URUTAN TEKSTUAL
Dari
Novel yang berjudul
EMPRIT ABUNTUT BEDHUG
Novel
Karya : Suparto Brata
Sekuen 1 :
Jarot
srempetan sepeda karo Erawati ing prapatan ngisor jam gedhe lan nemu kanthong
kang isine tangan tugel.
Kernel
1 : Jarot mancal sepedhahe sakwise nyetitake jam.
-
Sathelite 1 : Jarot tiba ambruk ndepani
dalan, lagi wae pandelengane uwal saka jam.
-
Sathelite 2 : Jarot atine muring lan
arep nandangi sing gawe cilaka.
-
Sathelite 3 : Jarot ora sida muring
sakwise ngreti yen sing srempetan karo dheweke kuwi wong wadon ayu nganggo
klambi kuning.
Kernel 2 : Jarot nemu kanthong kang tiba saka setang
sepedhahe wong wadon klambi kuning mau lan ngacungake kanthong marang wong
wadon mau.
Kernel 3 : Jarot bingung amarga wong wadon mau ora
ngakoni yen kanthonge dudu duweke malah trengginas mancal sepedhahe.
Kernel 4 : Jarot eggal ngadeg lan nyingkirake
sepedhdahe di gawa minggir marga akeh wong sing pada protes wiwit anggone suwe
ngalangi dalan.
-
Sathelite 1 : Jarot gumun dene wong
wadon mau ora ngakoni kanthong darbeke kang runtuh.
Kernel 5 : Jarot ngguyu pringisan sebab ana kancane
sing ngaran Apip aruh-aruh.
- Sathelite
1 : Jarot ngawe-awe tandha aweh salam marang kancane.
-
Sathelite 2 : Jarot tetep isin sebab
dudu Apip dhewe kang nyekseni ambruke sepedhahe ing papan rame mau.
Kernel
6 : jarot enggal nyengklak sepedhahe, pikire esih ruwet.
-
Sathelite 1: Jarot isih kidhung nyekeli
kanthong kang di temu kanthong dudu duweke. Lan dengkule isih krasa lara.
-
Sathelite 2 : Jarot pikirane umyeg dhewe
nalika nuntun sepedhahe.
Kernel
7 : Jarot mandeg, ngenteni menehi dalan marang wong-wong nyebrang.
-
Sathelite 1: Jarot rumangsa isih di
pandheng uwong. Dipandheng awit tiba mau lan di etutake lakune.
-
Sathelite 2 : dadi jengkel, kenapa wong
mau esih nyengenges dheweke,
-
Sathelite 3 : Jarot noleh lan mandeng
mencereng marang wong nom-noman kang sajake wiwit mau ngetutake dheweke.
-
Sathelite 4 : Jarot ethok-ethok ora
nggatekake, nanging ora tinggal kaprayitan.
-
Sathelite 6 : Jarot di etutake nganti
sawetara dohe, barang wis sawetara langka ora ana apa-apa, lan dalan wis rada
lodhang.
-
Sathelite 7 : Jarot tumoleh sajake wong
mau arep ngajak guneman, nanging weruh nyurenge polatane jarot wong mau banjur
nylamur, ethok-ethok ndedeleng sesawangan liya.
Kernel
8 : Jarot pirang-pirang dina iki pancen kudu nesu wae, embuh jalarane.
-
Sathelite 4 : Jarot bosen dhewe
ngulat-ulatake solahe wong brengas ing mburine mau.
-
Sathelite 5 : Jarot enggal nyingklak
sepedhahe amarga kelingan selak surup ora nggawa lampu, sebab dina wis surup
malem jum’at.
Sekuen
2 :
Jarot tekan omah, mbuka kanthong darbek kang di gawa
saka srempetan mau.
Kernal
1 : Jarot tekan omah nyelehake kanthong
mau ing meja, persis ing ngisore lampu kang saben dina di enggo sinau.
-
Sathelite 1 : Jarot banjur cucul sepatu,
cucul clana ganti sarung.
-
Sathelite 2 : Jarot mlebu dalem gedhe
terus menyang jeding, wisuh.
-
Sathelite 3 : Jarot nggamda menyan di
obong, malem jum’at, pripeyane isih ngugemi banget karo kepercayaan jawa.
-
Sathelite 4 : Jarot takon marang abdine
nanging abdine ora mangsuli.
-
Sathelite 5 : Jarot takon marang abdine
maning nanging wangsulane mau ora jumbuh karo pitakone Jarot, Jarot nganti rada
mangkel.
Kernel
2 : Jarot bali tekan kamare karo mikir “malam jumat kok umah suwung kamase kok
kepenak wae ninggal umah.
Kernel 3 : Jarot maca buku lan di
bukaki ana ing ngisor lampu karepe arep sinau.
-
Sathelite 1 : Jarot mikirake terus
kantong sing di temu mau kang ana ing ngarepe.
-
Sathelite 2 : Jarot saya adreng
kepengine barang kelingan ing omah ora ana wong.
-
Sathelite 3 : Jarot durung nduwe rancangan
arep di kapakake kanthong kuwi mau.
-
Sathelite 4 : Jarot kepikiran terus,
sanajan mripate tumuju marang buku wacan pasinaone, nanging gagasane ora bisa
manter marang buku, marga nyleweng mikir kanthong.
-
Sathelite 5 : Jarot suwe-suwe ora betah
uga tangane kemlawe nyandak kanthong iku maneh,
-
Sathelite 6 : Jarot cepetan ndhudhah
jerohane kanthong.
-
Sathelite 7 : Jarot nyekel kanthong lan
ngrayangi, jelas dudu mas-inten.
-
Sathelite 8 : Jarot njerit bareng ngerti
isine kathong mau tugelan epek-epek kang di buntel kacu.
-
Sathelite 9 : Jarot balangake buntelan
ing nduwur meja.
Kernel 4 : Jarot kedandapan mlayu menyang dalem gedhe,
-
Sathelite 1: Jarot mlayu menyang pawon
nggoleki abdine wadon.
-
Sathelite 3 : Jarot mlayu nyedaki
jedhing bareng ngerti abdine lagi adus.
-
Sathelite 4 : Jarot mbengoki abdine,
naging ora olih wangsulan.
Kernel 5 : Jarot kepeksa
dhelog-dhelog menang wae, ngenteni ambegane surut.
-
Sathelite 1 : Jarot wiwit obah bareng
wis sareh, golek banyu di ombe.
-
Sathelite 2 : Jarot nata napase lan nata
pikirane banjur kekendelane bali, nalare urip.
Kernel
6 : Jarot wani mlebu kamare maning lan nyawang tangan kang ana meja ing ngisor
lampu, di soroti lampu sinau.
-
Sathelite 1 : Jarot nyawang tangan mau
gluput getih, drijine dawa-dawa pucet, ing driji manise ana ali-aline, embane
lenggak-lenggok, sesocane berleyan pating clotor, sajake urip.
-
Sathelite 2 : Jarot mikir yen dheweke
kudu cepet-cepet lapur pulisi.
Kernel 7 : Jarot ngetog ngilangake rasa gigune,
mbungkus tangan mau bali kaya maune.
-
Sathelite 1 :Jarot enggal dandan, ngango
clana, sepaton, trus sret nyangking kanthong lan marani sepedhahe. Kuncine
cemantol ing tembok, ah ora nyepedhah wae kandhane.
-
Sathelite 2 : Jarot enggal metu umah
lanterus wae ngawe becak. Jarot ora ndedawa anggone nganyang.
-
Sathelite 3 : Jarot langsung nyengklak
becak.
-
Sathelite 4 : Jarot kelingan durung
pamit karo abdine wadon nalika becak wis mlaku sawetara adohe. Dene lampu kamar
mau uga lali ora dipateni. Lawang kamar isih ngeblak. Sepedhah sing biyasane
digawa uga tetap ing kamare.
-
Sathelite 5 : Jarot uga kelingan karo
arek ayu klambi kuning mau kang numpak sepedhah srempetan karo dheweke mau.
-
Sathelite 6 : Jarot nggreyeng ana becak
bab arek klambi kuning mau kang oraa gelem ngakoni yen kanthong kuwi mau tiba
saka setang sepedhahe.
Sekuen
3 :
Jarot menyang kantor pulisi saperlu lapor bab tangan
tugel kuwi mau.
Kernel
1 : ing kantor pulisi ana inspektur Indra kandha pirang-pirang marang dhayohe
sing arane Handaka yen dheweke lagi sbuk amarga akeh prakara kriminal sing kudu
dakberesake.
-
Sathelite 1 : Pak Indra takon marang
Handaka bab tujuane Handaka pinuju Surabaya apa ora di sambat pulisi.
-
Sathelite 2 : Handaka mangsule sajake
dheweke nyang Surabaya kuwi ya tilik kanca.
Kernel
2 : Jarot tekan kantor pulisi.
-
Sathelite 1 : Jarot di girid dening
pulisi piket di gawa ing ruang Inspekturan.
-
Sathelite 2 : Jarot di takoni dening
Inspektur Indra, apa sing arep di lapurake.
-
Sathelite 3 : Jarot nyeritaake apa sing
kedadian wiwit srempetan nganti dheweke tekan kantor pulisi
-
Sathelite 4 : Jarot di kira goroh dening
pak Indra.
-
Sathelite 5 : Jarot di takoni pak Indra
bab seksi-seksi kang weruh kedadian srempetan kuwi.
-
Sathelite 6 : Jarot malah di tuduh
ngarang crita dening pak Indra.
-
Sathelite 7 : Jarot di tepangake karo
Handaka, detektif kang arep nyelidiki kasuse Jarot.
Kernel
3 : Jarot di takoni dening Handaka bab wong kang nyekseni sempetan ing prapatan
mau.
-
Satheite 1 : Jarot kalingan wong nom
brengas kang ngetutake dheweke mau, nanging Jarot ora kenal lan mau uga
pencerengan mesthi wong mau ora kena di ajak kekancan,
-
Sathelite 2 : Jarot kelingan ana kancane
Apip kang aruh-aruh dheweke ing prapatan.
-
Sathelite 3 : Jarot di jak Handaka mara
omahe Apip.
Sekuen 4 :
Nekani
omahe Apip saperlu golet katrangan bab srempetan ing prapatan.
Kernel
1 : Jarot lan Handaka mara omahe Apip kancane Jarot kang meruhi kedadean
srempetane Jarot.
-
Sathelite 1 : Jarot lan Handaka tekan
ing omahe Apip.
-
Sathelite 2 : Jarot terus mlebu di iringi
detektif handaka, banjur Apip salaman, tepungan karo Handaka.
-
Sathelite 3 : Jarot kandha-kandha karo Apip
kancane sing wus suwe ora kandha-kandha, lan nyritakake yen dheweke butuh seksi
tibane srempetan karo arek ayu.
Kernel
2 : Handaka nakoni Apip, apa Apip tenanan meruhi Jarot pas srempetan karo arek
ayu klambi kuning.
Kernel
3 : Apip mangsuli kanthi jelas nanging bingung yen dheweke kon nyekseni bab
kanthong kang di temu Jarot.
Kernel
4 : Apip di takoni Handaka, apa Apip ora tepung karo wong-wong liyane maneh
sakupenge kang weruh kedadian srempetan kuwi.
Kernel 5 : Apip kandha yen apip
tepung karo arek ayu kang srempetan karo Jarot.
-
Sathelite 1 : Apip njelasake yen arek
ayu kuwi ratu luwes sing di nobatna dening Balai Pemuda biyen ika, kang ngaran
Erawati.
-
Sathelite 2 : Apip goleti koran kang ana
gambare Erawati banjur di tuduhake marang Handaka lan Jarot.
Kernel
6 : Handaka takon alamate Erawati kuwi mau ing ngendi.
-
Sathelite 1 : Handaka lan Jarot langsung
pamitan lan mara ing omahe Erawati.
Sekuen 5 :
Handaka
lan Jarot tekan ing omahe Erawati.
Kernel
1 : Handaka lan Jarot di kira tiyang surat kabar dening Erawati.
-
Sathelite 1 : Handaka lan Jarot
ngandhakake perlune menyang omahe, nyritakna kabeh kedadian, nanging Erawati
ora ngakoni yen kanthong iku duweke dheweke.
-
Sathelite 2 : Handaka nudhuhake tugelan
tangan marang Erawati, Erawati kaget banget.
-
Sathelite 3 : Handaka, Jarot lan Erawati
ngrencanakake arep lunga menyang toko wardi busana, arep goleki wong bagus kang
sore mau ngetutake Jarot lan jebule uga nggodani Erawati.
Sekuen
6
Jarot, Handaka, Erawati lan pulisi
anak buahe Handaka kang nganggo klambi preman wis tekan toko Mardi Busana lan
ketemu karo Nusyirwan.
Kernel 1 : Erawati ethok-ethok tuku
benang nanging dudu kuwi tujuane.
-
Sathelite 1 : Erawati ketemu karo wong
bagus kang di goleki.
-
Sathelite 2 : Erawati ngakuni ora kenal
karo wong bagus kang aran Nusyirwan.
Kernel
2 : Nusyirwan kandha arep mbuktekaken yen dheweke lan kaluwargane kenal karo
Erawati kuwi.
-
Sathelite 1 : Nusyirwan ngajak Handaka,
Jarot lan Erawati saperlu mbuktekane yen dheweke kenal karo Erawati.
-
Sathelite 2 : Nusyirwan nyeritakake yen
sedurunge dheweke kenal karo Erawati kang sebenere Siti Respati.
Sekuen 7 :
Tekan omahe Nusyirwan mbuktekake
yen kaluwargane uga kenal karo Erawati lan penyelidikan di wiwiti ing omahe
Nusyirwan dening Handaka.
Kernel
1 : Kaluwargane Nusyirwan yo tenanan kenal karo Erawati, nanging Erawati isih
tetep ora ngakoni yen dheweke ora kenal Nusyirwan lan kaluwargane.
-
Sathelite 1 : Nusyirwan ngira yen
Erawati kuwi ilang ingatan apa pancen ethok-ethok ora kenal.
Kernel
2 : Nusyirwan nyritakake marang Jarot lan Handaka, wiwit sepisanan ketemu karo
Erawati nganti Erawati di jak nginep omahe rong minggu.
-
Sathelite 1 : Nusyirwan uga crita yen
dheweke ngetutake Jarot sakwise Jarot tiba srempetan karo Erawati.
-
Sathelite 2 : Nusyirwan kandha yen
ali-ali kang di uduhake dening Handaka kuwi ali-aline sibu kang di paringaken
marang Erawati.
-
Sathelite 3 : Nusyirwan kaget barang
Handaka nuduhake isi kantong kuwi tangan tugel.
-
Sathelite 4 : Nusyirwan ngaku yen
dheweke ora ngrti kok kanthong kan di cantolna dheweke ing sepedhahe Erawati
kuwi isine tugelan tangan.
-
Sathelite 5 : Nusyirwan nyritakake
kedadian Erawati nginep ing omahe nganti Erawati ilang pas di ajak jalan-jalan
ing toko Mardi Busana.
Kernel
3 : Nusyirwan di kongkon Handaka mraktekake kebiasaan apa wae kang di lakoni
saksuwene Erawati nginep ing omahe. Nanging Erawati tetep ora kemutan.
Kernel
4 : Erawati lan Jarot di kongkon kon mulih ndisik istirahat banjur mengko
kumpul maneh.
Sekuen 8 :
Erawati
lan Jarot balik maneh ing omahe Nusyirwan lan penyelidikan di lanjutaken maneh.
Kernel
1 : Erawati di kon dandan, kaya sepisanan Nusyirwan ketemu karo dheweke sing
sebenere Siti Respati.
-
Sathelite 1 : Erawati karo Nusyirwan di
kongkon jalan-jalan menyang toko Mardi Busana.
-
Sathelite 2 : Erawati ora gelem malah
muring-muring marang Handaka.
Kernel
2 : tekan ing toko Erawati karo Nusyirwan di kongkong mlebu toko lan
jalan-jalan ing njero toko.
-
Sathelite 1 : wis sawetara suwene
Erawati lan Nusyirwan bosen banjur metu saka toko.
-
Sathelite 2 : Erawati lan Nusyirwan di
kongkon Handaka kon tetep ana ing njero toko.
Sekuen 9 :
Erawati
tangane di cekel dening wong kanthi kasar.
Kernel
1 : wis rada suwe, nalika Erawati lagi nggeret tangane Nusyirwan ndadak tangan
kiwane Erawati sing nyekel kanthong dicekel wong kanthi kasar , terus di
angkat, di angkat menyang ngarepe mripate wong mau, Eawati kaget setengah mati.
-
Sathelite 1 : Erawati tangane di eculake
dening wong mau, lan wong mau jumangkah rerikatan oncat saka toko.
Kernel
2 : wong dhuwur mau mlayu nyedaki pick-up’e, lagi wau nyekel lawang pick-up’e
pundake di emek daning Handaka.
-
Sathelite 1 : wong dhuwur mau noleh nbanjur ngipatake tangan
kang ana ing pundake.
-
Sathelite 2 : nanging nalika sikile
mancik trap ndadak di ganthol dening sikile Handaka, lan wong dhuwur mau tiba
ing cedhake pick-up abang. Atine muring banget langsung tangi lan arep ngamuki
sing nduwe sikil kuru.
-
Sathelite 3 : Handaka mbengoki Jarot kon ngewangi
dheweke.
-
Sathelite 4 : wong dhuwur mau arep njotos Jarot nanging
bisa di endhani, banjur Jarot nyemek pundake wong dhuwur.
-
Sathelite 5 : wong dhuwur mau noleh lan
nyoba njotos Jarot nanging ora kena, banjur balik di jotos dening Jarot, di
pindhoni lan di tambahi songkolan gegem di gandheng. Wong nduwe pick-up abang
iku tiba kelumah.
Kernel
3 : Handaka banjur nggledahi wong kelumah iki, ketemu dompete ana STNK adi
deleng aran lan alamat umahe.
-
Sathelite 1 : Handaka kandha marang anak
buahe yen wong kang tiba kelumah iku kon di gotong di lebokake pick-up lan di
gawa menyang Seksi III.
Kernel
4 : Handaka, Jarot, Erawati lan Nusyirwan banjur menyang alamat kang ana ing
STNK duweke wong dhuwur kuwi mau.
Sekuen 10 :
Handaka,
Jarot Erawati lan Nusyirwan tekan alamat kang di tuju.
Kernel
1 : Handaka langsung ndodog lawang omahe banjur sing mbuka kuwi abdine.
-
Sathelite 1 : barang Handaka kandha yen
dheweke pulisi lan kandha kekarepane, adbi kuwi mau keweden banget.
-
Sathelite 2 : Handaka langsung mara
menyang njero ndeloki saben kamar, ndadak ana kamar kang nomer loro ana wong
wadon turu kang gluput getih.
-
Sathelite 3 : Handaka kandha marang
Nusyirwan yen wong wadon kuwi mau wanita kang pernah nginep ing omahe rong
minggu lawase kang jenenge Siti Respati.
-
Sathelite 4 : banjur Siti Respati
enggal-enggal oleh pakurmaten.
-
Sathelite 5 : Handaka nakoni jenenge
abdine arep di jaluki katerangan.
Sekuen 11 :
Ing omahe Nusyirwan, Siti Respati
nyritakake kedadian bab lakone dhewe kang njalari nemu kasengsaran kaya ngono
iku.
Kernel
1 : Jarot lan Erawati saiki maradhayong menyang anggone Nusyirwan kanthi seneng
ati.
-
Sathelite 1 : Erawati mlebu ing pendhapa
ruang tamu, dheweke di papagake kembarane. Erawati ora kuwat lan ngekep
kembarane Siti Respati dene lambene di ecupake ing lambene Siti Respati.
-
Sathelite 2 : Erawati ora sadar yen ing
pojokan ana Handaka lan Inspektur Indra, sing jebulane ing kono wis akeh wong
ngenteni dheweke.
Kernel
2 : Siti Respati banjur nyritakake wiwit dheweke sapa, anake sapa, lan
nyritakake yen dheweke kuwi kembar.
-
Sathelite 1 : ing critane Siti Respati
cacak niyate arep goleki ratu luwes kang ana ing koran, sing jere kanca kantore
mirip jibleg karo dheweke. Siti lunga dhedhemitan ora ngomong sapa-sapa.
Nanging sawabe wong tuwa pancen ora kena kalimpekane, sajake wiwit numpak sepur
atine ora kepenek lan wetenge muneg-muneg , wusana mutah. Nalika lagi muntah
iku ana wong gedhe dhuwur liwat lan nulungi Siti, apa maning yen dheweke tepung
karo Erawati guru SGKP. Mula di pretikelale supaya Siti nginep ing omahe
ndisik.
-
Sathlite 2 : barang tekan omahe Sutahal
Siti di kurung ing omah kono, lan ora di ajak menyang sekolah SGKP, cekake
Sutahal kang nulungi Siti kandha terus terang yen arep ngrengkuh siti dadi
bojone.
-
Sathelite 3 : nalika kuwi Siti ngakali
ethok-ethok srimbit menyang toko sing rame, ing toko rame Sutahal di kelimpe
lan di tilapake, banjur aku metu saka toko lan aku ketemu karo Nusyirwan kang
aruh-aruh. Anggere oncat saka Sutahal, Siti nyuwun supaya sepedhah motore
enggal di playokake.
-
Sathelite 4 : banjur Siti di jak ing
omahe Nusyirwan lan nyritakake bab jenenge kang ngakune Erawati. Lan crita apa
wae kang di lakoni ana ing omahe Nusyirwan.
-
Sathelite 5 : Siti wani di jak
jalan-jalan ing toko Mardi Busana, ehh...malah Siti ketemu karo Sutahal, banjur
Siti mlayu, tekan njaba toko tangane Siti di cekel dening Sutahal banjur di
gawa menyang umahe Sutahal.
-
Sathelite 6 : tekan omahe Sutahal, Siti
di bopong menyang kamar. Sewengi Sutahal muring-muring marang Siti jarene di
beciki kok ora ngrti. Siti kandha yen dheweke dudu Siti Respati maning nanging
nyonya nusyirwan, ali-ali sing di paringi sibu kang di enggo ing driji manis
kiwa di pamerake marang Sutahal. Sifat brangase Sutahal mbedhal, Siti di gujer
tangane sing nganggo ali-ali di tekuk, banjur Siti ora eling seteruse.
Kernel
3 : Erawati crita bab lungane menyang semarang amarga di kejar-kejar wae dening
wartawan Arek Surabaya, nganti di kirimi layang menyang sekolahane mbarang, lha
jebul kang nulis layang kuwi mau Siti kang wedi sedulure ketemu karo Sutahal.
Kernel
4 : Handaka nyitakake bab kanthong kang maune di gawa Nusyirwan banjur di
cantholake ing sepedhahe Erawati kok bisa isi tangan tugel, jebule sedurunge di
cantholake ing sepedhahe Erawati, Sutahal kang bingung mbuwang tugelan tangan
kuwi banjur marang toko kang rame, weruh kanthong sing di gawa Nusyirwan banjur
tugelan tangan di lebokake marang kanthong kuwi.
-
Sathelite 1 : Handaka nerusake critake
bab Sutahal kang sedurunge kecekel jalan-jalan ana ing toko kanggo mastikake
yen tangan tugel kang di lebokake kanthong kuwi apa dadi masalah apa ora,
banjur weruh wong wadon kang mirip karo Siti lan dheweke kaget nganti nyekel
tangan kiwane Erawati kang sajake pernah di tugel dening dheweke, rak yo kaget
wong tangan kiwane Erawati isih wutuh, wong Sutahal ora ngreti yen ana wong
loro kang sejen.
-
Sathelite 2 : Handaka uga crita yen
dheweke wis curga yen ana wong loro kang sejen, siji Erawati lan sijine ya Siti
Respati kuwi.
-
Sathelite 3 : Handaka kandha yen Sutahal
ora ana ing toko lan meruhi Erawati kang tangane wutuh yo Erawati karo Nusyirwan
kudu mlebu metu ing toko terus wae nganti konangan yen ora konangan arep di
lanjutake nganti dina lajenge.
-
Sarhelite 4 : Nusyirwan takon kok Handaka
bisa ngreti yen wong wadon kang ana ing kamar umahe Sutahal kuwi Siti, Handaka
njelasake yen sedurunge handaka mlebu marang kamar rak yo ketemu kao abdine,
lan abdine kuwi mau nyebutake jeneng ndara Siti.
-
Sathelite 5 : Handaka terus njelasake
bab pisahe wong wadon loro kang kembar
kuwi pas sakwise nglairake anak kembar ing rumah sakit sibu sambat yen kakehen
momongan, lah ana tangen kamare pada nglairake nanging anake mati, banjur
kanthi dangan bayine salah siji di jupuk dening biyung kang anake kepaten mau.
-
Sathelite 6 : banjur Erawati ngudarasa
yen pancen wis lawas dheweke ngrasa yen ibu kang ana ing porbolinggo kang
ngopeni nganti gdhe kuwi dudu ibu kandunge.
-
Sathelite 7 : Siti uga crita yen sibu
ora pernah crita yen dheweke nduwe sedulur kembar, Siti ngreti saka eyange.
Nanging satemene eyang wis di ila-ila ibu ora oleh nyeritakake yen siti kuwi
nduwe sedulur kembar. Ibu ngila-ila ngono marga kuwatir mengko siti goleki
kembarane. Kemangka ibu wis ora ngreti babar pisan sing mupu Erawati kuwi ana
ngendi, babar pisan putus, kelangan obor.
Kernel
5 : sakwise rempugane di tutugake sinambi nyenyamikan, sinela guyon gayeng
banget.
-
Sathelite 1 : Erawati nglucu nganggo
basa madura awit wiwit cilik manggon ing porbolinggo.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar