1. Kecamatan Kedung Jati
Kacariyosaken wonten priyantun
ingkang anama Ki Bagus Songgom. Panjenengane putra saking raja kerajaan Tuban,
ing satunggaling dinten kerajaan Tuban nemahi kahanan susah, boten dangu
kerajaan Tuban gugur/ rubuh amarga peperangan ageng kang ndamel raja kerajaan
Tuban seda. Raja kerajaan Tuban menika ramanipun Ki Bagus Songgom. Ki bagus
songgom ingkang slamet pindah wonten ing dusun Sela Kec. Tawangharjo Kab.
Purwodadi. Panjenenganipun kepanggih kaliyan Sunan Kaijaga ing Demak lajeng Ki
Ageng Seladados muridipun Sunan Kalijaga.
Wonten ing dusunipun Ki Ageng Sela kawentar
anggadhahi karemenan anandur taneman, panjenengane dados petani. Ing
satunggaling Satunggaling carios wonten priyantun ingkang anama Ki Ageng Sela.
Panjenengane putra saking raja kerajaan Tuban. Ing satunggaling dinten kerajaan
Tuban nemahi kahanan kang susah, boten dangu kerajaan Tuban gugur/rubuh nalika
wonten peperangan ageng lan ramanipun Ki Ageng Sela seda saknalika. Ki dinten Ki
Ageng Sela di dhawuhi dening Sunan Kalijaga tapa wonten ing pucuking gunung
Watu Pawon kang manggen ing Kec. Brati. Ki Ageng Selapikantuk pusaka kang arupi
keprigelan nyepeng bledhek.
Sawijining dinten Ki Ageng Sela taksih
anglampahi karemenanipun anandur taneman wonten ing sabin, wayah sakmenika
mendung lajeng wonten bledhek nyamber-nyamber, Ki Ageng Sela boten pati nggagas
nanging gledhek sansaya ageng, lajeng Ki Ageng Sela duka lan gledhek menika
dicekel dipuntaleni ngagem taneman gandrik lejeng dipun bekta wangsul dipun
deken wonten latar wingking dalemipun Ki Ageng Sela.
Cariyosipun gledhek menika wonten
pacanganipun, gledhek setunggal sampun dipun cekel dening Ki Ageng Sela lan
pacanganipun duka (dendam) kaliyan Ki Ageng Sela lan putra wayahipun. Lajeng
wonten papali menawi wayah surup boten angsal saba wonten ing sabin lan menawi
wonten mireng gledhek nyebut Lahaulawalaquwwataillabillah ping 3.
Sunan Kalijaga mangertosi
keprigelannipun Ki Ageng Selo saged nyekel gledhek, Sunan Kalijaga dereng
percados lan ndhawuhi Ki Ageng Selo bekta bledhek menika wonten ing kerajaan
Demak. Ki Ageng Sela nglampahi dhawuhipun Sunan Kalijaga lan sowan wonten ing
Kerajaan Demak. Sakwise dugi wonten ing kerajaan Demak kepanggih kaliyan Sunan
Kalijaga dhawuhi Ki Ageng Sela nggambar gledkeh menika wonten ing lawang
kerajaan Demak kanthi gambar naga. Nalika Ki Ageng Sela tksih nglukis wonten
mbah-mbah ingkang diduga pacanganipun gledhek ingkang taksih dipun lukis,
lajeng mbah-mbah menika wau nyiram gambar gledhek menika ngagem toya lan
sakmenika nalikane gambar gledhek dipun siram kepireng suantenipun gledhek ageng. Gledhek ingkang dipun gambar
arupi naga ical badanne kantun ndase lan mbah – mbah ingkang nyiram ugi ical
saknalika.
Pepali
1.
Boten angsal saba ing sawah wayah surup
Amarga pacangane gledhek duka (dendam)
marang Ki Ageng Sela lan anak putune bakal di samber yen gledhek upama saba
wayah surup. lan menawi wonten mireng gledhek nyebut
Lahaulawalaquwwataillabillah ping 3.
2.
Yen krungu gledhek nyebut
Lahaulawalaquwwataillabillah ping 3.
Amarga
nyebut kanthi Asmane Gusti Allah bakal slamet.
3.
Yen krungu gledhek nyebut “ gandrik, aku
putune Ki Ageng Sela”
Amarga gledhek wedi
karo tanduran gandrik lan isih ketrurunane Ki Ageng Sela.
4.
Wong wadon prawan ora olih nglungguhi
utama ngumbahi ing watu.
(ora ana latar
belakange)
5.
Ora olih nandur waluh
(ora ana latar belakange)
2. Kecamatan Tegowanu
Sawijining dinten Ki Bagus Songgom taksih
anglampahi karemenanipun anandur taneman wonten ing sabin, wayah sakmenika
mendung lajeng wonten bledhek nyamber-nyamber, Ki Bagus Songgom boten pati
nggagas nanging gledhek sansaya ageng, lajeng Ki Ageng Sela duka lan gledhek
menika dicekel dipuntaleni ngagem taneman gandrik lejeng dipun bekta wangsul
dipun deken wonten latar wingking dalemipun Ki Ageng Sela.
