URUTAN KRONOLOGIS
Dari
Novel yang berjudul
EMPRIT ABUNTUT BEDHUG
Novel
Karya : Suparto Brata
Sekuen 1 :
Siti
Respati lunga menyang Surabaya goleti ratu luwes kang mirip karo dheweke.
Kernel 1 : Siti Respati cacak
niyate arep goleki ratu luwes kang ana ing koran, sing jere kanca kantore mirip
jibleg karo dheweke. Siti lunga dhedhemitan ora ngomong sapa-sapa. Nanging
sawabe wong tuwa pancen ora kena kalimpekane, sajake wiwit numpak sepur atine
ora kepenek lan wetenge muneg-muneg , wusana mutah.
-
Sathelite 1 : Siti di
tulungi dening wong dhuwur kang aran Sutahal sing ngaku-ngaku kenal karo
Erawati ratu luwes kang dadi guru SGKP. Mula di pretikelale supaya Siti nginep
ing omahe ndisik.
-
Sathelite 2 : barang
tekan omahe Sutahal Siti di kurung ing omah kono, lan ora di ajak menyang
sekolah SGKP, cekake Sutahal kang nulungi Siti kandha terus terang yen arep
ngrengkuh siti dadi bojone.
-
Sathelite 3 : nalika
kuwi Siti ngakali ethok-ethok srimbit menyang toko sing rame, ing toko rame
Sutahal di kelimpe lan di tilapake, banjur Siti metu saka toko lan ketemu karo Nusyirwan kang aruh-aruh. Anggere
oncat saka Sutahal, Siti nyuwun supaya sepedhah motore enggal di playokake.
-
Sathelite 4 : banjur
Siti di jak ing omahe Nusyirwan lan nyritakake bab jenenge kang ngakune Erawati
lan nginep ing omahe Nusyirwan rong minggu suwene,
-
Sathelite 5 : Siti wani
di jak jalan-jalan ing toko Mardi Busana, ehh...malah Siti ketemu karo Sutahal,
banjur Siti mlayu, tekan njaba toko tangane Siti di cekel dening Sutahal banjur
di gawa menyang umahe Sutahal.
-
Sathelite 6 : tekan
omahe Sutahal, Siti di bopong menyang kamar. Sewengi Sutahal muring-muring
marang Siti jarene di beciki kok ora ngrti. Siti kandha yen dheweke dudu Siti
Respati maning nanging nyonya nusyirwan, ali-ali sing di paringi sibu kang di
enggo ing driji manis kiwa di pamerake marang Sutahal. Sifat brangase Sutahal
mbedhal, Siti di gujer tangane sing nganggo ali-ali di tekuk, banjur Siti ora
eling seteruse.
Kernel
2 : Sutahal bingung arep buang tugelan tangan ing ngendi.
-
Sathelite 1 : sutahal buang
tugelan tangan kuwi mau anjerone
kanthong kan di gawa dening Nusyirwan.
Kernel
3 : Nusyirwan ketemu karo Erawati sing di kira Siti Respati.
-
Sathelite 1 : Nusyirwan
nyantolake kanthong sing di gawa ing sepedhahe Erawati.
Sekuen 2 :
Jarot
srempetan sepeda karo Erawati ing prapatan ngisor jam gedhe.
Kernel
1 : Jarot mancal sepedhahe sakwise nyetitake jam.
-
Sathelite 1 : Jarot
tiba ambruk ndepani dalan, lagi wae pandelengane uwal saka jam.
-
Sathelite 2 : Jarot
atine muring lan arep nandangi sing gawe cilaka.
-
Sathelite 3 : Jarot ora
sida muring sakwise ngreti yen sing srempetan karo dheweke kuwi wong wadon ayu
nganggo klambi kuning.
Kernel 2 : Jarot nemu kanthong kang tiba
saka setang sepedhahe wong wadon klambi kuning mau lan ngacungake kanthong marang
wong wadon mau.
Kernel 3 : Jarot bingung amarga wong
wadon mau ora ngakoni yen kanthonge dudu duweke malah trengginas mancal
sepedhahe.
Kernel 4 : Jarot eggal ngadeg lan
nyingkirake sepedhdahe di gawa minggir marga akeh wong sing pada protes wiwit
anggone suwe ngalangi dalan.
-
Sathelite 1 : Jarot
gumun dene wong wadon mau ora ngakoni kanthong darbeke kang runtuh.
Kernel 5 : Jarot ngguyu pringisan sebab
ana kancane sing ngaran Apip aruh-aruh.
-
Sathelite 1 : Jarot
ngawe-awe tandha aweh salam marang kancane.
-
Sathelite 2 : Jarot
tetep isin sebab dudu apip dhewe kang nyekseni ambruke sepedhahe ing papan rame
mau.
Kernel
6 : jarot enggal nyengklak sepedhahe,pikire esih ruwet.
-
Sathelite 1: Jarot isih
kidhung nyekeli kanthong kang di temu kanthong dudu duweke. Lan dengkule isih
krasa lara.
-
Sathelite 2 : Jarot
pikirane umyeg dhewe nalika nuntun sepedhahe.
Kernel
7 : Jarot mandeg, ngenteni menehi dalan marang wong-wong nyebrang.
-
Sathelite 1: Jarot
rumangsa isih di pandheng uwong. Dipandheng awit tiba mau lan di etutake
lakune.
-
Sathelite 2 : dadi
jengkel, kenapa wong mau esih nyengenges dheweke,
-
Sathelite 3 : Jarot
noleh lan mandeng mencereng marang wong nom-noman kang sajake wiwit mau
ngetutake dheweke.
-
Sathelite 4 : Jarot
ethok-ethok ora nggatekake, nanging ora tinggal kaprayitan.
-
Sathelite 6 : Jarot di
etutake nganti sawetara dohe, barang wis sawetara langka ora ana apa-apa, lan
dalan wis rada lodhang.
-
Sathelite 7 : Jarot
tumoleh sajake wong mau arep ngajak guneman, nanging weruh nyurenge polatane
jarot wong mau banjur nylamur, ethok-ethok ndedeleng sesawangan liya.
Kernel
5 : Jarot pirang-pirang dina iki pancen kudu nesu wae, embuh jalarane.
-
Sathelite 4 : Jarot
bosen dhewe ngulat-ulatake solahe wong brengas ing mburine mau.
-
Sathelite 5 : Jarot
enggal nyingklak sepedhahe amarga kelingan selak surup ora nggawa lampu, sebab
dina wis surup malem jum’at.
Sekuen
3 :
Jarot tekan omah, mbuka kanthong darbek
kang di gawa saka srempetan mau.
Kernal 1 : Jarot tekan omah nyelehake kanthong mau ing meja, persis ing
ngisore lampu kang saben dina di enggo sinau.
-
Sathelite 1 : Jarot
banjur cucul sepatu, cucul clana ganti sarung.
-
Sathelite 2 : Jarot
mlebu dalem gedhe terus menyang jeding, wisuh.
-
Sathelite 3 : Jarot
nggamda menyan di obong, malem jum’at, pripeyane isih ngugemi banget karo
kepercayaan jawa.
-
Sathelite 4 : Jarot
takon marang abdine nanging abdine ora mangsuli.
-
Sathelite 5 : Jarot
takon marag abdine maning nanging wangsulane mau ora jumbuh karo pitakone
jarot, jarot nganti rada mangkel.
Kernel
2 : Jarot bali tekan kamare karo mikir “malam jumat kok umah suwung kamase kok
kepenak wae ninggal umah.
Kernel 3 : Jarot maca
buku lan di bukaki ana ing ngisor lampu karepe arep sinau.
-
Sathelite 1 : Jarot
mikirake terus kantong sing di temu mau kang ana ing ngarepe.
-
Sathelite 2 : Jarot
saya adreng kepengine barang kelingan ing omah ora ana wong.
-
Sathelite 3 : Jarot
durung nduwe rancangan arep di kapakake kanthong kuwi mau.
-
Sathelite 4 : Jarot
kepikiran terus, sanajan mripate tumuju marang buku wacan pasinaone, nanging
gagasane ora bisa manter marang buku, marga nyleweng mikir kanthong.
-
Sathelite 5 : Jarot
suwe-suwe ora betah uga tangane kemlawe nyandak kanthong iku maneh,
-
Sathelite 6 : Jarot
cepetan ndhudhah jerohane kanthong.
-
Sathelite 7 : Jarot
nyekel kanthong lan ngrayangi, jelas dudu mas-inten.
-
Sathelite 8 : Jarot
njerit bareng ngerti isine kathong mau tugelan epek-epek kang di buntel kacu.
-
Sathelite 9 : Jarot
balangake buntelan ing nduwur meja.
Kernel 4 : Jarot kedandapan mlayu menyang dalem gedhe,
-
Sathelite 1: Jarot
mlayu menyang pawon nggoleki abdine wadon.
-
Sathelite 3 : Jarot
mlayu nyedaki jedhing bareng ngerti abdine lagi adus.
-
Sathelite 4 : Jarot
mbengoki abdine, naging ora olih wangsulan.
Kernel 6 : Jarot
kepeksa dhelog-dhelog menang wae, ngenteni ambegane surut.
-
Sathelite 1 : Jarot
wiwit obah bareng wis sareh, golek banyu di ombe.
-
Sathelite 2 : Jarot
nata napase lan nata pikirane banjur kekendelane bali, nalare urip.
Kernel 7 : Jarot wani mlebu kamare
maning lan nyawang tangan kang ana meja ing ngisor lampu, di soroti lampu sinau.
-
Sathelite 1 : Jarot
nyawang tangan mau gluput getih, drijine dawa-dawa pucet, ing driji manise ana
ali-aline, embane lenggak-lenggok, sesocane berleyan pating clotor, sajake
urip.
-
Sathelite 2 : Jarot
mikir yen dheweke kudu cepet-cepet lapur pulisi.
Kernel 8 : Jarot ngetog ngilangake rasa
gigune, mbungkus tangan mau bali kaya maune.
-
Sathelite 1 :Jarot
enggal dandan, ngango clana, sepaton, trus sret nyangking kanthong lan marani
sepedhahe. Kuncine cemantol ing tembok, ah ora nyepedhah wae kandhane.
-
Sathelite 2 : Jarot
enggal metu umah lanterus wae ngawe becak. Jarot ora ndedawa anggone nganyang.
-
Sathelite 3 : Jarot
langsung nyengklak becak.
-
Sathelite 4 : Jarot
kelingan durung pamit karo abdine wadon nalika becak wis mlaku sawetara adohe.
Dene lampu kamar mau uga lali ora dipateni. Lawang kamar isih ngeblak. Sepedhah
sing biyasane digawa uga tetap ing kamare.
-
Sathelite 5 : Jarot uga
kelingan karo arek ayu klambi kuning mau kang numpak sepedhah srempetan karo
dheweke mau.
-
Sathelite 6 : Jarot
nggreyeng ana becak bab arek klambi kuning mau kang oraa gelem ngakoni yen
kanthong kuwi mau tiba saka setang sepedhahe.
Sekuen
4 :
Jarot menyang kantor pulisi saperlu
lapor bab tangan tugel kuwi mau.
Kernel 1 : ing kantor
pulisi ana inspektur Indra kandha pirang-pirang marang dhayohe sing arane
Handaka yen dheweke lagi sbuk amarga akeh prakara kriminal sing kudu
dakberesake.
-
Sathelite 1 : Pak Indra
takon marang Handaka bab tujuane Handaka pinuju Surabaya apa ora di sambat
pulisi.
-
Sathelite 2 : Handaka
mangsule sajake dheweke nyang Surabaya kuwi ya tilik kanca.
Kernel
2 : Jarot tekan kantor pulisi.
-
Sathelite 1 : Jarot di
girid dening pulisi piket di gawa ing ruang Inspekturan.
-
Sathelite 2 : Jarot di
takoni dening Inspektur Indra, apa sing arep di lapurake.
-
Sathelite 3 : Jarot
nyeritakake apa sing kedadian wiwit srempetan nganti dheweke tekan kantor
pulisi.
-
Sathelite 4 : Jarot di
kira goroh dening pak Indra.
-
Sathelite 5 : Jarot di
takoni pak Indra bab seksi-seksi kang weruh kedadian srempetan kuwi.
-
Sathelite 6 : Jarot
malah di tuduh ngarang crita dening pak Indra.
-
Sathelite 7 : Jarot di
tepangake karo Handaka, detektif kang arep nyelidiki kasuse Jarot.
Kernel
3 : Jarot di takoni dening Handaka bab wong kang nyekseni sempetan ing prapatan
mau.
-
Satheite 1 : Jarot
kalingan wong nom brengas kang ngetutake dheweke mau, nanging Jarot ora kenal
lan mau uga pencerengan mesthi wong mau ora kena di ajak kekancan,
-
Sathelite 2 : Jarot
kelingan ana kancane Apip kang aruh-aruh dheweke ing prapatan.
-
Sathelite 3 : Jarot di
jak Handaka mara omahe Apip.
Sekuen 5 :
Nekani
omahe Apip saperlu golet katrangan bab srempetan ing prapatan.
Kernel
1 : Jarot lan Handaka mara omahe Apip kancane Jarot kang meruhi kedadean
srempetane Jarot.
-
Sathelite 1 : Jarot lan
Handaka tekan ing omahe Apip.
-
Sathelite 2 : Jarot
terus mlebu di iringi detektif handaka, banjur Apip salaman, tepungan karo
Handaka.
-
Sathelite 3 : Jarot
kandha-kandha karo Apip kancane sing wus suwe ora kandha-kandha, lan nyritakake
yen dheweke butuh seksi tibane srempetan karo arek ayu.
Kernel
2 : Handaka nakoni Apip, apa Apip tenanan meruhi Jarot pas srempetan karo arek
ayu klambi kuning.
Kernel
3 : Apip mangsuli kanthi jelas nanging bingung yen dheweke kon nyekseni bab
kanthong kang di temu Jarot.
Kernel 4 : Apip di
takoni Handaka, apa Apip ora tepung karo wong-wong liyane maneh sakupenge kang
weruh kedadian srempetan kuwi.
Kernel 5 : Apip kandha
yen apip tepung karo arek ayu kang srempetan karo Jarot.
-
Sathelite 1 : Apip
njelasake yen arek ayu kuwi ratu luwes sing di nobatna dening Balai Pemuda
biyen ika, kang ngaran Erawati.
-
Sathelite 2 : Apip
goleti koran kang ana gambare Erawati banjur di tuduhake marang Handaka lan
Jarot.
Kernel
6 : Handaka takon alamate Erawati kuwi mau ing ngendi.
-
Sathelite 1 : Handaka
lan Jarot langsung pamitan lan mara ing omahe Erawati.
Sekuen 6 :
Handaka
lan Jarot tekan ing omahe Erawati.
Kernel
1 : Handaka lan Jarot di kira tiyang surat kabar dening Erawati.
-
Sathelite 1 : Handaka
lan Jarot ngandhakake perlune menyang omahe, nyritakna kabeh kedadian, nanging
Erawati ora ngakoni yen kanthong iku duweke dheweke.
-
Sathelite 2 : Handaka
nudhuhake tugelan tangan marang Erawati, Erawati kaget banget.
-
Sathelite 3 : Handaka,
Jarot lan Erawati ngrencanakake arep lunga menyang toko wardi busana, arep
goleki wong bagus kang sore mau ngetutake Jarot lan jebule uga nggodani
Erawati.
Sekuen
7 :
Jarot, Handaka, Erawati
lan pulisi anak buahe Handaka kang nganggo klambi preman wis tekan toko Mardi
Busana.
Kernel 1 : Erawati
ethok-ethok tuku benang nanging dudu kuwi tujuane.
-
Sathelite 1 : Erawati
ketemu karo wong bagus kang di goleki.
-
Sathelite 2 : Erawati
ngakuni ora kenal karo wong bagus kang aran Nusyirwan.
Kernel
2 : Nusyirwan kandha arep mbuktekaken yen dheweke lan kaluwargane kenal karo
Erawati kuwi.
Sathelite 1 : Nusyirwan ngajak
Handaka, Jarot lan Erawati saperlu mbuktekane yen dheweke kenal karo Erawati.
Sekuen 8 :
Tekan
omahe Nusyirwan mbuktekake yen kaluwargane uga kenal karo Erawati.
Kernel
1 : Kaluwargane Nusyirwan yo tenanan kenal karo Erawati, nanging Erawati isih
tetep ora ngakoni yen dheweke ora kenal Nusyirwan lan kaluwargane.
-
Sathelite 2 : Nusyirwan
ngira yen Erawati kuwi ilang ingatan apa pancen ethok-ethok ora kenal.
Kernel 2 : Nusyirwan
nyritakake marang Jarot lan Handaka, wiwit sepisanan ketemu karo Erawati nganti
Erawati di jak nginep omahe rong minggu.
-
Sathelite 1 : Nusyirwan
uga crita yen dheweke ngetutake Jarot sakwise Jarot tiba srempetan karo
Erawati.
-
Sathelite 2 : Nusyirwan
kandha yen ali-ali kang di uduhake dening Handaka kuwi ali-aline sibu kang di
paringaken marang Erawati.
-
Sathelite 3 : Nusyirwan
kaget barang Handaka nuduhake isi kantong kuwi tangan tugel.
-
Sathelite 4 : Nusyirwan
ngaku yen dheweke ora ngrti kok kanthong kan di cantolna dheweke ing sepedhahe
Erawati kuwi isine tugelan tangan.
-
Sathelite 5 : Nusyirwan
nyritakake kedadian Erawati nginep ing omahe nganti Erawati ilang pas di ajak
jalan-jalan ing toko Mardi Busana.
Kernel
3 : Nusyirwan di kongkon Handaka mraktekake kebiasaan apa wae kang di lakoni
saksuwene Erawati nginep ing omahe. Nanging Erawati tetep ora kemutan.
Kernel
4 : Erawati lan Jarot di kongkon kon mulih ndisik istirahat banjur mengko
kumpul maneh.
Sekuen 9 :
Erawati
lan Jarot balik maneh ing omahe Nusyirwan lan penyelidikan di lanjutaken maneh.
Kernel
1 : Erawati di kon dandan, kaya sepisanan ketemu karo Nusyirwan.
-
Sathelite 1 : Erawati
karo Nusyirwan di kongkon jalan-jalan menyang toko Mardi Busana.
-
Sathelite 2 : Erawati
ora gelem malah muring-muring marang Handaka.
Kernel
2 : tekan ing toko Erawati karo Nusyirwan di kongkong mlebu toko lan
jalan-jalan ing njero toko.
-
Sathelite 1 : wis
sawetara suwene Erawati lan Nusyirwan bosen banjur metu saka toko.
-
Sathelite 2 : Erawati
lan Nusyirwan di kongkon Handaka kon tetep ana ing njero toko.
Kernel 3 : wis rada
suwe, nalika Erawati lagi nggeret tangane Nusyirwan ndadak tangan kiwane
Erawati sing nyekel kanthong dicekel wong kanthi kasar , terus di angkat, di
angkat menyang ngarepe mripate wong mau, Erawati kaget setengah mati.
-
Sathelite 1 : Erawati
tangane di eculake dening wong mau, lan wong mau jumangkah rerikatan oncat saka
toko.
Kernel
4 : wong dhuwur mau mlayu nyedaki pick-up’e, lagi wau nyekel lawang pick-up’e
pundake di emek daning Handaka.
-
Sathelite 2 : wong dhuwur mau noleh nbanjur ngipatake tangan
kang ana ing pundake.
-
Sathelite 3 : nanging
nalika sikile mancik trap ndadak di ganthol dening sikile Handaka, lan wong
dhuwur mau tiba ing cedhake pick-up abang. Atine muring banget langsung tangi
lan arep ngamuki sing nduwe sikil kuru.
-
Sathelite 4 : Handaka mbengoki jarot kon ngewangi dheweke.
-
Sathelite 5 : wong
dhuwur mau arep njotos Jarot nanging bisa di endhani, banjur Jarot nyemek
pundake wong dhuwur.
-
Sathelite 6 : wong
dhuwur mau noleh lan nyoba njotos Jarot nanging ora kena, banjur balik di jotos
dening jarot, di pindhoni lan di tambahi songkolan gegem di gandheng. Wong
nduwe pick-up abang iku tiba kelumah.
Kernel 5 : Handaka
banjur nggledahi wong kelumah iki, ketemu dompete ana STNK adi deleng aran lan
alamat umahe.
-
Sathelite 1 : Handaka
kandha marang anak buahe yen wong kang tiba kelumah iku kon di gotong di
lebokake pick-up lan di gawa menyang Seksi III.
Kernel
6 : Handaka, Jarot, Erawati lan Nusyirwan banjur menyang alamat kang ana ing
STNK duweke wong dhuwur kuwi mau.
Sekuen 10 :
Handaka,
Jarot Erawati lan Nusyirwan tekan alamat kang di tuju.
Kernel
1 : Handaka langsung ndodog lawang omahe banjur sing mbuka kuwi abdine.
-
Sathelite 1 : barang
Handaka kandha yen dheweke pulisi lan kandha kekarepane, adbi kuwi mau keweden
banget.
-
Sathelite 2 : Handaka
langsung mara menyang njero ndeloki saben kamar, ndadak ana kamar kang nomer
loro ana wong wadon turu kang gluput getih.
-
Sathelite 3 : Handaka
kandha marang Nusyirwan yen wong wadon kuwi mau wanita kang pernah nginep ing
omahe rong minggu lawase kang jenenge Siti Respati.
-
Sathelite 4 : banjur
Siti Respati enggal-enggal oleh pakurmaten.
-
Sathelite 5 : Handaka
nakoni jenenge abdine arep di jaluki katerangan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar