeni sedoyo pusaka Kerajaan Pajang ingkang sejatose tujuane supados Senopati Pamungkas saged nguwasani Kerajaan Pajang,[6] lan ahire Pangeran Benawa ngjinaken menawi sedoyo pusaka pajang di rawat dening Senopati Pamungkas, lajeng Pangeran Benawa di paringi amanat dados Sultan wonten ing Kerajaan Pajang sesampune Senopati Pamungkas di tabalaken dados panembahan wonten ing Kerajaan Mataram lan Raden Gagak Baning utawi Raden Tompe rayi Senopati Pamungkas di dadosaken pendamping Pangeran Benawa wonten ing Kerajaan Pajang awit mbok menawa wonten serangan saking Arya Pangiri malih, nanging Pangeran Benawa bote sadar menawi usaha menika rencanane Senopati pamungkas supados saged nguwasani Kerajaan Pajang.[7] Pangeran Benawa sampun ngijinaken Senopati Pamungkas lan Ki Juru Mertani ngopeni sedoyo pusaka Kerajaan Pajang,[8] nanging Pangeran Benawa lajeng ngaken Ki Buyut Jamur Apu mendet kalih pusaka Kerajaan Pajang menika Keris Setan Kober lan Keris Kyai Tapak kados wangsit ingkang rama Adiwijaya. 2 pusaka Pajang sampun di gadhahi dening Pangeran Benawa.[9]
              Wonten ing lelampahan wangsul Pangeran Benawa di adang dening anak buahe Tumenggung Mayang lan Gagak Baning ingkang saweg njaga Kerajaan Pajang lajeng Tumenggung Mayang nyuwun ngapunten menawi anak buahe nyerang, amarga dereng ngertos Pangeran Benawa menika Sultan Kerajaan Pajang. Arya Pangiri di bekto menyang Demak lan di pun purugi dening ingkang putra Pangeran Emas wonten ing perbatasan Kerajaan Pajang lan Kerajaan Demak. Pageran Emas nyuwun ngapunten awit kekalahan ingkang rama Arya Pangiri menika, lajeng wonten ing Kasultanan Demak Arya Pangiri nyariosaken kedadosan ingkang kalampahan sasampune perang, Pangeran Emas duka lan badhe males Pangeran Benawa, nanging ingkang rama Arya Pangiri boten ngangsalaken awit Pangeran Benawa boten salah, pangeran benawa namung di tipu dening senopati pamungkas lan ki juru mertani, malah Arya Pangiri khawatir kaliyan Pangeran Benawa, eyang lan ibune Pangeran Emas uga ngawatiraken Pangeran Benawa lan ngaken Pangeran Emas nyelametaken Pangeran Benawa. Ing Kadipaten Pemalang ingkang komplang, Patih Jiwanegara ngimpi wonten keris luk 13 ngadeg wonten ing Dampar Kedaton Pemalang nanging patih dereng mangertos makna ngimpi menika menapa.
            Pangeran Benawa saweg cariyos kalih Kyai Julung Wangi lan Ki Buyut Jamur Apu, lajeng wonten tiyang ingkang boten di kenal nyamar dados tiyang angon meri mata-matani Pangeran Benawa lan  mirengaken ingkang di cariyosaken dening Pangeran Benawa lan Kyai Julung Wangi,[10] Pangeran Benawa pancen di tutaken terus dening tiyang jahat.[11] Ki Buyut Jamur Apu curiga marang tiyang angon meri menika, lajeng Pangeran Benawa gelut kaliyan tiyang menika,[12] tiyang menika kalah lajeng di takeni sinten ingkang ngaken nanging boten purun mangsuli, lajeng wonten tiyang sanes malih mejahi tiyang ingkang di takeni dening Pangeran Benawa ngagem keris alit ingkang di uncalaken, lajeng Pangeran Benawa malah nguncalaken keris malih marang tiyang sanes menika, kakalihe pejah.[13] Pangeran Benawa saged slamet saking tiyang ingkang dereng di tepangi menika.[14] Pangeran Benawa ngendika menawi leres kathah tiyang ingkang di bayar kagem nyedani Pangeran Benawa, Ki Buyut Jamur Apu uga ngendika menawi pancen sampun kathah tiyang saking kidul mlebet wonten ing daerah Kerajaan Pajang. Kalih tiyang ingkang pejah menika di bekto wonten ing tengahing rakyat Kerajaan Demak kanthi di seret nanging boten wonten ingkang tepang kaliyan tiyang kalih menika.
              Ing satunggaling panggenan wonten anak buahe Tumenggung Mayang lan Gagak Baning ingkang badhe nyedani Pangeran Benawa amarga sampun mangertosi menawi 2 Pusaka Kerajaan Pajang di bekto dening Pangeran Benawa lan badhe ngrebut 2 pusaka Pajang menika,[15] saweg nyariyosaken menawi wonten 2 balane ingkang di pejahi dening Pangeran Benawa lan badhe males Pangeran Benawa,[16] nganging sedoyo sami seneng awit rahasiane teksih dereng wonten ingkang ngertos.
            Wonten ing satunggal dinten Pangeran Emas kepengin kepanggih kaliyan Pangeran Benawa wonten ing tapel wates supados boten wonten mata-mata saking Mataram ingkang mangertosi. Pangeran Emas ngendikan menawi Pangeran Emas kuwatir kaliyan Pangeran Benawa kados ngendikane Arya Pangiri ingkang rama, eyang lan ibune,  awit wonten Kerajaan Pajang sampun boten aman kagem pangeran Benawa, Pangeran Benawa ngendikan menawi panjenengane kepengin kesah saking Kerajaan Pajang lan wangsul wonten Demak amarga boten lega awit ngrasa di mata-matani dening tiyang jahat.[17] Pangeran Benawa di paringi saran menawi Pangeran Benawa saged singgah sekedap wonten ing Kadipaten Pemalang ingkang teksih komplang.[18] Kyai Julung Wangi uga purun nganter lan saged sinau agama islam wonten ing Kadipaten Pemalang kaliyan Syech Talabudin kanca Kyai Julung Wangi.[19] Pangeran Emas maringi ngertos menawi kancing utawi tanda Pangeran Benawa menika tesih keturunan Kerajaan Pajang menika Keris Setan Kober Dan Keris Kyai Tapak.[20] Pangeran Benawa mutusaken badhe madosi Kadipaten menika naning garwa lan putra-putrane badhe di titipaken rumiyin wonten Demak sederenge Pangeran Benawa nemokaken Kadipaten Pemalang lan saged di tepangi dening Patih Kadipaten Pemalang.
            Ing Kasultanan Pajang wonten anak buahe Tumenggung Mayang lan Gagak Baning ingkang badhe nyedani lan ngrebut 2 pusaka pajang, nanging Pangeran Benawa kaliyan garwa lan putra-putrane sampun kesah saking Kasultanan wangsul menyang Kerajaan Demak kagem nitipaken garwa lan putra-putrane rumiyin.[21] Para prajurit maringi ngertos Tumenggung Mayang, lan Tumenggung Mayang nyariyosaken bab menika marang Raden Gagak Baning.
              Pangeran Benawa ngagem rasukan biasa supados boten di tepangi menawi panjenengane Sultan Kerajaan Pajang.[22] Pangeran Benawa, Kyai Julung Wangi lan Ki Buyut Jamur Apu kesah madosi Kadipaten Pemalang, dugi ing tapel wates Pesantren Warung Asem Kyai Julung Wangi ngendikan menawi saben dinten jemuah Syech Talabudin asring wonten ing daerah menika. Pangeran Benawa, Kyai Julung Wangi lan Ki Buyut Jamur Apu nglajengaken lelampahan menyang Pedurungan. Sesampune Pangeran Benawa, Kyai Julung Wangi lan Ki Buyut Apu liren wonten ing setuggaling panggenan, nalika Pangeran Benawa sare wonten tiyang ingkang boten di tepangi nyerang Pangeran Benawa badhe mendet 2 pusaka gadhahane Pangeran Benawa. . Pangeran Benawa njaga terus 2 pusaka Pajang menika sanajan ngancem keslametane,[23]  lajeng  Pangeran Benawa di selamataken dening Kyai Julung Wangi.[24] Pangeran Benawa lan tiyang menika gelut, nalika Pangeran Benawa medalaken Keris Setan Kober, tiyang ingkang nyerang Pangeran Benawa wau langsung tunduk lan nyembah marang Pangeran Benawa.[25]/[26] Jebule tiyang menika Patih Jiwanegara, ingkang sampun nenggo rawuhe Pangeran Benawa. Patih Jiwanegara lajeng nimbali prajurit lan bekto Pangeran Benawa, Kyai Julung Wangi lan Ki Buyut Jamur Apu ing Kedaton Kadipaten Pemalang.
              Pangeran Benawa lajeng di tabalaken dados Bupati Pemalang ingkang sepisan, titi waci menika 24 januari 1575,[27] Kadipaten Pemalang sampun boten komplang malih. Wonten pimpinan Pangeran Benawa dados Kadipaten ingkang gemah ripah loh jinawi, tata tentrem kerta raharja. Nanging nembe setaun Pangeran Benawa mimpin Kadipaten Pemalang, Pangeran Benawa seda,[28] boten wonten ingkang mangertos sebabing Pangeran seda. Pangeran Benawa seda ing Pemalang lan di sareaken wonten ing Dusun Penggarit (saniki taman makam palawan panggarit ).


[1] Fungsi pelaku ke-1
[2] Fungsi pelaku ke-2
[3] Fungsi pelaku ke -25
[4] Fungsi pelaku ke-8a
[5] Fungsi pelaku ke-30
[6] Fungsi pelaku ke-6
[7] Fungsi pelaku ke-7
[8] Fungsi pelaku ke-3
[9] Fungsi pelaku ke -14
[10] Fungsi pelaku ke-4
[11] Fungsi pelaku ke-21
[12] Fungsi pelaku ke-16
[13] Fungsi pelaku ke-18
[14] Fungsi pelaku ke-19
[15] Fungsi pelaku ke-5
[16] Fungsi pelaku ke-10
[17] Fungi pelaku ke-8
[18] Fungsi pelaku ke-9
[19] Fungsi pelaku ke-15
[20] Fungsi pelaku ke-17
[21] Fungsi pelaku ke-20
[22] Fungsi pelaku ke-29
[23] Fungsi pelaku ke-26
[24] Fungsi pelaku ke-22
[25] Fungsi pelaku ke-12
[26] Fungsi pelaku ke-27
[27] Fungsi pelaku ke-31
[28] Fungsi pelaku ke-11

Tidak ada komentar:

Posting Komentar