Tiyang tangga-tangganpun Ki Bagus
Songgom ngertos menawi panjenengane saged nyekel gledhek lajeng warga dusun
Selo maringi jejuluk dhateg Ki Bagus Songgom kanthi jejuluk Ki Ageng Sela, Ki
Ageng Sela ugi dados patuladhan wonten ing desa Sela kanthi sifate kang remen
peperangan, yaiku peperangan nglawan tiyang-tiyang ingkang sami serakah.
Sunan
Kalijaga gurunipun Ki Ageng Sela mangertosi keprigelannipun Ki Ageng Selo saged
nyekel gledhek, Sunan Kalijaga dereng percados lan ndhawuhi Ki Ageng Selo bekta
bledhek menika wonten ing kerajaan Demak. Ki Ageng Sela nglampahi dhawuhipun
Sunan Kalijaga lan sowan wonten ing Kerajaan Demak. Sakwise dugi wonten ing
kerajaan Demak kepanggih kaliyan Sunan Kalijaga dhawuhi Ki Ageng Sela nggambar
gledkeh menika wonten ing lawang kerajaan Demak kanthi gambar naga. Nalika Ki
Ageng Sela tksih nglukis wonten mbah-mbah ingkang diduga pacanganipun gledhek ingkang
taksih dipun lukis, lajeng mbah-mbah menika wau nyiram gambar gledhek menika
ngagem toya lan sakmenika nalikane gambar gledhek dipun siram kepireng
suantenipun gledhek ageng. Gledhek
ingkang dipun gambar arupi naga ical badanne kantun ndase lan mbah – mbah
ingkang nyiram ugi ical saknalika.
Pepali
1.
Aja Celimuti
Arti
: aja dadi wong sing seneng nyolong.
2.
Aja mburu aleman
Arti
: aja dadi wong sing manja
3.
Aja ladak, wong ladak pan gelis mati
Arti
: janga jadi orang yang galak, orang galak akan cepat meninggal.
Kesimpulan Ceita
Cerita
Rakyat Ki Ageng Sela dari Kec. Tegowanu, Kec. Gubug, Kec. Tangungharjo,
Kec.Kedungjati dan Kec. Karangrayung
Kacariyosaken
wonten priyantun ingkang anama Ki Bagus Songgom. Panjenengane putra saking raja
kerajaan Tuban, ing satunggaling dinten kerajaan Tuban nemahi kahanan susah,
boten dangu kerajaan Tuban gugur/ rubuh amarga peperangan ageng kang ndamel
raja kerajaan Tuban seda. Raja kerajaan Tuban menika ramanipun Ki Bagus
Songgom. Ki bagus songgom ingkang slamet pindah wonten ing dusun Sela Kec. Tawangharjo
Kab. Purwodadi. Panjenenganipun kepanggih kaliyan Sunan Kaijaga ing Demak
lajeng Ki Ageng Seladados muridipun Sunan Kalijaga.
Wonten ing dusunipun Ki Ageng Sela
kawentar anggadhahi karemenan anandur taneman, panjenengane dados petani. Ing
satunggaling Satunggaling carios wonten priyantun ingkang anama Ki Ageng Sela.
Panjenengane putra saking raja kerajaan Tuban. Ing satunggaling dinten kerajaan
Tuban nemahi kahanan kang susah, boten dangu kerajaan Tuban gugur/rubuh nalika
wonten peperangan ageng lan ramanipun Ki Ageng Sela seda saknalika. Ki dinten
Ki Ageng Sela di dhawuhi dening Sunan Kalijaga tapa wonten ing pucuking gunung
Watu Pawon kang manggen ing Kec. Brati. Ki Ageng Selapikantuk pusaka kang arupi
keprigelan nyepeng bledhek.
Sawijining dinten Ki Ageng Sela
taksih anglampahi karemenanipun anandur taneman wonten ing sabin, wayah
sakmenika mendung lajeng wonten bledhek nyamber-nyamber, Ki Ageng Sela boten
pati nggagas nanging gledhek sansaya ageng, lajeng Ki Ageng Sela duka lan
gledhek menika dicekel dipuntaleni ngagem taneman gandrik lejeng dipun bekta
wangsul dipun deken wonten latar wingking dalemipun Ki Ageng Sela.
Cariyosipun gledhek menika wonten
pacanganipun, gledhek setunggal sampun dipun cekel dening Ki Ageng Sela lan
pacanganipun duka (dendam) kaliyan Ki Ageng Sela lan putra wayahipun. Lajeng
wonten papali menawi wayah surup boten angsal saba wonten ing sabin lan menawi
wonten mireng gledhek nyebut Lahaulawalaquwwataillabillah ping 3.
Tiyang tangga-tangganpun Ki Bagus
Songgom ngertos menawi panjenengane saged nyekel gledhek lajeng warga dusun
Selo maringi jejuluk dhateg Ki Bagus Songgom kanthi jejuluk Ki Ageng Sela, Ki
Ageng Sela ugi dados patuladhan wonten ing desa Sela kanthi sifate kang remen
peperangan, yaiku peperangan nglawan tiyang-tiyang ingkang sami serakah.
Ing sawijining dinten Ki Ageng Sela
nampi dhayoh ing daleme, dhayoh menika kancanipun Ki Ageng Sela. Nalika taksih
nampi dhayoh, sampun dados padatan garwanipun masak kagem dhayoh menika.
Nanging nalika dhayoh di pun tawani dhahar, dhayohipun menika boten purun
amargi sampun dhahar wonten ing warung ing dalan nalika badhe teng dalemipun Ki
Ageng Sela. Ki Ageng Sela manahipun kraos duka amargi dhayong ingkang
kancanipun menika bten purun dhahar kamangka sampun dipun masakaken lajeng
wonten pepali menawi ing dusun Sela menika boten angsal sadean sekul.
Sunan Kalijaga
gurunipun Ki Ageng Sela mangertosi keprigelannipun Ki Ageng Selo saged nyekel
gledhek, Sunan Kalijaga dereng percados lan ndhawuhi Ki Ageng Selo bekta
bledhek menika wonten ing kerajaan Demak. Ki Ageng Sela nglampahi dhawuhipun
Sunan Kalijaga lan sowan wonten ing Kerajaan Demak. Sakwise dugi wonten ing
kerajaan Demak kepanggih kaliyan Sunan Kalijaga dhawuhi Ki Ageng Sela nggambar
gledkeh menika wonten ing lawang kerajaan Demak kanthi gambar naga. Nalika Ki
Ageng Sela tksih nglukis wonten mbah-mbah ingkang diduga pacanganipun gledhek
ingkang taksih dipun lukis, lajeng mbah-mbah menika wau nyiram gambar gledhek
menika ngagem toya lan sakmenika nalikane gambar gledhek dipun siram kepireng
suantenipun gledhek ageng. Gledhek
ingkang dipun gambar arupi naga ical badanne kantun ndase lan mbah – mbah
ingkang nyiram ugi ical saknalika.
3.
Kecamatan Gubug
Kacariyosaken
Ki Ageng Sela taksih anglampahi karemenanipun anandur taneman wonten ing sabin,
wayah sakmenika mendung lajeng wonten bledhek nyamber-nyamber, Ki Ageng Sela
boten pati nggagas nanging gledhek sansaya ageng, lajeng Ki Ageng Sela duka lan
gledhek menika dicekel dipuntaleni ngagem taneman gandrik lejeng dipun bekta
wangsul dipun deken wonten latar wingking dalemipun Ki Ageng Sela.
Ing
sawijining dinten Ki Ageng Sela nampi dhayoh ing daleme, dhayoh menika
kancanipun Ki Ageng Sela. Nalika taksih nampi dhayoh, sampun dados padatan
garwanipun masak kagem dhayoh menika. Nanging nalika dhayoh di pun tawani
dhahar, dhayohipun menika boten purun amargi sampun dhahar wonten ing warung
ing dalan nalika badhe teng dalemipun Ki Ageng Sela. Ki Ageng Sela manahipun
kraos duka amargi dhayong ingkang kancanipun menika bten purun dhahar kamangka
sampun dipun masakaken lajeng wonten pepali menawi ing dusun Sela menika boten
angsal sadean sekul.
Sunan
Kalijaga gurunipun Ki Ageng Sela mangertosi keprigelannipun Ki Ageng Selo saged
nyekel gledhek, Sunan Kalijaga dereng percados lan ndhawuhi Ki Ageng Selo bekta
bledhek menika wonten ing kerajaan Demak. Ki Ageng Sela nglampahi dhawuhipun
Sunan Kalijaga lan sowan wonten ing Kerajaan Demak. Sakwise dugi wonten ing
kerajaan Demak kepanggih kaliyan Sunan Kalijaga dhawuhi Ki Ageng Sela nggambar
gledkeh menika wonten ing lawang kerajaan Demak kanthi gambar naga. Nalika Ki
Ageng Sela tksih nglukis wonten mbah-mbah ingkang diduga pacanganipun gledhek
ingkang taksih dipun lukis, lajeng mbah-mbah menika wau nyiram gambar gledhek
menika ngagem toya lan sakmenika nalikane gambar gledhek dipun siram kepireng
suantenipun gledhek ageng. Gledhek
ingkang dipun gambar arupi naga ical badanne kantun ndase lan mbah – mbah
ingkang nyiram ugi ical saknalika.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar