1. PENDAHULUAN
Dhalang
ngetokake wayang Kresna utawa Kanjeng Dewaji, Samba, Setiyaki lan Udawa.
KOMBANGAN
mapan ning ngarep
pathet enem gugrag
mapan ning ngarep
pathet enem gugrag
rem-rem sorote kang hyang arka kaeksi o....
pucak ing haldoka murub
yen janmaha kadi susasmiteng
dasih ing sasliring laku o....
lampahing dumadi o....
gilir gumanti o ....
duka suka ning griya yekti
gegadhangan
pangesahing dhiri titah ing gusti o....
kang sarwa dumadi o...
·
Samba ngadhep ngaturaken sembah bekti
marang Kresna, sembah bektine Samba di tampa dening Kresna. Setiyaki teka ngaturaken
sembah marang Kresna, lajeng teka Udawa ugi ngaturaken sembah marang Kresna. Kresna nampa sembah bekti iku lan maringaken
pangestu marang kabeh sing maringaken sembang marang Kresna. Kresna crita-crita
karo Samba bab praja Dwarawati sing crapang rawise lan samba di kandhani dening
Kresna supaya Samba tetep njaga praja Dwarawati kanthi bener aja nganti gawe
praja Dwarawati dadi praja sing ruwet.
·
Leng-leng ganiti ingkang, wan saba
saba, nikang ngastina samantara tekeng, tegal miruring karya kresna lakunira.
Parasu rama Djanaka, dulur Narada kapanggih ing ika djurumunging karsa,saparti
tala ja…..
Dialog :
Kresna : “ Wisnubrata! Kanti raharja pisoanira kulup?”
Samba : “Nuwun inggih kanjeng dewaji, raharja pisoan kula mboten
manggih sakara-kara.Namung sembah pangabekti kula mugi konjuk sahandhaping
pepada kawula nuwun, nuwun.”
Kresna : “Iya kulup pangabektinira ingsung tampa kanti suka rena ming
panggalih. Pangestuningsun bae genti tampanana kulup!
Samba : “Gurawalan pamundi kula kangjeng dewaji. Pangestunipun
Kangjeng Dewaji kula tampi tangan kalih kapundi ing mustaka kacancang pucuking
rema, kakalungaken kuwaya lumeber ing pranadja dadosa rad daging kajuwanan.
Kawula nuwun, nuwun.”
Kresna : “Kulup Wisnubrata iya?”
Yayi Harya
Setyaki,apa sira uga kanti basuki pisowanira yayi?
Setyaki : “Nuwun inggih kaka prabu, Raharja pisowan kula, sembah
pengabekti kula mugo katur kaka
Prabu.
Kresna : ”Iya, yayi banget panarimaningsun. Puja pangastuku bae
tambanana.
Setyaki : “Kawula nuwun inggih kaka prabu kula tambi tangan kalih
kapundi ing mustaka, kakalungaken kuwaya, kumlewer ing pangkon amewahana bawa
leksana kula kaka Prabu.”
Kresna : “Iya yayi Setyaki, ora liwat dikapakake lenggahira yayi.”
Setyaki : “Sampun mboten sekeca kaka Prabu. Nok-non.”
Kresna : “Nadyan sira patih udawa uga kapenakna pisowanira!”
Udawa : “Kawula nuwun inggih sinuwun, sampun mboten kirang seketca
pisowan kula. Sembah pangabekti kula kemawon mugi konjuk sahandaping pepada. Kawula
nok-non.”
Kresna : “Udawa iya. Tiba sapada-pada Kulup Wisnubrata. Apa ora ndadekake kagyating penggalihira
kulup sira sun timbali ?
Samba : “Mboten
kadosa kangjeng dewayi. Nalika putra paduka nampi timbalanipun kangjeng dewaji,
raosing manah kula pinda tinebak ing mong tuna, sinambering gelap jepat.
Kumedap kumepyur pinda panjang putra dumawah ing sela kumalasa,geter pinda
kambengan sanging pinanjer ing alun-alun katempuh prahara. Nanging sareng
sampun nabyantara, cles raosing manah kula kados siniram banyu sawindu.”
Kresna : “Ee, ee, paranbaya sandeyaning kapti nalika sira nampa dawuh
sarta sawise sira ngahyantara, kulup?”
Samba : “Kawula nuwun inggih, kanjeng dewaji ingkang ndadosaken
marasing manah kula nalika tampi timbalan, gek punapa kewala ingkang bade kadawuhaken sarehning putra paduka ngrumaosi
cupeting nalar sarta kadunging pamanggih sarta katahing dosa.nanging sareng
sampun ngabyantara kula yakin bilih purwa wawesa ing astanipun kangjeng dewaji.
Dados upami kapatrapan pidana inggih kangjeang dewaji, ingkang andawahna,
upamiya kapatrapan ukum pejah inggih kangjeng dewaji ingkang amisesa. Pramila
ingkang putra namung sumarah karsa. Katigas sumangga jangga katuwek sumangga
jaja,mboten nggrantes sagluguting kolang-kaling. Kawula nuwun, nuwun.”
Kresna : “La dalah! Jagad wasesaning batara,sapa maneh sing
ngluruhake asmaningsun kulup, kajaba sira, nanging andadekna sumurupmu, aja
nganti sira keladuk ati kajeron panampa.pancen bener kaya aturira. Apa maneh
tindaking kapradatan kang ingsun asta nganggo dana wenasat. Sing sapa dosa,kudu
kapidana, ora mawas kadang santananingsun priyangga. Paribasan bau kanan kering
mesti kudu sinempal-nempal nanging kulup rehning gede lelabuhanira marang
praja, upama benere kapatrapan ukum pati.sun lengser dadi ukum pidana. Lamun
benere kapidana, iseh jembar pangaksamaningsun. Marmane sira piniji ingsun arsa
ngawunginani kadi paran wartane prajanira ing Dwarawati kulup?”
Samba : “Menawi kanjeng
dewaji ndangu kawontenaning praja Dwarawati, kados nglangkungi karta
raharjanipun katimbang taun-taun ingkang sampun-sampun. Para kawulaning praja
punapa dene mantri nayaka miwah nara praja sadaya, sami saiyeng saeka kapti
mboten wonten ingkang nglirwakaken kewajibanipun piyambak-piyambak. Kawula
nuwun, nuwun.”
Kresna : “Syukur mangayu bagya kulup wisnubrata. Kajaba saka iku
kulup, nadyan akeh kawula pradja Dwarawati kang crapang rawise, kang
saprangkulan gumbalane nanging ora liya amung sira kang wajib ngembat ruwet
rentenging praja. Marmane kulup, adoh den awe perak,perak rinaketake, majuwa
mangarsi arsa sun ajak ngembat ruweting praja.”
Samba : “Kawula nuwun inggih kangjeng dewaji.”
2. PENGGAWATAN
Samba
di bedhol lan di ajukaken jagongane, Samba di tancepaken terus nyembah marang
Kresna.
·
Samba di critani dening Kresna bab
Kresna nembe olih wangsit jawata kon nyirnakake nata ing Balapitu Prabu
Sasrawarjapa, lan Samba di takoni kepriye gawe nata nesu tapi ora bisa di
ketarani. Samba ora bisa mangsuli lan ora ngerti kudu kepriye. Tapi Samba ngomong
nek Samba kemutan unen-unen sedhumuk bathuk sanyari bumi, yen arep gawe nesune
nata mesthi di rewangi pejahing dodo kutahing ludira lan Samba ora bisa gawe
nesune nata. Kresna mangsuli omongane Samba mau iku yen kabeh dadi karepe Samba
lan Kresna ngendhika yen Samba kudu tetep njaga praja.
Dialog :
Kresna : “Mermane adoh den parakake perak
rinaketake,kulup! Ingsun mentas bae
nampa wangsitipun jawata kinen anjirnankake nata ing Bulupitu prabu sasramarjapa sawadyasane dewa.ing mangka
saru lamun ,arsa madani bab nuli
sua lurugana,ilang sifat kautamaning nata dalah kawula praja Dwarawati.Mulane kulup kapriye amrih bisa
gawe runtiking nata datan ngetarani?”
Samba : “Aduh kangjeng dewaji
jimat pepunden kula. Kados rumaos sanget cupeting nalar menggah prakawis
sumanggeng karsa.Kawula nuwun-nuwun.”
Samba : “O, kanjeng dewaji jimat pepundhen kulo. Naming ingkang
putra enget dhateng ungel-ungelan. Sadhumuk bathuk sanyari bumi. Yen arep golek
nesuning liyan cilik gonjaken garwa utawa ulawangsane gedhene rupaken jajahane.
Mesti direwangi pejahing dodo kutahing ludira. Lho, umpamiyo ngagem punika
kinthen-khinten mboten badhe saged ndamel runtiking nata ing bulupitu, kanjeng
dewaji?”
Kresna : “Kulup samba bener atur ira kulup sing sapa dijamah garwane
sarta kulawangsane utawa dirupak laladhane bakal direwangi bandhala pati. Mulae
kulup, sira tatawa, mikuwati panjaganing praja, ajanganti katalompen. Ingsun
arsa angayahi lekas nuhoni dawhuhing jawata. Mangsa bodhoa anggoniro ngreksa
praja. Pasewakan budhalna ingsun arsa kondhur wedhathon”.
Samba : “Kawula nuwun inggih kanjeng dewaci naming nyuwun pangestu,
mugi nir ing sambakala.”
3. PENANJAKAN
Dhalang
mbedhol Kresna lan ngetokake Paman Patih Udawa lan Setiyaki.
dasare mangsa ketiga purnameng gegana,
riris harda salah mangsa
adag sagung hamong tani
jumangkah samya ngayati o....
yasa bebedengan kinarya handeder wiji
winangka
Tan wurung sira
Sirna
ndhepani bumi
·
Samba ngomong marang Setiyaki yen
Kanjeng Dewaji utawa Kresna olih wangsit jawata kon nyirnakaken nata ing
Balapitu yaiku Prabu Sasrawarjapa. Setiyaki mangsuli yen apa sing arep di
lakokna dadi kuwasane Samba. Samba ngakon Paman Patih Udawa nyiapaken prajuritt
kanggo jaga-jaga ing praja.
Dhalang mbedhol
Setiyaki, Samba uga Paman Patih, lan ngetokake Paman Patih karo prajurit-prajurite.
Paman Patih ngomong karo prajurit-prajurite yen kudu siap-siap mbok menawa ana
kruduging Balapitu, prajurit uga di kongkon ngrakit titihane pangeran lan aja
nguciwani pangeran, budhale mengko ana aba-abane lan aba-aba iku saka
pangeran/Samba.
Dialog :
Setyaki : “Rehning kawula radi kapering tebih ngger,keparenga angger
mbleber pua paman.kados pundi dawuhipun ingkang rama.”
Udawa : “Inggih raden keparenga maringi kabar.”
Samba : “Inggih paman,patih udawa lan djaja sembada pisan.mangga
sami lenggah ingkang prayogi rumiyen.”
Setyaki : “Sampun boten prayogi raden?”
Udawa : “Sampun boten prayogi raden?”
Samba : “Makaten inggih paman ,kanjeng rama dewaji nampi wangsiting
jawata kapurih njirnanaken nata ing bulupitu prabu sastrmard apa sawadya
balanipun.awit sami ambeg angkara murka ,ngendak gunaning liyan,ngrupak
jajahaning mengsah.badhe njameni pangwasaning dewa.nanging manawi terus
ginebaging yuda punika kirang prayogi.njuremaken kuncaraning pradja ,pramila
paman ,kersanipun kanjeng dewaji badhe manages kersaning jawata,amprih sageda
damel dadakan nanging sampun ngantos ngetawisi.dene tata raharjaning pradja
kaprasahaken dating kula panjenengan sadaya,dalah para wadya Dwarawati. Mila
dipun dawuhi sami tata-tata upakartining yuda, samangsa mangsa wonten baya
pakewuh.”
Setyaki : “O, makaten angger kersanipun ingkang rama. Lajeng
kersanipun raden?”
Samba : “Mila wa patih udawa kemawon kula aturi ndawuhaken dating
prajurit sadaya kpurih sami mirantos upakartining yuda sarta titih-titihan
perlu kangge mranata panjagen ing tepis wiringing talatah Dwarawati.”
Udawa : “Nuwun inggih raden.”
Dhalang mbedhol Setiyaki, Samba uga
Paman Patih, lan ngetokake Paman Patih karo prajurit-prajurite.
Dialog :
Udawa : “Ee… bocah-bocah wadyabala Dwarawati kabeh ura ana sing ndak
arani pada majuwa ana gawe!”
Wadyabala : “Inggih,
inggih, sandika kyana patih.”
Udawa : “Iki gusti kersa mranata panjagan ing tepis wiringing pradja
kanggo njagani bayapakewuh samangsa-mangsa ana kurdaning ratu bulu pitu.
Mula pada
marantiya upakarining yuda aja nganti nguciwani bedil-bedil dikoroki, tumbak
putung dilandehi,aja mung sakayu-kayune, miliya kayu walikukun apa nagasari, perlune samangsa
putung tumbake watange bisa ngentasi gawe.”
Wadyabala : “Inggih
.., inggih sendika.”
Udawa : “Kajaba kuwi titihane gustimu uga abah-abahana!”
Wadyabala : “E..,kanca,
jaran, jaran, jaran.”
Udawa : “Titihane gustimu pangeran dipati uga rakitana!”
Wadyabala : “E…,kanca
reta, reta, reta kanca. Punika sampun mboten nguciwani kyana patih sadaya sampun
samekta.”
Udawa : “Budaling wadyapala nganggo tengara, bende muni pisan pada
predandan, ping pinda tata tata,ping telu budalen.apa wis mangerti kabeh?”
Wadyabala : “Sampun,
sampun, sampun.”
Udawa : “Yen mangkono dak aturake gustimu pangeran dipatii anom”.
Wadya : “ inggih-,inggih”.
Dhalang mbedhol Paman
Patih lan Prajurit, lajeng ngetokake Paman patih lan Samba.
·
Paman Patih Udawa nemoni Samba lan
lapuran yen prajurit wus siap jaga-jaga yen sewayah-wayah ana prentah budhal
langsung budhal.
Dhalang mbedhol Paman
Patih lan Samba, lajeng ngetokaken prajurit lan Samba. Prajurit budhal saking
praja Dwarawati menyang Balapitu.
Dhalang mbedhol
prajurit lan Samba lajeng ngetokaken kusumawati
Dialog :
Samba :
” apa wis kok dawuhake kabeh udawa?”.
Udawa : “sampun raden kantun bidal
sawanci-wanci.mboten badhe nguciwani”.
Samba : “
aja kesuwen nabuha bende tengara budalan “.
Dhalang bedhol
Samba lan Udawa,
·
Kusumawati boyongan saking ngtasangin,
nalika semana kusumawati lagi wae nandhang prihatin amarga arep di pek bojo
dening nata Balapitu sing sugih banda lan kuwasa, nanging kusumawati ora
kepengin dadi bojone nata Balapitu iku.
4. PUNCAK
Dhalang
ngetokake Kusumawati lan Emban.
·
Kusumawati crita yen dekne mo di pek
bojo dening nata Balapitu sing sombong, najan sugih banda lan yen dadi bojone
bakal dadi ratu nanging kusumawati ora gelem. Emban heran kok Kusumawati ora
gelem di pek bojo. Kusumawati ngomong yen dekne pengen metu saka kuwasane nata
nganti ngucap yen ana sing ngetokaken saka taman Balapitu yen wadon arep di pek
sedulur yen lanang bakal di suwitani.
Dhalang ngetokake
Kresna/Narayan
·
Emban kaget ana wong bagus ing samburine
Kusumawati, Kusumawati bingung lan nakoni wong bagus mau, wong bagus kuwi
jebule Narayana. Narayana njawab yen dekne iku utusane dewa sing di kon
nganglang jagad lan di dhawuhi ngaweh pitulung marang wong sing ambeg utama
kanggo nyirnakake lakon kang ora becik lan krungu ana wong prasetya. Sang dewi
kusumawati di tulungi dening Narayana di oncatake sing taman Balapitu. Emban
nganti ngomong prasaja temab sang dewi iki arep di pek bojo dening nata lan di
dadeake ratu kok ora gelam malah arep mrasetyani wong kang lagi nglanglang
jagad.
Dialog :
Kusumawati :
“ kabeh anggonku leladi wis kebeneran kabeh mungguh sing dadi puteking atiku
iku marga sajak-sajake aku kapeksa bakal digarwa ingkang sinuwun prabu
sastramarjapa emban. mangka ciptaning atiku aluwung mati katimbang digarwa
gustimu , bocah wadon”.
Emban : “
sampun makaten ta kusuma dewi. panjenengan punika rak nama tampi nugrahaning
dewa. ginarwa ratu digdaya, sugih banda bandu. jembar jajahane. kiranganipun
punapa mbok inggih mundut sare lampit babut sari agem-ageman mas ginembleng
paribasanipun temtu badhe kaleksanan. gek kirang mulya punapa ta kusuma dewi?”
Kusumadewi : “ bener kanfamu emban , nanging ngertiya
mungguh mulyaning urip iku ora mesti yen saka brana. jalaran ora kurang hartawan
kang ura rumangsa nugraha. urip kang den arani mulya lan nugraha iku yen iku ta
bisa kacekel sakehing sedyane kaleksanan sing dadi ciptane.mangka emban uripku
iki mung ngabdi kautaman”. “yen
winengkuwa priya,iya priya sing ambeg utama dadi pepadanging jagad bisa memayu
rahayuning bawana. ora kaya ratu gustimu iku mung tansah nguja dur angkaraning
driya.gawe retuning jagad ,gelah –gelahing bumi.mulane emban, yen ngatiya aku
sida ginarwa ingkang sinuwun angur tumekaning lalis emaban”.
Emban : “ duh jimad pepunden kula sang dewi mbok
inggih sampun makaten rehning panjenengan punika sipating wanita boyongan
.punapa mboten langkung sae tansah sumarah murih sami lenggahanipun sang putri?
kula aturi ngengeti . .”
Dumugi semanten kumaranipun
kresna ingkang nurut kukusing dupa,jlek dumugi ing wingkingipun kusumawati.sadaya ingkang jagongan mboten
sumerep .
Kusumawati : “ ora
ora emban,aku ora bakal mingkuh saka papesten.mula sesanana emban ,aku arep
prasetya .yen ana sadulur sing bisa ngoncatake aku saka taman kene,yen wadon
ndak pek sadulur sinara wedi,yen kakung iya kuwi sing bakal tak suwitani”.
Emban : “
kusumadewi,sinten priya ingkang wonten sawingking panjenengan”.
Kusuma :
“sapa ta emban wong ora ana uwong”.
“sapa emban kuwi?”
Emban : “ kirang terang kusuma dewi”.
Kusumadewi
: “ wah baguse ya emban? “
Emban : “ inggih
sang dewi,mbok inggih kadanguwo!”
Kusumadewi : “ lha piye emban?atiku kok dadi deg-degan!”
Emban : “ lho lajeng dos pundi??”
Kusumadewi : “ iya emban,coba tak matur, teja-teja
sulaksana ,tejane kang nembe prapti ngajeg pundi ingkang sinedya,wuri pundi
ingkang pinangka, sinambating wangi raden?”.
Kresna : “
eh,eh eh.saking katungkule anggone pada rerembugan nganti tunggak rone, ya iya
sang dewi aku iki utusane dewa ,kinen nglanglang jagad.jenegku narayana.aku
didawuhi paring pitulungan marang wong ambeg utama njirnanake dursila
juri.kari-kari teka kene krungu wong prasetya .apa kowe sing prasetya iki mau
sang dewi?”
Dewi :
“ Nuwun inggih raden, pantjen ingggih kaluhuran dawuh pandjenenge”.
Narayana : “E ngono. Lha iki
taman ngendi lan sapa selihira sang dewi?”
Dewi : “Nuwun inggih
raden punika tamaning pradja Bulupitu,ewadene nama kula Kusumawati”.
Narayana : “Ora Kusumawati .
Upama ana sing nulungi apa kowe ora selak prasetyanira?”
Dewi : ”O, raden mboten
bade selak mapan sampun dados patembajaning manah kula raden.”
Narayana : “Jen mangkono adja
kuwatir atimu pun kakang kang bakal ngontjatake sira. Mula jaji adja kesuwen
ajo ladenana pun kakang , ingsun arsa lelangen lan lerem ing djroning taman
kene.”
Dewi : “Ing raden, sumangga kula
derekaken”.
Narayana
lan Kusumawati ladjeng kanten asta kalampahakon manengen.
Dhalang mbedhol Emban,
siap-siap ngetokake Sasrawarjapa
·
Kusumawati lan Narayana pada tresnane,
lagi omong-omongan Sasrawarjapa teka lan nakoni Narayana, sapa Narayana kok
wani temen nyedhaki kusumawati calon bojone, nanging Kuaumawati malah ngrangkul
Narayana, Kusumawati ora wedi karo Sasrawarjapa. Sasrawarjapa jengkel lan adu
omong nganti kaya arep gelut.
Dhalang mbedhol
kabehane.
Dialog :
Narayana
: “
yayi, kusumawati! kepriye ta yayi mungguhing katresna nira marang pun kakang?”
Kusumawati : “
o ,raden mboten perlu kadungu
malih.mboten namung wonten ngarcapada kemawon raden,nadya dumugiya delahan kula
tetep ngestu pada paduka”.
Narayana : “eh
eh eh eh,iya sukor mangayu bagya yayi yen pancen
mangkana. Dadi ora keparan tanggung nggonku arep mitulungi. Ora yayi wong bakal
winengku ratu gung binatara sugih banda dandu,paribasan arep nganggo emas
ginembleng paribasan keturutan lakok susah iku kurang apane?”
Kusumawati : “ o..raden,kula nika sanes abdining
kamurkan.kula mboten melik raja brama.sasaged-saged kula namung ngabdi
kautaman, sagedta netepi kadarmaning wanita taman.mitulungi ingkang sami
prihatin, sung pepadang tiyang ngkang kepetengan.mangka pemanggalihipun ingkang
sinuwun sastramarjapa punika tebih saking babpunika. Nanging nguja hardening
driya.ngruprak jajahaning mengsah tuwin nate nggrusak pager ayu.pramila
raden…”.
Prabu
sastramarjapa : “
kusumawati! Kusumawati ! wengakna lawange”
Narayana : “ yayi sing ati-ati iki sajake aku wis
kadenangan “.
Kusumawati ngrangkul naraya : “o
redden mansa bodowa raden”.
Prabu
sastramarjapa : “e e, e
e.kusumawati,kusumawati.tegel-tegele.kuwi sopo sing kok rangkul
iku?tobat,tobat,tobat.hm”.
Dewi : “ya iki garwaku
sang prabu”.
Sastramarjapa : “garwamu?e eh bisa-bisane
mangsuli .lha aku iki banjur kepriye kusumawati?”.
Dewi : “iya sakarepmu”.
Sastramarjapa
: “ora gus! kowe iku bocah ko ngendi? sapa jenengmu? wani-wanine mlebu
kene”;
Narayan : “ yen takon aku, aku
iki utusaning dewa didawuhi nganglang jagad .kari kari bareng tekan kene ana
putrid sing lagi susah njaluk diwelasi. lha mesti bae yo tak tulungi. ora sang
prabu panjenengan niki sapa?”
Sastramarjapa : “ lha aku iki ratu bulupitu prabu
sastramarjapa.ratu sing konang kaonang-onang sakti mandraguna.sugih bala banda
bandu,amba jajahane wajib ngereh padaning ratu nek perlu dewa pisan kudu tunduk
karo aku ngerti? lha kok kowe wani mlebu taman sing ngakon sapa?”
Narayana : “ iya atiku dewe.ora sang prabu genah ratu
kaya ngono kok arep rabi ae meksa wong sing ora gelem?”
Sastramarjapa : “ hus, olehe ora gelem kuwi
weruh kowe.ora usah kakean cangkem nututa dak banda kowe maling aguna”.
Narayana : “ lha nek ora gelem?”
Sastramarjapa : “ora gelem kelakon dak
sirnakake”.
Narayana : “
lha yen ora bisa??”
Sastramarjapa : “ eh
saya ngabangake kuping keparat”.
·
Ahire Narayana lan Kusumawati bebojoan
lan Kusumawati ngandhut.
5. PELERAIAN
·
Nalika Kusumawati krasa wetenge lara
kaya-kaya bayine arep metu nanging Kusumawati ora ana kancane. Nalika
kusumawati wis ora kuat teka Narada lan ngrewangi jebole bayi iku. Narada iku
utusane hyang pramesthi guru kang di
kongkong ngrewangi Kusumawati. Anake kusumawati ahire bisa lair bayi lanang lan
Narada di kongkon mbuwang bayi iku. Bayi lanang iku di buwang ana wing watu gilang
kang wus di kei tetenger ing bathuke jenenge Bambang Sayekti iya Kusuma Lelana
lan tetenger asal-usul ing epek-epek kiwane.
Dialog :
Narada :
“kusumawati aja tipis atimu ngger,aku kang paring pitulungan marang sira:”
Kusumawati :
“ panjengan sinten pakulun?
Narada :
“ aku iki utusaning hyang pramesti guru”.
“iya aku iki sang hyang narada kang arep paring pitulungan marang sira
.wis ngger mapana kang prayoga dak rewang-rewangi “
Kusumawati : “
nuwun inggih pikulun”.
Kacarita kaya mangkana wus mapan
Kusumawati. Saya mbatik rasaning angganira kaya-kaya tan kuwawa anandang. Pada
sanalika mijil kang jabang bayi saking guwa garbaning ibu. Miyos kakung pekik
warnane hangenguwung tejane.
kembeng-kembeng kumembeng waspa dres
mijil
eling lan narima lelaku labuh mring mami
kukusa nilar kawula
Narada : “ kusumawati iki putranira miyos kakung bagus
warnane.
Dewi : “ nuwun
inggih pikulun keparenga kula suwun mamprih enggal saget angsal rahsaning angga
pikulun !
Narada : “ aja, aja kusumawati.iki wus ana kang bakal miyara.mula
kowe aj maras atimu. putramu dak jaluk ing tembe bakal ketemu kowe maneh. amarga
mundak ngregoni lakunira. yen kowe arep kepetuk karo gegantilaning atimu sang
narayana lumawata ngetan iki bener. samangsa antuk barengan kowe bebarengana
menyang padja dwarawati. supaya gancang lakunira mara cedaka mrene ingsun
sembuh sarinira mrih pulih kadi wingi uni “.
Kusumawati :
“nuwun inggih pikulun”.
Narada
: “ lah saiki wis pulih waluya jati
sariranira nini.lumawata mangetan bener.ewa dene putranira sun paring tetener
jeneng ing batuke. sarta asal usule ing epek-epek kiwa. mungguh jenenge Bambang
seketi iya kusuma lelana .wis ngger mangkala.
Kusumawati : “ nuwun inggih pikulun nyuwun id pangestu “
Narada : “ iya nini aja samar atinira .ing tembe putramu
bisa dadi pepadanging jagad”.
Narada :
“ waduh baguse ki jabang bayi iki saiki dak seleh ing watu gilang kene wa. kareben
dipupu uwong . wwis ngger kariya dibecik ,pun kaki sedya bali makayangan.
Dhalang mbedhol
kusumawati lan Narada lan ngetokake pandita, purnawati.
·
Pandita lan Purnawati nemokake Kusuma
Lelana kang wus gedhe, Kusuma Lelana takon sapa Pandita Lan Purnawati, Pandita
njawab kanthi dasar tetenger ing tangan lan bathuke Kusuma Lelana iku mau.
Nalika Kusuma Lelana takon ing ngendi bapak lan ibune kuwi nanging pandita lan
Purrnawati ora ngerti panggone, Kusuma Lelana gedhe lan tresna karo Purnawati
ahire Kusuma Lelana lan Purnawati bebojoan.
Dialog :
Pandita : “ anakku cah manis .anakku cak
ayu .nini,nini dewi purnawati .apa wis rampung kuwajiban nira ing pepungkuran
,dene wis marak ngarsaningsun.nini?
Purnamawati : “ nuwun inggih rama ,pandeleman kula nata
sesaji sampun rampung sadaya kula ngaturaken sembah pangabekti rama!”
Pandita : “ iya,iya nini dak tampa
pangabektimu,pangestuku tampanana”
Purnamawati : “saget pamundi kula rama ,moga dosasa
jimat paripih”
Pandita : “ nini dewi iya .ora liwat
kapenakna parakmu “
Purnamawati : “ nuwun inggih ,sampun mboten kirang
seketca “.
Pendita : “ catrik pada kapenakno
anggonmu ngadep cantrik!
Cantrik : “ e tobat tobat nggih sang
adi panembahan .sembah pangabekti kula katur”.
Pendita : “ iya ,cantrik .ora nini dewi
dak sawang polatanmu teka benah karo padatan mbok matur bae apa kekurangane
.ora perlu ndadak kok andem nini ,marga sumurupa ,yen wong kulina ngademi
wewadi ,sasat ngumbar wisa ing daging ora becik dadine .mula prayoga sajarwoa
bae.apa darunane nini?’
Purnamawati : “ aduh
rama ,jimat pepunden kula kaluruhaken dawuh pangandikanipun rama.nanging punapa
mboten bade dados dukanipun rama panembahan upamia kula nglairaken panguneg
uneging manah kula rama ?”
Pendita : “eh eh
eh.nini dewi ora pisan –pisan aku duka ,coba apa sing dadi renunganipun atinira
,nini?’
Purnamawati : “ inggih
rama nalikaning ratri wanci perak gagat raina ,ingkang putra kula sepena
kedawuhan rembulan ing pangkon kula rama .nanging sareng sawatawis dangu
rembulan kasebut teka lajeng malih dados surya ,ingkang sorotipun mbrawani
saindenging bawana .punika werdi nipun menapa rama ?’
Pendita : “iku
ndek kapan olehmu turu jam pira.awit
kala mangsane impen mono sok kembange wong kewarengen turu
Purnamawati : “
manawi dintenipun malem nggara kasih kapengker ,ewadene bab anggen kula tilem
antawis jam 2 dalu awit kula bibar nglembur ngrampungaken taplaning meja
pacabakan rama”.
Pendita : “ lha
dalah jagad wasesaning batara.nini dewi yen pancen bener aturana iku .kaya kaya
ana keparenging dewa kowe cepak jatuhkramanira ,tur turning ratu sarta ing
tembe uga dadi ratu ,nanging sumurupa iki sakabeh ing jangka ora bisa
kaleksanan lamun datan den jangkah mula nini pun rama arsa golek sarana
mrih katekaning jangka kang sira tampa .kariya dibecik ing sajroning prapatan
wya kendat amuji mrih ketekaning sedya .ingsun arsa ninggal prepetan ngupaya
dedalane kamul nira.”
Purnamawati : “
nuwun inggih rama ngetosaken dawuh !
Pendita : “
cantrik mangsa bodowa lehmu ngreksa pratapan ingsun arsa mendra .wis nini
kariya dibecik”.
Cantrik: “
inggih panembahan
Wus siniram toya gege punang jabang bayi .pada
sanalika katon lagak drigak-drigak dedeg sedeng pekik warnane .ngenguwung
prabane ,yayah jaka sedeng pejah pamore.
Kusumalelana :
“ iki kok wong pirang pirang .iki mbah
tuwek iki wong elek iki wong ayu.iki sapa wae ngakuwa??
Pendita : “eh eh eh
..o ngger ana bocah kok lehe wasis .iya
iya ngger kuwi cantrik ,lha iki mbakyumu sipurnmawati.lh aku iki anggepen
bapakmu utawa ramamu”
Kusumalelana : “
lha aku dewe sapa?
Pendita : “ kowe
kuwi bambang kusuma lelana “.
Kusumalelana : “
lha aku kok kon nganggep kowe rama?ramaku sapa nyang ngendi?
Pendita : “ e e
,nyta pinter bocah iki .iy aiya sejatine kowe iki putra nata dwarawati’.
Kusumalelana : “
lha ibu ? “
Pendita : “
ibumu asmane kusumawati,biyen boyangan ing bulu pitu “
Kusuma lelena :
“ lha saiki ana ngendi ramaku ? “
Pendita : “aku
dewe during ngerti .
Kusumalelana : “
lha ibuku iya ayu rama? “
Pendita : “ e
bocah iki aku ya during weruh”.
Kusumalelana : “
lha kok rama ngerti yen ibuku kusumawati?”
Pendita :
“tinulis ing tapak asmamu “.
Kusumalelana : “
iki ta rama ?”
Pendita : “ iya
“.
Kusumalelana : “
mbakyu purnamawati kok ayu tak nggone bojo ya rama?”
Pendita : “ heh
heh heh.aku ora wenang wurba amisesa .coba ta tarinen dewe “.
Kusumalelana : “
tak nggo bojo ya mbakyu? .
Purnamawat : “
bojo ki apa ta ?”\
Kusumalelana :
:” embuh,apa ta rama ?”
Pendita : “ bojo
mono sing dijak patembaytatan urip kawine garwa dadi sigaraning nyawa .jiwa
loro dadi siji “.
Kusumalelana : “
lho koyok ngno rak gelem ta ?
Purnamawati : “
kados pundi rama? “
Pendita : “ wis
ta ngger pancen iki wis kersaning dewa karo-karone tak ideni “.
Kusumalelana :
“sakwise diparingake rama ,aku rep nggoleki ibu lan arep sowan rama prabu ing
ndwarawati.”
Pendita : “ satemene
ngger ,aku during tega yen sira lumawat adoh nanging yen adreng karenira ya tak
lilani mung mbak yumu purnamawati bae
ajaken kanggo kanthi.sarta tetepa anggonmu manggun bebrayan .nanging ngger ora
gampang suwita ing ratu .lire kudu kasok darmabektimu yen wis ditampa aja ninggal
kaprayitanan lan kasusilan .mula kanggo sipat kandelira kulup,iki aku nduwe
wasiyat kanga ran cupu rekna dumilah tampanana.samangsa kapengkoking panca baya
,apa kang sira kersakake ,bakal katekan saking kersaning dewa”.
Kusuma lalena budhalan ing Dwarawati
lan ketemu ibu lan rame sarta nyuwun pangestunipun kagem panjenengane ngepek
bojo purmawati.
meh rahina sumubang hyang haruna
kadi nitraning oga rapuh
sabdaning ukila
ring kani gara saketer o...
nikidung ning akung
wlerwuwusing wini panca
pepetaking ayamwana ing pagagan
rak hanguwuh bremara ngraboso
kusuma ring parahasyan arum
Tidak ada komentar:
Posting Komentar