Selasa, 14 Januari 2014

KPTBJ - Pengalaman Pribadi



Description: C:\Users\User\Downloads\Logo_Unnes.png








KETERAMPILAN PRODUKTIF TULIS BAHASA JAWA
PENGALAMAN PRIBADI

Di susun untuk memenuhi tugas mata kuliah Keterampilan Produktif Tulis Bahasa Jawa

Oleh  :

Nama                         :                      Lusiana
NIM                           :                      2611412001
Prodi/Semester          :                      Sastra Jawa/ II


JURUSAN BAHASA DAN SASTRA JAWA
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
2012/2013



STUDY TOUR MARANG KUTHA BALI
            Nalika aku sekolah SMA kelas loro, ana kegiyatan sinau tapi jalan-jalan sing biyasane di arani study tour. Kabeh murid kelas loro di wajibake melu kegiyatan kuwi. Kanggo melu kegiyatan kuwi saben murid kudu mbayar 650 ewu lan kudu di bayar lunas nganti tanggal kang wus di temtukake. Sakwise aku di kandhani pak guru wali kelasku pak Akrom bab study tour kuwi mau, tekan omah aku matur marang bapak yen sekolahan nganakake kegiyatan study tour kang kudu mbayar 650 ewu saben bocah nanging kena di cicil, bapak wis paham lan ngendika mbayare kuwi sesuk bapak arep nabung ndisik. Aku uga di kon nabung dening bapak.
            Wis telung sasi sakwise pak Akrom wara-wara babagan study tour, kanca-kancaku wis pada mbayar lunas, aku uga wis lunas soale wektu mbayare kuwi mung telung sasi. Mangkat marang bali wis kari ngetung dina, aku wis siap-siap barang kang kudu di gawa. Nalika sesuk esuk-esuk aku mangkat menyang bali wengine aku ora lali turu amarga aku wis mikiri mangkat menyang Kutha Bali nanging aku tetep kudu turu lan aku bisa turu.
            Dina wis esuk lan aku wis siap-siap arep mangkat. Dina sedurunge aku di kandhani pak Akrom yen bis rombongan ngenteni ing sekolahan. Aku mangkat menyang sekolahan di anter bapak. Tekane aku ing sekolahan kanca-kancaku wis akeh sing pada teka nanging bise isih tutupan lan ora kesusu mangkat soale wedi yen ana murid sing ketinggalan. Sakwise murid wis kumpul kabeh, murid ora langsung dikon numpak bis nanging di kumpulake ana ing lapangan lan di paringi wejangan dening bapak kepala sekolah.
Ora suwe sakwise bapak kepala sekolah rampung anggone ngaweh wejangan murid-murid langsung dikon natani gawanane ana ing bis kang wis de temtokake sedurunge lan langsung lungguh mawa nomer kursi jatahe. Kabeh murid wis ana ing panggonan lungguhe dhewe-dhewe banjur bise langsung mangkat. Aku manggon ana ing kursi paling mburi dhewe sing bisa si lungguhi wong lima. Aku sandingan karo kanca-kanca sak kelasku. Ing dalan sak bisku pada tetembangan lagu-lagu kawula muda jaman semana, aku ngrasa seneng banget bisa melu kegiyatan study tour bareng karo kanca-kanca. Aku kudu sabar amarga numpak tekan kutha Bali iku ora sedela nanging kurang luwihe 24 jam. Ing wayah-wayah tertemtu rombongan bis sekolahku mandeg ana masjid karo warung makan, wis genah tujuane yo shalat ing masjid lan maem ing warung makan.
            Saiki dina wis ganti, rombonganku wis arep tekan Kutha Bali nanging ing panggonan sing aku ora kenal aku lan kanca-kanca, pak guru, sak rombongan di kon  saka bis. Aku durung ngerti apa karepe, oo...jebule aku ana ing pelabuhan Merak lha iki sing kudu di lakoni ndisik sedurunge tekan panggonan kang di tuju. Iki sepisanan aku numpak prau kang bentuke gedhe, kapal fery jenenge. Wis mlaku kapale ee...jebul kaya ngene rasane numpak kapal Fery.
            Sakjam kepungkur aku lan rombongan wis tekan ana Kutha Bali lan nglanjutake perjalanan. Panggonan sepisan sing arep di tuju iku Tanah Lot. Ing kana aku bisa weruh paggonan sembayange wong Bali kana ana ning watu lan watune kuwi ana ing segara rada adoh saka panggonan aku ngadeg nyawang kuwi kabeh. Sakwise rampung nyawang-nyawang lan poto-poto ing Tanah Lot banjur perjalanan di lanjutake marang hotel anggonku nginep sebabe aku lan rombongan arep telung dina ana Kutha Bali. Dina sesuke aku lan rombongan ngunjungi pirang-pirang panggonan kang pemandanganne kuwi apik banget, kaya Palasangeh, pantai kutha, nonton tari barong, garuda wisnu kencana, pasar sokawati lan liya-liyane.
            Panggonan terakhir kang di kunjungi ing Kutha Bali iku pusat oleh-oleh Joger. Ing kana ana barang-barang sing akeh maceme kang bisa di tuku kanggo oleh-oleh kaluwarga utawa kanca sing ana ing omah. Aku ora tuku akeh-akeh sebabe regane larang-larang, aku mung tuku klambi karo sendal kanggo ak dhewe, lan pernak-pernik kanggo pajangan omah. Ing joger aku ora tuku kango kaluwargaku, sebabe wis tak tukukke oleh-oleh ing pasar sokawati. Wis rampung anggone tetukunan banjur rombonganku langsung nglanjutake perjalanan mulih. Ing perjalanan kaya biyasane bis mandeg ing masjid lan rumah makan, banjur nglanjutake perjalanan mulih. Ing perjalanan mulih suwasanane beda karo pas mangkat. Kabeh murid, guru pada sayah dadi ing bis mung turonan, ora tetembangan kaya mangkate.
            Ora krasa anggonku numpak wis suwe banget, lan ora suwe maneh teka sekolahan. Sakwise tekan sekolahan aku, kanca-kanca,lan pak guru pada mudun nyangking gawane dhewe-dhewe. Aku wis kesel banget rasane pengen cepet tekan omah lan mikir gawe karya ilmiah kanggo bukti yen ana Kutha Bali ora mung plesiran nanging sinau uga. Aku seneng banget wis bisa weruh endahe Kuta Bali lan bisa nduweni pengalaman kuwi. Mbesuk aku bisa crita marang anak putuku, aku wis tau jalan-jalan ing Kutha Bali.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar