Selasa, 14 Januari 2014

KAJIAN PROSA JAWA MODERN - URUTAN LOGIS



URUTAN LOGIS
Dari Novel yang berjudul
EMPRIT ABUNTUT BEDHUG
Novel Karya : Suparto Brata
1.      SITI RESPATI
ü  Dari sekuen 10 mengakibatkan adanya sekuen 1.
Sekuen 10 : ing omahe Nusyirwan, Siti Respati nyeritakake kedadiane bab lakone dhewe.
-          Siti Respati banjur nyritakake wiwit dheweke sapa, anake sapa, lan nyritakake yen dheweke kuwi kembar.
-          Siti Respati cacak niyate arep goleki ratu luwes kang ana ing koran, sing jere kanca kantore mirip jibleg karo dheweke. Siti lunga dhedhemitan ora ngomong sapa-sapa. Nanging sawabe wong tuwa pancen
-          ora kena kalimpekane, sajake wiwit numpak sepur atine ora kepenek lan wetenge muneg-muneg, wusana mutah. Nalika lagi muntah iku ana wong gedhe dhuwur liwat lan nulungi Siti, apa maning yen dheweke tepung karo Erawati guru SGKP. Mula di pretikelale supaya Siti nginep ing omahe ndisik.
-          Siti di kurung ing omahe Sutahal, lan ora di ajak menyang sekolah SGKP, cekake Sutahal kang nulungi Siti kandha terus terang yen arep ngrengkuh siti dadi bojone.
-          Siti ngakali ethok-ethok srimbit menyang toko sing rame, ing toko rame Sutahal di kelimpe lan di tilapake, banjur aku metu saka toko lan aku ketemu karo Nusyirwan kang aruh-aruh. Anggere oncat saka Sutahal, Siti nyuwun supaya sepedhah motore enggal di playokake.
-          Siti di jak ing omahe Nusyirwan lan nyritakake bab jenenge kang ngakune Erawati. Lan crita apa wae kang di lakoni ana ing omahe Nusyirwan.
-          Siti wani di jak jalan-jalan ing toko Mardi Busana, ehh...malah Siti ketemu karo Sutahal, banjur Siti mlayu, tekan njaba toko tangane Siti di cekel dening Sutahal banjur di gawa menyang umahe Sutahal.
-          Tekan omahe Sutahal, Siti di bopong menyang kamar. Sewengi Sutahal muring-muring marang Siti jarene di beciki kok ora ngrti. Siti kandha yen dheweke dudu Siti Respati maning nanging nyonya nusyirwan, ali-ali sing di paringi sibu kang di enggo ing driji manis kiwa di pamerake marang Sutahal. Sifat brangase Sutahal mbedhal, Siti di gujer tangane sing nganggo ali-ali di tekuk, banjur Siti ora eling seteruse.
Sekuen 1 : Jarot srempetan sepeda karo Erawati ing prapatan ngisor jam gedhe lan nemu kanthong kang isine tangan tugel yaiku tangane Siti Respati.

2.      NUSYIRWAN
ü  Dari sekuen 6 mengakibatkan terjadinya sekuen 1.
Sekuen 6 : Jarot, Handaka, Erawati lan pulisi anak buahe Handaka kang nganggo klambi preman wis tekan toko Mardi Busana lan ketemu karo Nusyirwan.
-          Nusyirwan ketemu karo Erawati sing sebenere kuwi Siti Respati ing ngarep toko Mardi Busana.
-          Nusyirwan ngajak Siti Respati menyang omahe lan Siti Respati di kon nginep ana omahe.
-          Nusyirwan ngajak Siti Respati jalan-jalan menyang toko Mardi Busana.
-          Nusyirwan ketemu karo Erawati asli kang di kira kuwi Siti Respati kang pernah nginep ana umahe.
-          Nusyirwan kandha arep mbuktekaken yen dheweke lan kaluwargane kenal karo Erawati kuwi.
-          Nusyirwan ngajak Handaka, Jarot lan Erawati saperlu mbuktekane yen dheweke kenal karo Erawati.
-          Nusyirwan nyritakake wiwit sepisanan ketemu karo Erawati nganti Erawati di jak nginep omahe rong minggu.
Sekuen 1 : Jarot srempetan sepeda karo Erawati ing prapatan ngisor jam gedhe lan nemu kanthong kang isine tangan tugel.
-          Nusyirwan uga crita yen dheweke ngetutake Jarot sakwise Jarot tiba srempetan karo Erawati.

ü  Dari sekuen 1 mengakibatkan adanya sekuen 7.
Sekuen 7 : tekan omahe, Nusyirwan mbuktekake yen kaluwargane tepung karo Erawati lan penyelidikan di wiwiti ing omahe Nusyirwan dening Handaka.
-          Nusyirwan kandha yen ali-ali kang di uduhake dening Handaka kuwi ali-aline sibu kang di paringaken marang Erawati.
-          Nusyirwan kaget barang Handaka nuduhake isi kantong kuwi tangan tugel.
-          Nusyirwan ngaku yen dheweke ora ngerti kok kanthong kan di cantolna dheweke ing sepedhahe Erawati kuwi isine tugelan tangan.
-          Nusyirwan nyritakake kedadian Erawati nginep ing omahe nganti Erawati ilang pas di ajak jalan-jalan ing toko Mardi Busana.
-          Nusyirwan di kongkon Handaka mraktekake kebiasaan apa wae kang di lakoni saksuwene Erawati nginep ing omahe. Nanging Erawati tetep ora kemutan.

ü  Dari sekuen 7 mengakibatkan adanya sekuen 8.
Sekuen 8 : Erawati lan Jarot balik maneh ing omahe Nusyirwan lan penyelidikan di lanjutaken maneh.
-          Nusyirwan karo Erawati di kongkon jalan-jalan menyang toko Mardi Busana.
-          Nusyirwan karo Erawati di kongkong mlebu toko lan jalan-jalan ing njero toko.
-          Wis sawetara suwene Nusyirwan lan Erawati bosen banjur metu saka toko.
-          Nusyirwan lan Erawati di kongkon Handaka kon tetep ana ing njero toko.

ü  Dari sekuen 8 mengakibatkan adanya sekuen 9.
Sekuen 9 : Erawati tangane di cekel dening wong kanthi kasar.
-          Nalika tangane Nusyirwan di geret Erawati  ndadak tangan kiwane Erawati ana sing nyekel kanthong dicekel wong kanthi kasar, terus di angkat, di angkat menyang ngarepe mripate wong mau, erawati kaget setengah mati.

ü  Dari sekuen 9 mengakibatkan adanya sekuen 10.
Sekuen 10 : Handaka, Jarot Erawati lan Nusyirwan tekan alamat kang di tuju.
-          Nusyirwan Handaka, Jarot, Erawati banjur menyang alamat kang ana ing STNK duweke wong dhuwur kuwi  mau.
-          Handaka, Jarot Erawati lan Nusyirwan tekan alamat kang di tuju.
-          Handaka kandha marang Nusyirwan yen wong wadon kuwi mau wanita kang pernah nginep ing omahe Nusyirwan rong minggu lawase kang jenenge Siti Respati.


ü  Dari sekuen 10 mengakibatkan adanya sekuen 11.
Sekuen 11 : Ing omahe Nusyirwan, Siti Respati nyritakake kedadian bab lakone dhewe kang njalari nemu kasengsaran kaya ngono iku.
-          Ing omahe Nusyirwan, Siti Respati nyritakake kedadian bab lakone dhewe kang njalari nemu kasengsaran kaya ngono iku.

3.      ERAWATI
ü  Dari sekuen 5 mengakibatkan adanya sekuen 1.
Sekuen 5 : Handaka lan Jarot tekan ing omahe Erawati.
-          Erawati di godani daning Nusyirwan pas ana ing Toko Mardi Busana.
Sekuen 1 : Jarot srempetan sepeda karo Erawati ing prapatan ngisor jam gedhe lan nemu kanthong kang isine tangan tugel.
-          Erawati srempetan karo Jarot ing prapatan cedhak Toko Mardi Busana.
-          Erawati ora ngakoni kanthong kang uncal saka setang sepedhahe mau duweke dheweke,  malah Erawati mancal sepedhahe kanthi trengginas.

ü  Dari sekuen 1 mengakibatkan adanya sekuen 5 lagi.
Sekuen 5 : Handaka lan Jarot tekan ing omahe Erawati.
-          Erawati ora ngakoni yen kanthong iku duweke dheweke pas di takoni Handaka kang mara ing omahe dheweke.
-          Erawati Handaka, Jarot ngrencanakake arep lunga menyang toko Wardi Busana, arep goleki wong bagus kang sore mau ngetutake Jarot lan jebule uga nggodani Erawati.

ü  Dari sekuen 5 mengakibatkan adanya sekuen 6.
Sekuen 6 : Jarot, Handaka, Erawati lan pulisi anak buahe Handaka kang nganggo klambi preman wis tekan toko Mardi Busana lan ketemu karo Nusyirwan.
-          Erawati ketemu karo wong bagus kang di goleki.
-          Erawati ngakuni ora kenal karo wong bagus kang aran Nusyirwan.
-          Erawati, Jarot lan Handaka di ajak menyang omahe Nusyirwan.



ü  Dari sekuen 6 mengakibatkan adanya sekuen 7.
Sekuen 7 : Tekan omahe Nusyirwan mbuktekake yen kaluwargane uga kenal karo Erawati lan penyelidikan di wiwiti ing omahe Nusyirwan dening Handaka.
-          Erawati di kenali dening kaluwargane Nusyirwan.
-          Erawati melu jalane penyelidikan ing omahe Nusyirwan.
-          Erawati ora kemutan yen dheweke pernah nginep ing omahe Nusyirwan.
-          Erawati lan Jarot di kongkon kon mulih ndisik istirahat banjur mengko kumpul maneh.

ü  Dari sekuen 7 mengakibatkan adanya sekuen 8.
Sekuen 8 : Erawati lan Jarot balik maneh ing omahe Nusyirwan lan penyelidikan di lanjutaken maneh.
-          Erawati lan Jarot balik maneh ing omahe Nusyirwan lan penyelidikan di lanjutaken maneh.
-          Erawati di kon dandan, kaya sepisanan Nusyirwan ketemu dheweke sing sebenere Siti Respati.
-          Erawati karo Nusyirwan di kongkon jalan-jalan menyang toko Mardi Busana.
-          Erawati ora gelem malah muring-muring marang Handaka.
-          Erawati karo Nusyirwan di kongkong mlebu toko lan jalan-jalan ing njero toko.
-          Wis sawetara suwene Erawati lan Nusyirwan bosen banjur metu saka toko.
-          Erawati lan Nusyirwan di kongkon Handaka kon tetep ana ing njero toko.

ü  Dari sekuen 8 mengakibatkan adanya sekuen 9.
Sekuen 9 : Erawati tangane di cekel dening wong kanthi kasar.
-          Erawati lagi nggeret tangane Nusyirwan ndadak tangan kiwane Erawati sing nyekel kanthong dicekel wong kanthi kasar, terus di angkat, di angkat menyang ngarepe mripate wong mau, erawati kaget setengah mati.
-          Erawati tangane di eculake dening wong mau, lan wong mau jumangkah rerikatan oncat saka toko.
-          Erawati, Handaka, Jarot lan Nusyirwan banjur menyang alamat kang ana ing STNK duweke wong dhuwur kuwi  mau.



ü  Dari sekuen 9 mengakibatkan adanya sekuen 10.
Sekuen 10 : Handaka, Jarot Erawati lan Nusyirwan tekan alamat kang di tuju.
-          Erawati, Handaka, Jarot lan Nusyirwan banjur tekan ing alamat kang di tuju.
-          Erawati di kira nyawane Siti Respati dening abdine Sutahal awit rupane jibleg Siti Respati.

ü  Dari sekuen 10 mengakibatkan adanya sekuen 11.
Sekuen 11 : Ing omahe Nusyirwan, Siti Respati nyritakake kedadian bab lakone dhewe kang njalari nemu kasengsaran kaya ngono iku.
-          Erawati lan Jarot saiki maradhayoh menyang anggone Nusyirwan kanthi seneng ati.
-          Erawati mlebu ing pendhapa ruang tamu, dheweke di papagake kembarane. Erawati ora kuwat lan ngekep kembarane Siti Respati dene lambene di ecupake ing lambene Siti Respati.
-          Erawati ora sadar yen ing pojokan ana Handaka, lan jebulane ing kono wis akeh wong ngenteni dheweke.
-          Erawati ngrungokake critane Siti Respati.
-          Erawati crita bab lungane menyang semarang amarga di kejar-kejar wae dening wartawan Arek Surabaya, nganti di kirimi layang menyang sekolahane mbarang, lha jebul kang nulis layang kuwi mau Siti kang wedi sedulure ketemu karo Sutahal.
-          Erawati ngudarasa yen pancen wis lawas dheweke ngrasa yen ibu kang ana ing porbolinggo kang ngopeni nganti gedhe kuwi dudu ibu kandunge.
-          Erawati nglucu nganggo basa madura awit wiwit cilik manggon ing porbolinggo.










4.      JAROT
ü  Dari sekuen 1 mengakibatkan adanya sekuen 2.
Sekuen 1 : Jarot srempetan sepeda karo Erawati ing prapatan ngisor jam gedhe lan nemu kanthong kang isine tangan tugel.
-          Jarot srempetan sepeda karo Erawati ing prapatan ngisor jam gedhe.
-          Jarot mancal sepedhahe sakwise nyetitake jam.
-          Jarot tiba ambruk ndepani dalan, lagi wae pandelengane uwal saka jam.
-          Jarot atine muring lan arep nandangi sing gawe cilaka.
-          Jarot ora sida muring sakwise ngreti yen sing srempetan karo dheweke kuwi wong wadon ayu nganggo klambi kuning.
-          Jarot nemu kanthong kang tiba saka setang sepedhahe wong wadon klambi kuning mau lan ngacungake kanthong marang wong wadon mau.
-          Jarot bingung amarga wong wadon mau ora ngakoni yen kanthonge dudu duweke malah trengginas mancal sepedhahe.
-          Jarot eggal ngadeg lan nyingkirake sepedhdahe di gawa minggir marga akeh wong sing pada protes wiwit anggone suwe ngalangi dalan.
-          Jarot gumun dene wong wadon mau ora ngakoni kanthong darbeke kang runtuh.
-          Jarot ngguyu pringisan sebab ana kancane sing ngaran Apip aruh-aruh.
-          Jarot ngawe-awe tandha aweh salam marang kancane.
-          Jarot tetep isin sebab dudu Apip dhewe kang nyekseni ambruke sepedhahe ing papan rame mau.
-          Jarot enggal nyengklak sepedhahe, pikire esih ruwet.
-          Jarot isih kidhung nyekeli kanthong kang di temu kanthong dudu duweke. Lan dengkule isih krasa lara.
-          Jarot pikirane umyeg dhewe nalika nuntun sepedhahe.
-          Jarot mandeg, ngenteni menehi dalan marang wong-wong nyebrang.
-          Jarot rumangsa isih di pandheng uwong. Dipandheng awit tiba mau lan di etutake lakune.
-          Jarot dadi jengkel, kenapa wong mau esih nyengenges dheweke.
-          Jarot noleh lan mandeng mencereng marang wong nom-noman kang sajake wiwit mau ngetutake dheweke.
-          Jarot ethok-ethok ora nggatekake, nanging ora tinggal kaprayitan.
-          Jarot di etutake nganti sawetara dohe, barang wis sawetara langka ora ana apa-apa, lan dalan wis rada lodhang.
-          Jarot tumoleh sajake wong mau arep ngajak guneman, nanging weruh nyurenge polatane Jarot wong mau banjur nylamur, ethok-ethok ndedeleng sesawangan liya.
-          Jarot pirang-pirang dina iki pancen kudu nesu wae, embuh jalarane.
-          Jarot bosen dhewe ngulat-ulatake solahe wong brengas ing mburine mau.
-          Jarot enggal nyingklak sepedhahe amarga kelingan selak surup ora nggawa lampu, sebab dina wis surup malem jum’at.
Sekuen 2 : Jarot tekan omah, mbuka kanthong darbek kang di gawa saka srempetan mau.
-          Jarot tekan omah, mbuka kanthong darbek kang di gawa saka srempetan mau.
-          Jarot tekan omah  nyelehake kanthong mau ing meja, persis ing ngisore lampu kang saben dina di enggo sinau.
-          Jarot banjur cucul sepatu, cucul clana ganti sarung.
-          Jarot mlebu dalem gedhe terus menyang jeding, wisuh.
-          Jarot nggamda menyan di obong, malem jum’at, pripeyane isih ngugemi banget karo kepercayaan jawa.
-          Jarot takon marang abdine nanging abdine ora mangsuli.
-          Jarot takon marang abdine maning nanging wangsulane mau ora jumbuh karo pitakone Jarot, Jarot nganti rada mangkel.
-          Jarot bali tekan kamare karo mikir “malam jumat ko’ umah suwung kamase ko’ kepenak wae ninggal umah.
-          Jarot maca buku lan di bukaki ana ing ngisor lampu karepe arep sinau.
-          Jarot mikirake terus kanthong sing di temu mau kang ana ing ngarepe.
-          Jarot saya adreng kepengine barang kelingan ing omah ora ana wong.
-          Jarot durung nduwe rancangan arep di kapakake kanthong kuwi mau.
-          Jarot kepikiran terus, sanajan mripate tumuju marang buku wacan pasinaone, nanging gagasane ora bisa manter marang buku, marga nyleweng mikir kanthong.
-          Jarot suwe-suwe ora betah uga tangane kemlawe nyandak kanthong iku maneh,
-          Jarot cepetan ndhudhah jerohane kanthong.
-          Jarot nyekel kanthong lan ngrayangi, jelas dudu mas-inten.
-          Jarot njerit bareng ngerti isine kathong mau tugelan epek-epek kang di buntel kacu.
-          Jarot balangake buntelan ing nduwur meja.
-          Jarot kedandapan mlayu menyang dalem gedhe,
-          Jarot mlayu menyang pawon nggoleki abdine wadon.
-          Jarot mlayu nyedhaki jedhing bareng ngerti abdine lagi adus.
-          Jarot mbengoki abdine, naging ora olih wangsulan.
-          Jarot kepeksa dhelog-dhelog meneng wae, ngenteni ambegane surut.
-          Jarot wiwit obah bareng wis sareh, golek banyu di ombe.
-          Jarot nata napase lan nata pikirane banjur kekendelane bali, nalare urip.
-          Jarot wani mlebu kamare maning lan nyawang tangan kang ana meja ing ngisor lampu, di soroti lampu sinau.
-          Jarot nyawang tangan mau gluput getih, drijine dawa-dawa pucet, ing driji manise ana ali-aline, embane lenggak-lenggok, sesocane berleyan pating clotor, sajake urip.
-          Jarot mikir yen dheweke kudu cepet-cepet lapur pulisi.
-          Jarot ngetog ngilangake rasa gigune, mbungkus tangan mau bali kaya maune.
-          Jarot enggal dandan, ngango clana, sepaton, trus cepet nyangking kanthong lan marani sepedhahe. Kuncine cemantol ing tembok, ah ora nyepedhah wae kandhane.
-          Jarot enggal metu umah lan terus wae ngawe becak. Jarot ora ndedawa anggone nganyang.
-          Jarot langsung nyengklak becak.
-          Jarot kelingan durung pamit karo abdine wadon nalika becak wis mlaku sawetara adohe. Dene lampu kamar mau uga lali ora dipateni. Lawang kamar isih ngeblak. Sepedhah sing biyasane digawa uga tetap ing kamare.
-          Jarot uga kelingan karo arek ayu klambi kuning mau kang numpak sepedhah srempetan karo dheweke mau.
-          Jarot nggreyeng ana becak bab arek klambi kuning mau kang ora gelem ngakoni yen kanthong kuwi mau tiba saka setang sepedhahe.

ü  Dari sekuen 2 mengakibatkan adanya sekuen 3.
Sekuen 3 : Jarot menyang kantor pulisi saperlu lapor bab tangan tugel kuwi mau. Jarot menyang kantor pulisi saperlu lapor bab tangan tugel kuwi mau.
-          Jarot tekan kantor pulisi.
-          Jarot di girid dening pulisi piket di gawa ing ruang Inspekturan.
-          Jarot di takoni dening Inspektur Indra, apa sing arep di lapurake.
-          Jarot nyeritaake apa sing kedadian wiwit srempetan nganti dheweke tekan kantor pulisi
-          Jarot di kira goroh dening pak Indra.
-          Jarot di takoni bab seksi-seksi kang weruh kedadian srempetan kuwi.
-          Jarot malah di tuduh ngarang crita.
-          Jarot di tepangake karo Handaka, detektif kang arep nyelidiki kasus’e Jarot.
-          Jarot di takoni dening Handaka bab wong kang nyekseni sempetan ing prapatan mau.
-          Jarot kalingan wong nom brengas kang ngetutake dheweke mau, nanging Jarot ora kenal lan mau uga pencerengan mesthi wong mau ora kena di ajak kekancan,
-          Jarot kelingan ana kancane Apip kang aruh-aruh dheweke ing prapatan.

ü  Dari sekuen 3 mengakibatkan adanya sekuen 4.
Sekuen 4 : Nekani omahe Apip saperlu golet katrangan bab srempetan ing prapatan.
-          Jarot di jak Handaka mara omahe Apip.
-          Jarot lan Handaka mara omahe Apip kancane Jarot kang meruhi kedadean srempetane Jarot.
-          Jarot lan Handaka tekan ing omahe Apip.
-          Jarot terus mlebu di iringi detektif Handaka, banjur apip salaman, tepungan karo handaka.
-          Jarot kandha-kandha karo Apip kancane sing wus suwe ora kandha-kandha, lan nyritakake yen dheweke butuh seksi tibane srempetan karo arek ayu.
-          Jarot di tuduhi majalah kang ana berita ratu luwes dening Apip.

ü  Dari sekuen 4 mengakibatkan adanya sekuen  5.
Sekuen 5 : Handaka lan Jarot tekan ing omahe Erawati.
-          Jarot lan Handaka di kira tiyang surat kabar dening Erawati.
-          Jarot lan Handaka ngandhakake perlune menyang omahe, nyritakna kabeh kedadian, nanging Erawati ora ngakoni yen kanthong iku duweke dheweke.
-          Jarot, Handaka lan Erawati ngrencanakake arep lunga menyang toko Wardi Busana, arep goleki wong bagus kang sore mau ngetutake Jarot lan jebule uga nggodani Erawati.

ü  Dari sekuen 5 mengakibatkan adanya sekuen 6.
Sekuen 6 : Jarot, Handaka, Erawati lan pulisi anak buahe Handaka kang nganggo klambi preman wis tekan toko Mardi Busana lan ketemu karo Nusyirwan.
-          Jarot, Handaka, Erawati lan pulisi kang nganggo klambi preman wis tekan toko Mardi Busana.


ü  Dari sekuen 6 mengakibatkan adanya sekuen 7.
Sekuen 7 : Tekan omahe Nusyirwan mbuktekake yen kaluwargane uga kenal karo Erawati lan penyelidikan di wiwiti ing omahe Nusyirwan dening Handaka.
-          Jarot, Erawati lan Handaka di jak mara ing omahe Nusyirwan saperlu mbuktekake yen kaluwargane Nusyirwan tepung karo Erawati.
-          Jarot melu jalane penyelidikan ing omahe Nusyirwan.
-          Jarot lan Handaka di kongkon kon mulih ndisik istirahat banjur mengko kumpul maneh.

ü  Dari sekuen 7 mengakibatkan adanya sekuen 8.
Sekuen 8 : Erawati lan Jarot balik maneh ing omahe Nusyirwan lan penyelidikan di lanjutaken maneh.
-          Jarot lan Handaka balik maneh ing omahe Nusyirwan lan penyelidikan di lanjutaken maneh.

ü  Dari sekuen ke 8 mengakibatkan adanya sekuen ke 9.
Sekuen 9 : Erawati tangane di cekel dening wong kanthi kasar. Sing isine :
-          Jarot di bengoki daning Handaka kon ngewangi dheweke.
-          Jarot arep di jotos dening wong dhuwur  mau nanging bisa di endhani, banjur Jarot nyemek pundake wong dhuwur.
-          Jarot arep di jotos dening wong dhuwur mau maning nanging ora kena, banjur balik di jotos dening Jarot, di pindhoni lan di tambahi songkolan gegem di gandheng. Wong nduwe pick-up abang iku tiba kelumah.

ü  Dari sekuen 9 mengakibatkan adanya sekuen ke 10.
Sekuen 10 : Handaka, Jarot Erawati lan Nusyirwan tekan alamat kang di tujuJarot, Handaka, Erawati lan Nusyirwan banjur menyang alamat kang ana ing STNK duweke wong dhuwur kuwi  mau.
-          Jarot, Handaka, Erawati lan Nusyirwan tekan alamat kang di tuju.

ü  Dari sekuen 10 mengakibatkan adanya sekuen ke 11.
Sekuen 11 : Ing omahe Nusyirwan, Siti Respati nyritakake kedadian bab lakone dhewe kang njalari nemu kasengsaran kaya ngono iku.
-          Jarot lan Erawati saiki maradhayong menyang anggone Nusyirwan kanthi seneng ati.
-          Jarot lan Erawati saiki maradhayong menyang anggone Nusyirwan kanthi seneng ati.
-          Jarot ngrungokake critane Siti Respati.


5.      APIP
ü  Dari sekuen 1 mengakibatkan adanya sekuen 4.
Sekuen 1 : Jarot srempetan sepeda karo Erawati ing prapatan ngisor jam gedhe lan nemu kanthong kang isine tangan tugel.
-          Apip aruh-aruh  Jarot sing nembe bae tiba srempetan.
Sekuen 4 : Nekani omahe Apip saperlu golet katrangan bab srempetan ing prapatan.
-          Apip salaman, tepungan karo Handaka barang Handaka lan Jarot tekan ana omahe Apip.
-          Jarot kandha-kandha karo Apip kancane sing wus suwe ora kandha-kandha, lan nyritakake yen dheweke butuh seksi tibane srempetan karo arek ayu.
-          Apip di takoni Handaka, apa Apip tenanan meruhi Jarot pas srempetan karo arek ayu klambi kuning.
-          Apip mangsuli kanthi jelas nanging bingung yen dheweke kon nyekseni bab kanthong kang di temu Jarot.
-          Apip di takoni Handaka, apa Apip ora tepung karo wong-wong liyane maneh sakupenge kang weruh kedadian srempetan kuwi.
-          Apip kandha yen apip tepung karo arek ayu kang srempetan karo Jarot.
-          Apip njelasake yen arek ayu kuwi ratu luwes sing di nobatna dening Balai Pemuda biyen ika, kang ngaran Erawati.
-          Apip goleti koran kang ana gambare Erawati banjur di tuduhake marang Handaka lan Jarot.

6.      HANDAKA
ü  Dari sekuen 3 mengakibtkan adanya sekuen 4.
Sekuen 3 : Jarot menyang kantor pulisi saperlu lapor bab tangan tugel kuwi mau. inspektur Indra kandha pirang-pirang marang dhayohe sing arane Handaka yen dheweke lagi sbuk amarga akeh prakara kriminal sing kudu dakberesake.
-          Handaka di takoni pak Indra bab tujuane Handaka pinuju Surabaya apa ora di sambat pulisi.
-          Handaka mangsule sajake dheweke nyang Surabaya kuwi ya tilik kanca.
-          Handaka nakoni Jarot bab wong kang nyekseni sempetan ing prapatan mau.
Sekuen 4 : Nekani omahe Apip saperlu golet katrangan bab srempetan ing prapatan. Handaka ngajak Jarot mara omahe Apip.
-          Handaka lan Jarot mara omahe Apip kancane Jarot kang meruhi kedadean srempetane Jarot.
-          Handaka lan Jarot tekan ing omahe Apip.
-          Jarot terus mlebu di iringi detektif handaka, banjur Apip salaman, tepungan karo Handaka.
-          Handaka nakoni Apip, apa Apip tenanan meruhi Jarot pas srempetan karo arek ayu klambi kuning.
-          Handaka nakoni Apip, apa Apip ora tepung karo wong-wong liyane maneh sakupenge kang weruh kedadian srempetan kuwi.
-          Apip goleti koran kang ana gambare Erawati banjur di tuduhake marang Handaka lan Jarot.
-          Handaka takon alamate Erawati kuwi mau ing ngendi.

ü  Dari sekuen 4 mengakibatkan adanya sekuen 5.
Sekuen 5 : Handaka lan Jarot tekan ing omahe Erawati.
-          Handaka lan Jarot langsung pamitan lan mara ing omahe Erawati.
-          Handaka lan Jarot di kira tiyang surat kabar dening Erawati.
-          Handaka lan Jarot ngandhakake perlune menyang omahe, nyritakna kabeh kedadian, nanging Erawati ora ngakoni yen kanthong iku duweke dheweke.
-          Handaka nudhuhake tugelan tangan marang Erawati, Erawati kaget banget.
-          Handaka, Jarot lan Erawati ngrencanakake arep lunga menyang toko wardi busana, arep goleki wong bagus kang sore mau ngetutake Jarot lan jebule uga nggodani Erawati.

ü  Dari sekuen 5 mengakibatkan adanya sekuen 6.
Sekuen 6 : Jarot, Handaka, Erawati lan pulisi anak buahe Handaka kang nganggo klambi preman wis tekan toko Mardi Busana lan ketemu karo Nusyirwan.
-          Handaka, Jarot,  Erawati lan pulisi kang nganggo klambi preman wis tekan toko Mardi Busana.
-          Handaka, Jarot lan Erawati di ajak Nusyirwan saperlu mbuktekane yen dheweke kenal karo Erawati.

ü  Dari sekuen 6 mengakibatkan adanya sekuen 7.
Sekuen 7 : Tekan omahe Nusyirwan mbuktekake yen kaluwargane uga kenal karo Erawati lan penyelidikan di wiwiti ing omahe Nusyirwan dening Handaka.
-          Handaka lan Jarot di critani Nusyirwan wiwit sepisanan ketemu karo Erawati nganti Erawati di jak nginep omahe rong minggu.
-          Handaka nuduhake ali-ali marang Nusyirwan.
-          Handaka uga nuduhake isi kanthong kuwi tangan tugel.
-          Handaka ngongkon Nusyirwan mraktekake kebiasaan apa wae kang di lakoni saksuwene Erawati nginep ing omahe.
-          Handaka ngongkon Erawati lan Jarot mulih ndisik istirahat banjur mengko kumpul maneh.

ü  Dari sekuen 7 mengakibatkan adanya sekuen 8.
Sekuen 8 : Erawati lan Jarot balik maneh ing omahe Nusyirwan lan penyelidikan di lanjutaken maneh.
-          Handaka nglanjutake maneh penyelidikan barang Jarot lan Erawati wis tekan omahe Nusyirwan maneh.
-          Handaka di uring-uring dening Erawati.
-          Handaka ngongkon Erawati lan Nusyirawan mlebu lan jalan-jalan ana njero toko.



ü  Dari sekuen 8 mengakibatkan adanya sekuen 9.
Sekuen 9 : Erawati tangane di cekel dening wong kanthi kasar.
-          Handaka ngemek pundhake wong dhuwur kang nyekel tangane Erawati.
-          Handaka nggantol sikile wong dhuwur mau.
-          Handaka mbengoki jarot kon ngewangi dheweke.
-          Handaka banjur nggledahi wong kelumah iki, ketemu dompete ana STNK adi deleng aran lan alamat umahe.
-          Handaka kandha marang anak buahe yen wong kang tiba kelumah iku kon di gotong di lebokake pick-up lan di gawa menyang Seksi III.
-          Handaka, Jarot, Erawati lan Nusyirwan banjur menyang alamat kang ana ing STNK duweke wong dhuwur kuwi  mau.

ü  Dari sekuen 9 mengakibatkan adanya sekuen 10.
Sekuen 10 : Handaka, Jarot Erawati lan Nusyirwan tekan alamat kang di tuju. Handaka, Jarot Erawati lan Nusyirwan tekan alamat kang di tuju.
-          Handaka langsung ndodog lawang omahe banjur sing mbuka kuwi abdine.
-          barang Handaka kandha yen dheweke pulisi lan kandha kekarepane, abdi kuwi mau keweden banget.
-          Handaka langsung mara menyang njero ndeloki saben kamar, ndadak ana kamar kang nomer loro ana wong wadon turu kang gluput getih.
-          Handaka kandha marang Nusyirwan yen wong wadon kuwi mau wanita kang pernah nginep ing omahe rong minggu lawase kang jenenge Siti Respati.
-          Handaka nakoni jenenge abdine arep di jaluki katerangan.

ü  Dari sekuen 10 mengakibatkan adanya sekuen 11.
Sekuen 11 : Ing omahe Nusyirwan, Siti Respati nyritakake kedadian bab lakone dhewe kang njalari nemu kasengsaran kaya ngono iku.
-          Ing pojokan ruang tamu umahe Nusyirwan ana Handaka, lan jebulane ing kono wis akeh wong ngenteni Erawati lan Jarot.
-          Handaka nyitakake bab kanthong kang maune di gawa Nusyirwan banjur di cantholake ing sepedhahe Erawati kok bisa isi tangan tugel, jebule sedurunge di cantholake ing sepedhahe Erawati, Sutahal kang bingung mbuwang tugelan tangan kuwi banjur marang toko kang rame, weruh kanthong sing di gawa Nusyirwan banjur tugelan tangan di lebokake marang kanthong kuwi.
-          Handaka nerusake critake bab sutahal kang sedurunge kecekel,  jalan-jalan ana ing toko kanggo mastikake yen tagan tugel kang di lebokake kanthong kuwi apa dadi masalah apa ora, banjur weruh wong wadon kang mirip karo Siti lan dheweke kaget nganti nyekel tangan kiwane Erawati kang sajake pernah di tugel dening dheweke, rak yo kaget wong tangan kiwane Erawati isih wutuh, wong Sutahal ora ngreti yen ana wong loro kang sejen.
-          Handaka uga crita yen dheweke wis curga yen ana wong loro kang sejen, siji Erawati lan sijine ya Siti Respati kuwi.
-          Handaka kandha yen Sutahal ora ana ing toko lan meruhi Erawati kang tangane wutuh yo Erawati karo Nusyirwan kudu mlebu metu ing toko terus wae nganti konangan yen ora konangan arep di lanjutake nganti dina lajenge.
-          Handaka terus njelasake bab pisahe wong wadon loro kang  kembar kuwi pas sakwise nglairake anak kembar ing rumah sakit sibu sambat yen kakehen momongan, lah ana tanga kamare pada ngalirake nanging anake mati, banjur kanthi dangan bayine salah siji di jupuk dening biyung kang anake kepaten mau.


7.      INSPEKTUR INDRA
ü  Dari sekuen 3 mengakibatkan adanya sekuen ke 11.
Sekuen 3 : Jarot menyang kantor pulisi saperlu lapor bab tangan tugel kuwi mau.
-          Ing kantor pulisi ana inspektur Indra kandha pirang-pirang marang dhayohe sing arane Handaka yen dheweke lagi sbuk amarga akeh prakara kriminal sing kudu dakberesake.
-          Pak Indra takon marang Handaka bab tujuane Handaka pinuju Surabaya apa ora di sambat pulisi.
-          Inspektur Indra nakoni Jarot, apa sing arep di lapurake.
-          Pak Indra ngira yen Jarot kuwi goroh bab critane mau.
-          Pak Indra nakoni Jarot bab seksi-seksi kang weruh kedadian srempetan kuwi.
-          Pak Indra nuduh yen Jarot ngarang cerita.

ü  Dari sekuen 3 mengakibatkan adanya sekuen 11.
Sekuen 11 : Ing omahe Nusyirwan, Siti Respati nyritakake kedadian bab lakone dhewe kang njalari nemu kasengsaran kaya ngono iku.

-          Ing pojokan ana Inspektur Indra lan Handaka, sing jebulane ing kono wis akeh wong ngenteni Erawati lan Jarot.


8.      PULISI PIKET
Namung ana ing sekuen 3.
Sekuen 3 : Jarot menyang kantor pulisi saperlu lapor bab tangan tugel kuwi mau.
-          Pulisi piket girid Jarot lan di gawa ing ruang Inspekturan.

9.      SUTAHAL
ü  Dari sekuen 11 mengakibatkan adanya sekuen 9.
Sekuen 11 : Ing omahe Nusyirwan, Siti Respati nyritakake kedadian bab lakone dhewe kang njalari nemu kasengsaran kaya ngono iku.
-          Sutahal nulungi Siti, pas Siti mutah ing kereta, apa maning yen dheweke tepung karo Erawati guru SGKP. Mula di pretikelale supaya Siti nginep ing omahe ndisik.
-          Tekan omahe Sutahal Siti di kurung ing omah kono, lan ora di ajak menyang sekolah SGKP, cekake Sutahal kang nulungi Siti kandha terus terang yen arep ngrengkuh Siti dadi bojone.
-          Sutahal kelimpe lan di tilapake dening Siti pas ana ing toko Mardi Busana.
-          Siti ketemu karo Sutahal, banjur Siti mlayu, tekan njaba toko tangane Siti di cekel dening Sutahal banjur di gawa menyang umahe Sutahal.
-          Tekan omahe Sutahal, Siti di bopong menyang kamar. Sewengi Sutahal muring-muring marang Siti jarene di beciki kok ora ngerti. Siti kandha yen dheweke dudu Siti Respati maning nanging nyonya nusyirwan, ali-ali sing di paringi sibu kang di enggo ing driji manis kiwa di pamerake marang Sutahal. Sifat brangase Sutahal mbedhal, Siti di gujer tangane sing nganggo ali-ali di tekuk, banjur Siti ora eling seteruse.
-          Sutahal bingung arep mbuwang tugelan tangan ing ngendi banjur di lebokake ing kanthong kang di gawa dening Nusyirwan.
-          Sutahal jalan-jalan ana ing toko kanggo mastikake yen tagan tugel kang di lebokake kanthong kuwi apa dadi masalah apa ora, banjur weruh wong wadon kang mirip karo Siti lan dheweke kaget nganti nyekel tangan kiwane Erawati kang sajake pernah di tugel dening dheweke, rak yo kaget wong tangan kiwane Erawati isih wutuh, wong Sutahal ora ngreti yen ana wong loro kang sejen.
Sekuen 9 : Erawati tangane di cekel dening wong kanthi kasar.
-          Sutahal nyekel tangane Erawati kanthi kasar , terus di angkat, di angkat menyang ngarepe mripate.
-          Sutahal ngeculake tangane Erawati banjur mlayu jumangkah rerikatan oncat saka toko.
-          Sutahal  mlayu nyedaki pick-up’e, lagi wau nyekel lawang pick-up’e pundake di emek daning Handaka.
-          Sutahal noleh nbanjur ngipatake tangan kang ana ing pundake.
-          Nalika sikile Sutahal mancik trap ndadak di ganthol dening sikile Handaka, lan Sutahal tiba ing cedhake pick-up abang. Atine muring banget langsung tangi lan arep ngamuki sing nduwe sikil kuru.
-          Sutahal arep njotos Jarot nanging bisa di endhani, banjur Jarot nyemek pundake wong dhuwur.
-          Sutahal noleh lan nyoba njotos Jarot nanging ora kena, banjur balik di jotos dening jarot, di pindhoni lan di tambahi songkolan gegem di gandheng. Sutahal  tiba kelumah.
-          Sutahal sing wis kelumah di gledhahi dening Handaka.
-          Sutahal kang tiba kelumah iku kon di gotong di lebokake pick-up lan di gawa menyang Seksi III dening anak buahe Handaka.













10.   ANAK BUAHE HANDAKA
ü  Dari sekuen 6 mengakibatkan adanya sekuen 8.
Sekuen 6 : Jarot, Handaka, Erawati lan pulisi anak buahe Handaka kang nganggo klambi preman wis tekan toko Mardi Busana lan ketemu karo Nusyirwan.
-          Pulisi anak buahe Handaka, Jarot, Handaka lan Erawati kang nganggo klambi preman wis tekan toko Mardi Busana.
Sekuen 8 : Erawati lan Jarot balik maneh ing omahe Nusyirwan lan penyelidikan di lanjutaken maneh.
-          Handaka kandha marang anak buahe yen wong kang tiba kelumah iku kon di gotong di lebokake pick-up lan di gawa menyang Seksi III.



11.  ABDINE SUTAHAL
Namung ana ing sekuen 10.
Sekuen 10 : Handaka, Jarot Erawati lan Nusyirwan tekan alamat kang di tuju.
-          Abdine Sutahal buka lawang umahe Sutahal marga ana Handaka, Jarot, Erawati lan Nusyirwan kang mara umhae Sutahal.
-          Abdine Sutahal keweden barang Handaka nepungake yen dheweke kuwi pulisi.
-          Abdine Sutahal keweden ugi weruh Erawati kang di kira nyawane Siti Respati.
-          Abdine Sutahal di takoni lan di jaluki ketrangan dening Handaka.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar