Tembung
Entar
Tembung entar
tegese Tembung silihan utawa tembung kang duwe teges ora salumrahe utawa
saligune. Yen ning bahasa Indonesia asring kasebut “bahasa kiasan” .
Tuladhane:
·
Abang kupinge : nesu banget
·
Abang-abang lambe : ora temenanan
·
Baling
liring
: nglirik mripat
·
Bening
atine :
sumeh
·
Cancut taliwanda : tandang gawe
·
Cupet atine
: gampang nesu
·
Dadi
gawe
: ngrepotake
·
Gadho
ati
: gawe susah ati
·
Jembar kaweruhe : akeh ngelmune
·
Kuwat drajad :
cocok dadi pemimpin
·
Lara
ayu
: lara cacaren
·
Mata dhuwitan : srakah marang
dhuwit
·
Padhang dalane : mlebu surge
·
Udan tangis
: akeh
sing padha nangis
·
Mogel
ilate
: mangan sing sarwa enak
Tidak ada komentar:
Posting Komentar